Suhadi Tukang Cukur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Suhadi tukang cukur)
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Suhadi Tukang Cukur (miyos 6 November 1940 ing Badas, Parè, Kediri, Jawa Wétan), ya iku salah sijiné pengarang Sastra Jawa Periodè Kemerdekaan. Jeneng asliné ya iku Suhadi, tukang cukur iku namung jeneng tambahan. Miturut dhèwèké, jeneng tambahan iku ngemot teges pilosofi yèn tukang cukur iku minangka pagawéyan sing makarya kanggo nggawè wong dadi apik, bagus, ayu, lan seneng. Dhèwèké nalikané dadi guru lan pengarang tansah remen nggawè karya kang ancasé bisa nggawè wong liya bungah lan isi karyané iku bisa dituladhani.[1]

Kulawarga lan Urip Pribadhi[besut | besut sumber]

Suhadi remen nggawè wong seneng. Dhèwèké nikah karo wanita sing jenengé Asmiasih ing taun 1959. Saka nikahé iku, dhèwèké duwè anak cacahé 4. Anak-anaké Suhadi kerja ing Kediri, Probolinggo lan Gunungkidul.

Suhadi iku pribadhi kang kuwat lan semangat pendhidhikané gedhe. Dhèwèké tansah ngupaya dadi guru ing ngarepé para siswa, abdi lan masyarakat. Dhèwèké bisa ngontrol awaké kanthi apik lan bisa menehi katuladhan ing endi waè. Sikap iki metu kanthi resmi nalika dhèwèké dipilih minangka dadi guru teladan nasional.

Wiyata lan Pagawéyan[besut | besut sumber]

Wiyata kang dilakokaké dening Suhadi ya iku SR ing Kediri kang lulus taun 1954, SGB ing Kediri kang lulus taun 1958, SGA lulus taun 1965. Nanging, sakdurunge dhèwèké mlebu SGA, dhèwèké diangkat dadi Guru SD ing Probolinggo. Sakrampunge ing SGA, dhèwèké tetep dadi guru ananging pindhah-pindhah panggon. Sing asale panggone ing Probolinggo banjur pindhah ing panggon pungkasan ya iku ing Kediri. Dhèwèké nganjutaké wiyatané ing IKIP Surabaya jurusan Administrasi Pendidikan kanti rampung ing taun 1973. Taun 1976, dhèwèké diangkat dadi Kepala SD. Wiwit taun 1986, dhèwèké dadi Pengawas TK/SD/SDLB Supervisor ing Kediri. Dhèwèké mlebu masa-masa pensiun ing umur 60 taun ing taun 2000. Dhèwèké iku wis ngabdi dadi pegawai negeri nganti 42 taun.

Dhèwèké wis tau dadi penyiar radio ing taun 1973. Pagawéyan iki dilakokaké amarga dhèwèké entuk rasa seneng ing bathin lan matéri. Pagawéyané kasebut ngawé dhèwèké ngrasakaké kahanan romantis amarga bisa mbangun kontak pribadi karo para sing ngrungukaké swara radio. Suhadi iku penganggit dwi basa utawa panganggit 2 basa ya iku basa Jawa lan Indonésia. Dhèwèké uga remen nabuh gamelan amarga ing sekolahé, dhèwèké iku ngajari tari. Dhèwèké duwe hobi dolanan catur, lan tau dadi hakim kompetisi catur tingkat nasional.

Profèsiné Suhadi iku minangka guru lan pengarang. Rong profesi iku duwè dhasar sing bèda. Nanging, dhèwèké duwè kawruh babagan pengarang sing adhedhasar profesi guru-pengarang. Tegesé ya iku kawruhé iku gegayutan karo kepiyè carané guru-pengarang kudu nulis karyané. Sakliyané iku, guru-pengarang ora bisa dipisahaké saka kauripan profesional guru. Guru kudu bisa ngajar lan menehi tuladha marang para siswa. Babagan guru resmi lan ora resmi ora bisa dipisahaké saka rong perkara kasebut. Iku wis dibuktikaké liwat karya-karyané sing wis ditulis. Mula, ing panulisan karya kudu cetha mupangaté lan bisa dituladhani.

Karya[besut | besut sumber]

Suhadi wis ngasilaké akèh karya. Minangka dadi panulis Jawa, dhèwèké duwe obsesi tartamtu karo wong Jawa. Dhèwèké ngarep-arep bilih basa Jawa tetep lestari sakterusé. Karya-karyané nyebar ing werna-werna jinis medhia massa, kaya ta Suara Indonesia, Surya, Suara Karya, Jawa Pos, Surabaya Post, Panjebar Semangat, Jaya Baya, Mekar Sari, lan Djaka Lodang. Tulisané iki kalebu bidhang basa, sastra, budaya, agama, filsafat, sejarah, pendhidhikan, ulah raga, kasarasan, lan masalah sosial liyané. Tuladha karya-karyané ya iku:

  • "Mengelola Sampah" (Buku Bacaan)
  • "Kartini adalah Penulis" (Jawa Pos, 1983)
  • "Turnamen Catur Nasional" (Suara Karya, 1984)
  • "Filsafat Kupat Lepet" (Suara Indonesia, 1985)
  • "Sosialisasi Pompa" (Surabaya Post, 1987)
  • "Pendidikan Lingkaran Setan" (Surya, 2000)
  • "Nir Wuk Tanpa Jalu" (Jaya Baya, No. 23-24, 1990)
  • "Wulanderma Ian Wulandermi" (Panjebar Semangat , No. 10-11, 1991)
  • "Ceplas-Ceplos Sastra: Penulis Guru (Panjebar Semangat, No. 21-22, 1991)[2]
  • "Jampi Mayamahadi " (Panjebar Semangat, No. 10-11, 1989)
  • " Emprit lan Sawa" (Jaya Baya, 1991)
  • "Nglacak Sejarah Bale Jawa Kuna" (Panjebar Semangat, 1990)
  • "Pasa Ian Upawasa" (Mekar Sari 1982)
  • "Geneya Wong Mari Dislameti" (Jaya Baya, 2000)
  • "Nintingi Cerkak 'Kadhung Diniyat', 'Jeglongan Itik Benik', 'Lukisané Bapak" (Panjebar Semangat, 2003)
  • "Rembug Bab Tembang Asmaradana: Gegarané Wong Akrami" (Panjebar Semangat, 2003)
  • "Tuwa Sepi Hawa" (Panjebar Semangat, 2002)
  • "Pekan Imunisasi Nasional" (Panjebar Semangat, 2004)
  • “Lantaran PS” (Panjebar Semangat, No.35/2 September 2006)[3]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Suwondo, Tirto; dkk (2006). Antologi Biografi Pengarang Sastra Jawa Modern. Yogyakarta: Adi Wacana. ISBN 979-99604-8-7.
  2. Cukur, ST. (1991). Ceplas-ceplos Sastra : Guru Pengarang (2) (No. 22-25 Mei 1991 ed.). Surabaya: Panjebar Semangat. pp. 27–28.
  3. Cukur, ST. (2006). Lantaran PS (No. 35/2006 ed.). Surabaya: Panjebar Semangat. pp. 23-24 45.