Sawah surjan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sawah surjan yaiku sawah kang ana ing Kabupaten Kulon Praga, Daérah Istiméwa Ngayogyakarta. Sawah iki digawè masyarakat Kulon Praga kanggo adaptasi kahanan lemah kang serapane èlèk. sawah iki digawe rong pèrangan, yaiku salah siji kanggo nanem pari lan palawija liyane.

Sajarah[besut | besut sumber]

Sawah surjan dijukuk saka tembung surjan iki didasarake saka bentuk sawah kang garis-garis kaya déné busana kang diagem wong Jawa jaman dhisik yaiku surjan.[1] Garis-garis iki kabentuk saka jalur dhuwur lan cendhèk. Jalur dhuwur utawa guludan kang garing kabentuk saka tanduran palawija, lan jalur cendhèk kabentuk saka tanduran pari.

Kahanan lemah ana ing Kulon Praga iki luwih akèh wedhine tinimbang lemah. Jinis lemah iki menawi mangsa ketiga cepet garing. Banyu kang ana ing lemah cepet merembes lumebu ing lemah. Ing mangsa rendheng amarga lemah kang tipis banyu gampang lubèr. Banyu kang ana ing kali utawa saka udan ora ngrembes ing lemah. Amarga kahanan iki, menawi mangsa ketiga petani ora nandhur pari lan ing mangsa rendheng sawah dadi rawa amarga banyu saka kali lan udan.

Sawah surjan sadurungè diarani sawah marèng dening masyarakat Kalurahan Bojong, Kapanewon Panjatan, Kabupaten Kulon Praga. Tembung marèng dicuplik saka ungsum antarane rendheng lan kètiga. Masyarakat Kulon Praga umume nyebut sawah surjan, nanging saben Kapanewon sawah iki ana sajarah lan tèmbung kan bedha siji lan liyané. Ing kalurahan Bojong sawah iki kabentuk saka taun 1950, nanging tata cara tandhur iki wus luwih suwè saka taun iku.[2]

Sadurunge taun 1950, sawah tadah udan ing Bojong namung tanduri setaun sepisan, yaiku ing mangsa rendheng. Ing mangsa marèng, sawah ditanduri tanduran musiman liyanè. Ing mangsa marèng uga ana sawah kang ora ditanduri pari amarga kakèan banyu, nanging mung bisa ditanduri tanduran sak liyanè pari. Ing mangsa ketiga sawah ora bisa ditanduri kejaba mung tèla kang gampang thukul. Tata cara nanem sawah surjan iki isih dilakoni dèning masyarakat Kulon Praga puluhan taun lawase. Kapanewon kang migunakake cara sawah surjan yaiku Kokap, Hargorejo, lan kapanewon liyanè ing Kabupatèn Kulon Praga.

Tata Cara Nanem Sawah Surjan[besut | besut sumber]

Cara ngolah sawah iso dipérang dadi loro, yaiku ledokan lan guludan. Ledokan dadi sawah lan guludan dadi tegalan. Cara nanem iki ditrapke supaya gampang nalika ngatur banyu.[3]

Cara nanem sawah surjan yaiku ing bagéan ledokan ditanduri pari lan ing bagéan guludan ditanduri palawija. Palawija kang ditandur isa manéka warna gumantung musim lan jinis lemah. Cara iki isa dadi dalan menawa kahanan gagal panèn. Contoné menawa pari gagal panèn, petani isa panèn tanduran palawija kaya jagung, téla, buah, utawa tanduran liyanè.

Cara nanem sawah surjan menèhi para petani kasil pann kang luwih akèh tinimbang cara nanem biasa. Tani pari ing sawah dadi sumber utama ing Kulon Praga. Kulan Praga uga dadi wilayah kang ngasilké pari paling gedhè ing Daerah Istimewa Ngayogyakarta. Jinis sawah tadah udan kurang isa mènèhi kasil nalika mangsa udan.

Bentuk lan ukuran sawah surjan iki bèda-bèda gumantung saka kahanan lemah. Ukuran jembar guludan iki 3-5 mèter lan dhuwure 0,5-0,6 meter lan ledokan ukuran 15 meter. Saben héktar isa digawe 6-10 guludan lan 5-9 ledokan. Bagean guludan menawa ditanduri wit-witan utawa tanduran kang atos arah jalur digawe ngetan-ngulon supaya tanduran entuk cahya srengéngé. Sawentara iku ing ledokan digawè kemalir kang jeroné 20 cm kanggo jalur cacing kang jarake 6-9 meter.

Manfaat Sawah Surjan[besut | besut sumber]

Cara nanem kang maneka warna ing sawah surjan iki akeh manfaatè. Cara nanem kang arane polikultur utawa nandur taneman luwih seka siji tanduran iki ménéhi pirang-pirang manfaat kanggo petani. Salah sijiné yaiku isa nandur maneka warna tanduran ing sawah.

Manfaat liyané yaiku nyuda cacah wereng lan penyakit tanduran ing sawah. Kèwan kang mangan wereng isa luwih maneka warna tinimbang tanduran tunggal amarga kèwan-kèwan kang mangan wereng iki cedhak sumber pangan lan nduwè papan kanggo urip. Èkosistem kang luwih maneka warna biasane nduweni ranté pangan kang luwih dawa lan ruwet kang isa ngatur èkosistem ing sawah surjan. Èkosistem ana ing sawah surjan luwih tahan ngadepi kepindhing tinimbang sawah biasa.[4] Kahanan iki amarga anané guludan kang akeh banyu lan tegalan kang garing saéngga kepindhing angel urip.

Kahanan mangsa kang gampang brubah kaya saiki dadi alangan kanggo petani menawa tandhur. Sawah surjan luwih kiyat ngadepi mangsa kang ora isa dibedhèk kaya kahanan saiki. Kahanan iki amarga petani siyap ngadhepi kahanan mangsa lan alam kang ora bisa dibedhèk wiwit saka dhisik ketimbang petani sawah biasa.[5]

Sawah surjan ndhuweni makna yén urip kudu seimbang lan selaras antarané alam lan menungso. Bentuk larik utawa garis kang bentuk surjan menehi tuladha yèn kudu sabar lan telatèn nalika urip ing masyarakat. Kahanan alam kang ora jodho marang tani isa di imbang amarga migunakake cara tandhur sawah surjan.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Program (2021-11-22). "Sawah Surjan". DPKP DIY. Dibukak ing 2023-02-09.
  2. Ditwtb (2019-09-17). "Sawah Surjan". Indonesiana Platform Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-09. Dibukak ing 2023-02-09.
  3. Pramadani; Darumurti; Sudarajat, Sarah; Filipus Dimas (2022). "Kearifan Lokal Sawah Surjan di Kulon Progo Sebagai Upaya Ketahan Pangan". Jurnal Teori dan Praksis Pembelajaran IPS. 7(1): 5.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  4. Admindipertahut. "Kearifan Lokal Budidaya Tanaman di Sawah Surjan". Dinas Pertanian dan Pangan Kabupaten Kulon Progo. Dibukak ing 2023-02-09.
  5. Susilawati, Nursyamsi, Ani, Dedi (2014). "Sistem Surjan: Kearifan Lokal Petani Lahan Pasang Surut dalam Mengantisipasi Perubahan Iklim" (PDF). Jurnal Sumberdaya Lahan. 8(1): 35–36.