Prastawa 3 Juli 1946

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Prastawa 3 Juli 1946 iku salah sawijine prastawa kudeta kang dilakokake dening para oposisi pamarentah Republik Indonesia. Kudeta iki kasebut dadi kudeta pisanan ing sejarah Republik Indonesia.

Asal-usule[besut | besut sumber]

Ing jaman revolusi, ana rong panemu kang beda kanggo ngurebi kamardikan. Panemu pisanan, Indonesia kudu mardika sawutuhe nganggo cara perang. Panemu kapindo, Indonesia ora prelu perang, ananging cekap nganggo diplomasi utawa rembugan. Pamarentah Republik utawa eksekutip milih cara rembugan amarga luwih murah lan ora marakake rakyat rekasa. Ananging uga akeh kang duwe panemu beda. Wong-wong iki banjur dari oposisi, kaya ta Sudirman, Tan Malaka, Achmad Soebardjo, Yamin, Adam Malik lan sapanunggale.

Ing Januari 1946, Tan Malaka lan liyane gawe organisasi perjuangan arane Persatuan Perjuangan, yaiku kumpulane para oposisi. Ing 5 Maret 1946, ibu kota pindah Yogyakarta. Para oposisi banjur ndadekake Surakarta dari markas oposisi. Para oposisi pada gawe kisruh, kaya ta nyulik pejabat. Tan Malaka duwe panemu Indonesia bakal rusak yen nganggo diplomasi. Syahrir kinarya perdana menteri diincim karo Persatuan Perjuangan.

Syahrir lan Amir banjur narik pengikute saka Persatuan Perjuangan. Ing Malang, nalika Persatuan Perjuangan nganaake kongres, para pimpinane ditahan karo Pesindo (laskare Amir) lan pulisi militer. Tan Malaka ditahan rong tahun, nyambi nunggu diadili. Sanajan Tan Malaka ditahan, Persatuan Perjuangan ora mandeg.

Plot[besut | besut sumber]

27 Juni 1946, nalika ing Solo, sawise balik saka Jawa Wetan, Syahrir diculik karo tentara ing Solo. Oposisi ngarep panyulikan iki bakal gawe Sukarno, Sudirman, lan pimpinan liyane milih dalan konfrontasi utawa perang. Nanging, malah sewalike, Sukarno ngetokake hukum perang lan njaluk Syahrir dibebaske. Sudirman tumindhak beda, deweke ora sarujuk menawa Syahrir dibebaske. 30 Juni 1946, Sukarno pidato ing radio, ngandakake menawa konflik iki mbebayani golong-gilige negara.Oposisi kaget, banjur mbebaske Syahrir.

Pamarentah banjur balik nahan para pimpinan oposisi. Yamin dibalekake, ananging Malik lan 13 pimpinan liyane isih ditahan. Saiki tentara gantian njaluk oposisi dibebaske. 3 Juli 1946, tentara mbebaske oposisi lan ngirim delegasi marang Sukarno supaya mbubarke kabinet lan masrahake masalah keamanan karo Sudirman.

Delegasi iki lan sekitar 100 liyane ditahan dening pihak sing pro pamarentah. Pamarentah nyalahake Tan Malaka amarga lelakokon iki. Sukarno dadi wong kang bisa nyelametke pamarentah.

Rujukan[besut | besut sumber]

Ricklefs, M. C. (Merle Calvin) (2001). A history of modern Indonesia since c.1200 (ed. 3rd ed). Basingstoke: Palgrave. ISBN 0333800990. OCLC 46847240. hlm.271-274