Menyang kontèn

Beksan Yapong

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Tari Yapong)

Beksan Yapong ya iku sawjining wujud jogèd saka Jakarta kang diciptakake kanggo sawijining sawijining pertunjukan.[1] Jogèd iki dudu jogèd kekancan kaya déné jogèd laladan liyané, tuladhané jogèd Jaipong saka Jawa Barat. Nanging saikine jogèd iki minangka jogèd kekancan kanggo ngisi sawijining acara jumbuh karo panjalukan, jalaran jogèd iki akèh variasine.

Mula bukane

[besut | besut sumber]

Wiwitane, jogèd Yapong minangka acara tanggap warsa kutha Jakarta kaping 450 ing taun 1977. Nalika iku, Dinas Kebudayaan DKI nyiyapake sawijining acara pagelaran jogèd massal kanthi carita perjuangan Pangeran Jayakarta. Pagelaran kanthi wujud sendratari iki dipercayakake marang Bagong Kussudiarjo kanggo nganakake acara mau. Kanggo pagelaran mau, Bagong nganakake panaliten sapérangan wulan ngenani panguripan masarakat Betawi. Bagong nindakaké panaliten lumantar pabukon, filem, slide, lan uga observasi langsung marang masarakat Betawi. Pungkasane, pagelaran iki kasil dipentasake ing tanggal 20 lan 21 Juni 1977 ing Balai Sidang Senayan, Jakarta. Pementasan iki dieloni déning artis cacah 300 lan musikus.

Jogèd iki minangka jogèd kang dinamis lan eksotis amarga nyambut tekane Pangeran Jayakarta. Adegan iki sinebut Yapong lan ora ngandhut teges apa-apa. Istilah yapong saka lagu ingkang unine ya, ya, ya, ya kang dinyanyekake déning wiraswara lan iringan gendhing kang keprungu pong, pong, pong, saéngga dadi “ya-pong”.

Ngrembakane Seni Jogèd

[besut | besut sumber]

Sawisé pementasan sendratari mau, Pusat Latihan Jogèd (PLT) Bagong Kussudiarjo lan Dinas Kebudayaan DKI Jakarta ngowahi jogèd Yapong saka wujud sendratari lan ngembangaké dadi jogèd lepas.

Akulturasi Budaya

[besut | besut sumber]

Busana kang digunakaké penari Yapong minangka pengembangan saka busana jogèd Kembang Topeng Betawi. Mula wujud lan rupa paes kopyah lan uga slempang kang ana ing dhadha, kang sinebut toka-toka. Jogèd Yapong winarna déning jogèd rakyat Betawi, candhaké diolah kanthi dilebokake unsur-unsur jogèd pop, ing antarané ana unsur jogèd laladan Sumatera. Amarga budaya Betawi akèh didayani unsur-unsur budaya Tionghoa, mula ing jogèd Yapong uga ana unsur kesenian Tionghoa, tuladhané ing kaine para penari ana motif nagane kang wernane abang, ya iku warna kang idhentik karo budaya Tionghoa.

Piranti Pengiring

[besut | besut sumber]

Piranti musik kang digunakaké nalika nari minangka campuran antarané Betawi, Jawa Tengah, lan Jawa Barat. Sawisé jogèd iki dadi jogèd lepas, mula DKI Jakarta manfaatake sapérangan piranti musik tradhisional kaya déné rebana Biang, Rebana Hadroh, lan Rebana Ketimpring. Jogèd Yapong minangka kreasi anyar kang ngandhut unsur-unsur gerak tradhisional Betawi.

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Yapong Archived 2013-10-20 at the Wayback Machine., Diakses tanggal 7 November 2013.