Serat Jayèngbaya
Serat Jayèngbaya iku buku pituduh / falsafah urip kang dianggit déning R. Ngabehi Ranggawarsita lan diterbitaké déning Balai Pustaka Jakarta, cithakan kapisan taun 1988 kanthi alih basa lan alih aksara déning L. Mardiwarsito. Buku iki dianggit déning R. Ngabehi Ranggawarsita wektu panjenengané isih umur antara 20 nganti 28 taun, ya iku nalika mengku kalungguhan carik Kadipaten Anom ing Kasunanan Surakarta, kanthi asma sebutan Mas Ngabèhi Sarataka.[1]
Buku serat kang dumadi saka 250 pada iki nyaritakaké tokoh Jayengbaya kang péngin nggolèki kabagjan urip kanthi cara nindakaké tugas kanthi apik, golèk kalungguhan dhuwur, lan kalungguhan kang kinurmatan. Sajeroning upayané iku, 47 cara kauripan wis dicoba, nanging ora ana siji-sijia kang cocog, amarga saben cara mau tansah ngadhut kakurangan-kakurangan lan ora ana siji-sijia kang sampurna. Pungkasané, Jayengbaya mutusaké bakal nekuni cara kauripané kang wis biyasa, amarga iku kang dianggep paling apik.
Cuplikan tembang
[besut | besut sumber]Asmaradana (pada 1):
- Kidung kadresaning kapti
- Yayah nglamong tanpa mangsa
- Hingan silarja jatine
- Satata samaptaptinya
- Raket rakiting ruksa
- Tahan tumaneming siku
- Karasuk sakeh kasrakat.
Tegesé
[besut | besut sumber]Lumrahé tembang mau bisa diterjemahaké ing ngisor iki:
- Iki tembang bab katabahan ati
- Kaya-kaya ngocèh tanpa kendhat
- Tanpa ngerti wates kasusilan lan kaslametan,
- Amarga saka iku kita kudu tansah waspada
- sajeroning ngadhepi hukum alam
- lan kuwat ngendhalèkaké émosi
- lan ngadhepi kasangsaran.
Rujukan
[besut | besut sumber]- Serat Jayengbaya, R. Ng. Ranggawarsita, alihbasa L. Mardiwarsito, Balai Pustaka Jakarta, 1988. ISBN 979-407-080-7
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |