Sungapan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Sungapan utawa éstuari ya iku angga tirta payo ing pasisir sing saparoné kinubengan dharatan. Angga tirta iki minangka sarananing ilèn kali menyang segara.[1]

Sungapan minangka laladan pangantara kubengan kali lan kubengan segara. Laladan iki kena pangaribawaning segara kaya ta—pasang, alun, lan arus banyu asin—sarta pangaribawaning kali—kaya ta ilèn banyu tawar lan waled. Lebuning ilèn banyu segara lan banyu tawar iki njalari dhuwuré tataran nutrièn ana ing kolom banyuné lan waledé. Mula, sungapan ingaran habitat alam produktif dhéwé ing donya.[2]

Akèh-akèhé sungapan sing ana saiki dumadi kala mangsa Holosèn. Kala samono, lebak-lebak sing kali-kaliné kagongsoran utawa kagerusan ès kena banjir lumantar munggahing tataran banyu segara udakara 10.000–12.000 taun kapungkur.[3] Sungapan racaké digolongaké adhedhasar ciri géomorpologiné utawa pola sirkulasi banyuné. Sungapan bisa akèh dasanamané, kaya ta lempongan, palabuhan, laguna, légokan, utawa segara anakan. Sanajan mangkono, sawenèh angga tirta iku ora mèmper pancasané sungapan sing kawedhar ing ndhuwur lan malah banyu asin blas.

Akèh-akèhé pasisiring sungapan minangka laladan-laladan kanthi cacah jiwa sing padhet, ya iku udakara 60% cacah jiwaning sadonya urip ing sadawaning sungapan lan pasisiré. Pituwasé, akèh sungapan kena dhegradasi lumantar pirang-pirang jalaran, kalebu pamenebing gongsoran lemah awit panggunduling alas, kaladuking panyenggut, lan pandon tetanèn sing ala; kaladuking pamancing; panggaringing lan pambanyuning jombor; étropikasi jalaran kaluwihan nutrièn asal saka jemberan lan regedan kéwan; polutan kalebu métal abot, bipénil poliklorinasi, radhionuklid lan hidrokarbon asal saka lebuning jemberan; lan pananggul utawa pambendung minangka pangendhali banjir utawa pangalih banyu.[3]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Pritchard, D. W. (1967). "What is an estuary: physical viewpoint". In Lauf, G. H. Estuaries. A.A.A.S. Publ. 83. Washington, DC. kk. 3–5. 
  2. ^ McLusky, D. S.; Elliott, M. (2004). The Estuarine Ecosystem: Ecology, Threats and Management. New York: Oxford University Press. ISBN 0-19-852508-7. 
  3. ^ a b Wolanski, E. (2007). Estuarine Ecohydrology. Amsterdam: Elsevier. ISBN 978-0-444-53066-0.