Menyang kontèn

Puasa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Iftar pas sasi Poso

Poso iku salah sawijining amal ibadah kang ora mung ditindakake déning umat saiki, nanging uga wis dilakoni déning umat-umat ing jaman biyèn (Wahid 2019). Poso iku kaya “charger” kanggo nambah lan ngisi baterei keimanan sing bisa wae ngalami kelemahan (Nizar 2024). Kanggo wong sing iman, ibadah poso dadi salah siji sarana wigati kanggo nggayuh takwa, lan uga dadi sebab kanggo oleh pangapura saka dosa-dosa, dilipatgandhakake pahala kabecikan, sarta diangkat drajate. Allah wis ndadekake ibadah poso dadi ibadah kang khusus kanggo Panjenengane ing antarané amal-amal ibadah liyane. Poso uga kagungan fungsi minangka beteng kang kukuh kanggo njaga manungsa saka godha lan rayuan setan. Kanthi poso, syahwat kang manggon ing njero ati manungsa bakal bisa dikendhaleni, saéngga manungsa ora maneh dadi kawula napsu, nanging bisa dadi pangendhali tumrap hawa nepsune dhewe.[1]

Ibadah puasa ing jerone agama islam iku termasuk rukune islam ingkang dilako'ake kanggo wong islam. Ingkang dijenengi puasa inggih puniko nahan mangan lan minum awit saking metune fajar dugi surupe srengenge. Ibadah puasa dilako'ake teng wulan Romadhon awit awal wulan dumugi akhir wulan. Sarat-sarate nglakoni puasa inggih puniko islam,ndueni akal,lan baligh. Ugi ingkang mbatalaken puasa inggih meniko mlebuake sewiji-wiji marang dalan loro (qubul lan dubur) ,mutah disengaja, jimak,lan murtad.[1]

Allah marentahaké poso mesthi ana sebabé. Awit kabèh sing diciptakaké ora ana sing sia-sia, lan saben dhawuhé mesthi kanggo kabecikan para kawulané. Menawa kita nliti luwih jero, ibadah poso nduwèni paédah kang gedhé banget, amarga poso ora mung migunani saka segi rohani, nanging uga saka segi jasmani utawa lahiriah. Sapa waé sing nglakoni kanthi ikhlas lan manut marang paugeran sing wis ditemtokaké, mesthi bakal diparingi ganjaran kang agung déning Allah.

Referensi

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 Harpetinah; Hakim, Lukman Nul; Kholifah, Umi Nur (2023-12-16). "Puasa Dalam Al-Quran (Kajian Teks dan Konteks Serta Implikasi Etikanya)". Jurnal Kajian Islam Interdisipliner (ing basa Inggris). 8 (2): 161–180. doi:10.14421/jkii.v8i2.1357. ISSN 2775-8281.