Sajarah bathik ing Jawa Tengah
Sajarah bathik ing Jawa Tengah yaiku awit anané bathik ing Jawa Tengah. Kesenian bathik ing Indonésia wis dikenal awit jaman kerajaan Majapahit lan terus ngembang ngasèk kerajaan lan raja-raja sakwisé. Kesenian bathik dadi duwèké rakyat mliginé suku Jawa awit saka rampungé abad ke-XVIII. Iki bisa didelok saka bentuk rèlièf kang ana ing candhi-candhi kaya ta Chandi Borobudur lan Chandi Prambanan kang nduwéni prasasti kang padha karo corak bathik.Bathik ing Jawa Tengah iku asalé saka lingkungan keraton Surakarta lan anané prastawa politik prajanjèn Giyanti 13 Fèbruari 1755. Sabanjurè bathik ngembang terus ing jaba keraton lan saiki wis ngembang pesat. Tetengeré bathik khas Jawa Tengah, yaiku ana ing motifé kang dijupuk saka kabudayan Jawa, kaya ta kabudayan/kerajaan Hindhu utawa Islam lan kabudayan negara liané, yaiku negara China, Belanda, Arab, India, Jepang lan sapanunggalané kang maknanè filosofis lan nduweni aji seni.
Seni bathik mauné isih angél digoléki ing lingkungan Keraton Solo lan hasilé digawé klambi raja, kulawargané lan pendhèrèké. Mula pendhèrèké raja akèh sing urip ing jaba keraton, lan kesenian bathik digawa metu keraton lan sabanjuré mandheg perang Diponegoro nyebar ing daèrah pesisir, kaya ta Rembang, Semarang, Batang, Pekalongan, Tegal, Sragén, Klatén, Purworejo, Kebumén, Banyumas, lan Brebes.[1]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Wahyuningsih, Dyah (2014). Sejarah Batik Jawa Tengah. Jawa Tengah: Badan Arsip dan Perpustakaan Provinsi Jawa Tengah tahun 2014. kc. 10.