Slawatan Maulud Jawi
Slawatan Maulud Jawi menika salah satunggaling pujian marang Kanjeng Nabi Muhammad kang ngrembaka ing Dhusun Jejeran, Kalurahan Wanakrama, Kapanéwon Plèrèt, Kabupatèn Bantul, Daerah Istimèwa Ngayogyakarta. Maulid menika kacuplik saking tembung wulan Maulud kang dados wulan nalika Nabi Muhammad Miyos. Lan tembung Jawi menika tembung alus saking Jawa.
Sajarah
[besut | besut sumber]Slawatan Maulud Jawi menika diripta dening Kyai Soleh kang mapan ing Dhusun Jejeran, Dèsa Wanakrama, Kapanewon Plèrèt, Kabupatén Bantul, Daerah Istiméwa Ngayogyakarta. Nalika semanten Kyai Soleh menika dipun dawuhi dening Gurunipun, Kyai Nawawi (Ulama dhusun Jejeran) supados damel kagunan kang saget supados gampil menawi ajeng dakwah bab katresnan tumrap Nabi Muhammad SAW utawi Mahabarurrosul. Tujuanipun supados gampil menawi ngajaraken solat lan sholawat.[1]
Kyai Soleh menika miyos ing taun 1921. Panjenenganipun banjur didhawuhi gurunipun supados ngubah macapatan dados syair-syair Jawi migunakaken sholawat marang Nabi Muhammad SAW. Nalika taun 1947, Kyai Soleh menika dados juwara ura-ura Slawat Maulud Jawi saengga Slawat Maulud Jawi menika sampun karipta saderenge taun 1947.[2] Lomba utawi ura-ura menika diwontenaken nalika wanci subuh lan magrib. Dukungan kang kathah tumrap slawatan menika kerep diwontenaken dadosaken Slawatan Maulid Jawi menika ngrembaka ing Bantul lan Ngayogyakarta. Pondhok Pesantren lan masjid menika dados sabab slawatan menika ngrembaka ing Ngayogyakarta.
Salah satunggaling pagelaran Slawatan Maulud Jawi menika diwontenaken ing Dhususn Jejeran II, Wanakrama, Pleret, Bantul. Slawatan menika diwontenakain ing dinten Jemuwah, 6 Maret 2020 wanci jam 14.00. Papanipun menika wonten ing Pondhok Pesantren Miftahul Ulum 2 (Ngajengipun Pasareyan Kyai Jejer).[3]
Para panyarta menika wonten masyarakat Jejeran 1 lan 2 kang cacahipun kirang langkun 20 tiyang. Acara menika karawuhan dening Panewu Plèrèt Indriyanto S.IP, Babin Kamtibmas Plèrèt Bripka Gunawan, Dhukuh Jejeran 1 Mustamid, Dhukuh Jejeran 2 Nur Muhammad Darussalam, lan sesepuh masyarakat K.H. Jawis Masruri lan K.H. Zaimul Umam, uga warga masyarakat.
Acara menika diwontenaken kagem nguri-uri budaya Saka Guru Slawatan Maulud Jawi. Acara menika uga dados pengetan menawi Slawatan Maulid Jawi menika sampun dados warisan budhaya dede barang. Uga Pengetan ambal warsa Dhusun Jejeran lan haul Kyai Ageng Jejer kaping 403.[4]
Tata Cara
[besut | besut sumber]Kang dhukung pagelaran Slawatan Maulud Jawi menika anggota, syair utawi tembang saking Buku Tuntunan Sholawat Maulud Mudo Palupi lan piranti iringan slawat. Nalika pagelaran slawatan menika diwontenaken, para pemain menika lungguh jèjèr lan para pengiring tembang menika lungguh ing wingking utawi papan kang pun disediyakaken.[5] Kang khas ing kagunan menika para pemain mboten obah jogèt utawi keplok. Obah kang wonten ing slawatan menika namung niroaken obah nalika salat. Menika kados tujuanipun kang dados pawiyatan supados masyarakat salat.
Ing Slawatan Maulud Jawi wonten obahan kang aranipun Syrokal utawi Mahallul Qiyam inggih menika obah saking lungguh, jumeneng, jogèt sekedik ing tengen lan kiwa banjur ndongak minggah kados dene nyambut miyosipun Nabi Muhammad SAW kanthi slawat lan pujian banjur lungguh malih.[6]
Urutan pagelaranipun inggih menika:
- Pambuka (hadroh, maos Surat Al Fatihah marang Kanjeng Nabi Muhammad, sahabat, kaluwarga, lan putra wayahipun).
- Qiroatul Quran kang magepokan kaliyan miyosipun Nabi Muhammad.
- Slawat lan puji-pujian
- Tetembangan kang magepokan sajarah lan nyambut miyosipun Nabi Muhammad.
- Mahallul Qiyam (jumeneng) utawi syrokal
- Pitutir risalah Nabi Muhammad utaminipun kang magepokan kaliyan salat 5 wekdal lan Islam kang dados rahmat ing alam donya.
- Mauidhoh hasanah (sholawat maulud lan bedah syair utawi sak liyanipun), lan
- Panutup (tahlil utawi donga tumrap para leluhur). Donga menika dados mikul dhuwur mendhem jero (birrul waalidain).[7]
Pagelaran Slawatan Maulud Jawi menika nggadahi gambaran kang kathah nalika digelar. Diwiwiti donga pambuka kagem keslametan Kanjeng Nabi Muhammad SAW, putra, wayah, kaluwarga, lan para sahabat. Kalajengaken maos ayat Al Quran kang magepokan kaliyan miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Sabanjuripun menika slawatan lan pujian, utawi tembang kang tasih magepokan kaliyan miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Sabanjuripun pitutur bab salat lan agami Islam. Pagelaran menika dipungkasi donga kagem para leluhur.
Slawata Maulud Jawi menika dipagelaraken selapan (36 dinten) sepindhah. Menika gilir para anggota. Pagelaran kang lengkap menika diwontenaken setaun sepindhah rikala pengetan Maulud Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Pagelaran menika antawispun 6,5 dumugi 7 jam.[8] Menika benten kaliyan Slawat Jawi kang dados pratelan saking Slawatan Maulud Jawi kang namung setengah utawi setunggal jam pagelaranipun.
Slawatan Maulud Jawi menika gadhahi pawiyatan bab salat. Menika dados pangertosan menawi kagunan menika saget digunakaken kagem dakwah. Kagunan Slawatan Maulud Jawi menika ugi dados sarana pawiyatan masyarakat, sarana ibadah lan syariat Islam. Obah nalika slawatan maulud menika uga dados pawiyatan magepokan kaliyan salat.[9]
Kados kang sampun dipaparaken ing inggil menika, Slawatan Maulud Jawi dados kagunan kang saget digunakaken dados srana pawiyatan ajaran Islam. Selaras kaliyan kagunan kang tujuanipun kagem muji marang Gusti Allah lan uluk donga supados keslametan kagem Kanjeng Nabi Muhammad lan warga masyarakat. Slawatan menika uga dados pawiyatan magepokan kaliyan tata krama, budhi pakarti, ajak-ajak tumindhak kabecikan, lan ngakeni bilih manungsa menika ringkih.[10]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Sholawat Maulud Jawi". Warisan Budaya Takbenda. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-01. Dibukak ing 2023-03-01.
- ↑ "Sholawat Maulud Jawi". Warisan Budaya Takbenda. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-01. Dibukak ing 2023-03-01.
- ↑ "Maulid Sholawat Jawa Sebagai Pembuka Rangkaian Haul Kyai Ageng Jejer ke 403". Kalurahan Wonokromo, Kapanewon Pleret, Kabupaten Bantul, DI Yogyakarta. 2020-03-13. Dibukak ing 2023-03-01.
- ↑ "Maulid Sholawat Jawa Sebagai Pembuka Rangkaian Haul Kyai Ageng jejer ke 403". Kalurahan Wonokromo, Kapanewon Pleret, Kabupaten Bantul, DI Yogyakarta. 2020-03-13. Dibukak ing 2023-03-01.
- ↑ "Sholawat Maulud Jawi". Kikomunal. Dibukak ing 2023-03-01.
- ↑ "Sholawat Maulud Jawi". Warisan Budaya Takbenda. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-01. Dibukak ing 2023-03-01.
- ↑ "Sholawat Maulud Jawi". Warisan Budaya Takbenda. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-01. Dibukak ing 2023-03-01.
- ↑ "Sholawat Maulud Jawi". Kikomunal. Dibukak ing 2023-03-01.
- ↑ "Sholawat Maulud Jawi". Warisan Budaya Takbenda. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-01. Dibukak ing 2023-03-01.
- ↑ "Sholawat Maulud Jawi". Kikomunal. Dibukak ing 2023-03-01.