Sangkané kauripan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

ASAL USULÉ AGESANG[besut | besut sumber]

Miturut A.I. Oparin, asal - usulé agesang kadadosan saka reaksi kimia antarané banyu, metana, amonia kanthi sumber ènèrgi dadi molekul organik prasaja lan ngrembaka dadi senyawa sing padha makluk urip. Asaling agesang punika kadadéan an ing njèro laut.

Téyori Téyori Liyané[besut | besut sumber]

  • Herold Urey

Harold Urey uga duwé pamanggih yèn gas - gas métana, amonia, hidrogén lan uwab banyu kaéwangi déning cahya kosmis, ilining listrik halilintar kang mapan ana ing atmosfir bakal nyawiji dadi zat agesang kang prasaja, kanthi yutan taun bakal ngrembaka dadi organisme kang kompleks. Téyori Urey kabuktèkaké déning Stainléy Miller kanthi pirantiné. Sawisé seminggu ketemokaké yèn zat organik kang arupa amino.Asam amino minangka substansi dhasar agesang. Sydnéy W. Fox nglakokaké pracoban manasi 18 - 20 asam amino asilé arupa protèin. Melvin Calvin njlèntrèhaken radiasi sinar bisa ngubah metana, amonia, lan hidrogen, banyu dadi molekul gula lan asam amino.

  • Téyori Generatio Spontanea/Abiiogenesis kajlentrehake déning Aristoteles. Téyori Abiogenesis dianyari déning F.Redi, L. Spallanzani lan L. Pasteur mula muncul téyori Biogenesis kanthi slogan: " omne vivum ex ovo", utawa agesang asalé saka endhog.
  • Téyori Kosmos

Téyori kosmos njlèntrèhaké manawa agesang asalé saka spora - spora gesang, dijlentrehaké déning Arrhenius (1911). Téyori Evolusi Biologi, diwiwiti saka dumadiné sèl wiwit sing arupa makluk sing duwé sèl. Wujud wiwit saka sèl tanduran ya iku ilangé flagel lan ngrembakané kloroplas. Wujud wiwit saka sèl kéwan ya iku ngrembakané flagel sing makili Protozoa. Radiasi kaping pindho, blastea ngrembaka dadi 2 lapisan lan ngrembakané kéwan dipoblastik. Radiasi kaping telu, ngrembakané kéwan tripoblastik sing diklompokaké dadi 4, Enterocoelomata, Acoelomata, Schizomata, lan Pseudocoelomata.

  • Téyori Evolusi Kelompok Modern

Evolusi invèrtebrata diwiwiti saka nenek moyang sing arupa Protista sing urip ing segara. Evolusi vèrtebrata bisa dirunut saka evolusi invèrtebrata, nenek moyang arupa Echinodermata. Vertebrata modhèren kasusun saka 17 ya iku: Agnata, Chondrichtyes, Osteichthyes, Amfibia, Reptilia, Aves, lan Mamalia.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Buku Penuntun Biologi untuk SMU kelas 3, Erlangga, kaca 151. Asal-usul Kehidupan