Suréalisme

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Suréalisme ya iku obahan kabudayan sing muncul ing awal taun 1920an, lan kondhang amarga karya visualé lan tulisané. Panujuné ya iku "misahaké kahanan berlawanan ing pangimpèn lan kakékat". Seniman-seniman nglukis gambar-gambar éndah sing ora logis nanging kerjik, nggawé makluk-makluk sing aéng saka objek-objek padinan lan ngembangaké teknik nglukis sing ngejaraké kantaka bèn mahyakaké awaké dhéwé.[1]

Karya-karya Suréalis nduwé èlemèn sing nggumunaké, penjajaran sing ora kanyana-nyana lan non sequitur; nanging, akèh seniman-seniman lan penulis-penulis Suréalis sing nganggep karyané wirasa saka obahan filosofis sing paling utama, karo karya-karyané didadikaké artefak. Pemimpin kajeneng André Breton ngrèntèsaké yèn Suréalisme iku obahan sing révolusionèr.

Suréalisme akéh-akéhé thukul saka kagiyatané Dada salawasé Perang Donya I lan panggon sing paling gati saka obahan kuwi ya iku Paris. Awit 1920an, obahan iku nyebar kanthi global, suwé-suwé numusi seni rupa, sastra, filem, lan musik saka negara-negara lan basa-basa liya, uga pianggep lan praktèk politik, filsafat, lan teori sosial.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ ..., contributors Rachel Barnes (2001). The 20th-Century art book. (ed. Reprinted.). London: Phaidon Press. ISBN 0714835420.