Prajanjèn Internasional

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Perjanjèn Internasional, pangertosan perjanjèn internasional kuwi manéka warna kaya hukum, poltik, lan ilmu ilmu sosial liyané.

Tegesé Perjanjèn Internasional[sunting | sunting sumber]

  • Miturut Prof Dr. Mochtar Kusumaatmadja, S.H., L.L.M.

Perjanjèn internasional yaiku perjanjèn sing diadani antarbangsa sing duwé ancas kanggo nyiptaké akibat - akibat hukum tartamtu.

  • Oppenheimer-Lauterpacht

Perjanjèn internasional yaiku salah sawijining paserujukan antarnegara sing nuwuhaké hak lan kewajiban ing antarané pihak - pihak sing nganakaké.

  • G. Schwarzenberger

Perjanjèn internasional yaiku salah sawijining paserujukan antarané subjek - subjek hukum internasional sing nuwuhaké kewajiban - kewajiban sing nalèni ing sajroné hukum inernasional. Perjanjèn internasional isa arupa bilateral lan multirateral. Subjek - subjek hukumé yaiku kajaba lembaga - lembaga internasional, uga negara - negara.

  • Konferensi Wina taun 1969

Perjanjèn internasional yaiku perjanjèn kang diadani dening 2 negara utawa luwih, kang ancasé kanggo nganakaké akibat - akibat hukum tartamtu. [1]

Jinisé Perjanjèn Internasional[sunting | sunting sumber]

1. Perjanjèn Bilateral

Perjanjèn iki sipate mligi treaty contract mung ngatur urusan 2 negara. Mula perjanjèn bilateral sipaté uga katutup, tegesé katutup kanggo negara liya kang bisa mèlu urusan negar kaloro.

Tuladhané :

  • Perjanjèn antarané Républik Indonésia karo Cina ing taun 1955 ngéngingi ngrampungké dwikewarganegaraan.
  • Perjanjèn antarané Indonesia karo Muangthai ngéngingi "Garis Wates Laut Andaman" ing sisih lor Selat Malaka ing taun 1971.
  • Perjanjèn "ekstradisi" antarané Républik Indonésia lan Malaysia ing taun 1974.
  • Perjanjèn antarané Républik Indonésia lan Australia ngéngingi pertahanan lan keamanan wilayah negara kaloro ing tanggal 16 Désèmber 1995.[2]


2.Perjanjèn Multirateral

Perjanjèn iki asring disebut law making treaties amarga biasané ngatur perkara-perkara sing nyangkut kepentingan umum lan asipat kabuka. Perjanjèn multirateral ora mung ngatur kepentingan negara - negara sing nganakaké, uga kepentingan negara liya sing mélu (ora peserta)ing sajroné perjanjèn multirateral kasebut.[3]


Tuladhané:

  • Konvensi Jenewa, taun 1949 ngengingi "Perlindungan Korban Perang"
  • Konvensi Wina, taun 1961 ngengingi "Hubungan Diplomatik"
  • Konvensi Hukum Laut Internasional taun 1982 ngengingi "Laut Teritorial, Zona Bersebelahan, Zona Ekonomi Eksklusif, lan Landas Benua".

Batalé Perjanjèn Internasional[sunting | sunting sumber]

  • Ana sing nglanggar.
  • Ana sing ora jujur.
  • Ana pihak sing dirugèkaké.
  • Ana sing ngancam saka pihak sijiné.[4]

Entèké Perjanjèn Internasional[sunting | sunting sumber]

  • Ilangé salah sijiné pihak.
  • Entèké wanciné perjanèn.
  • Salah sawijiné pihak péngèn ngebari lan disarujuki dening pihak kaloro.
  • Anané ancaman lan dirugékaké dening pihak sijiné.[4]


Cathetan Sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Budiyanto, Pendidikan Kewarganegaraan untuk SMA Kelas XI, 2007, Erlangga, kaca 105. Perjanjian Internasional
  2. ^ Budiyanto, Pendidikan Kewarganegaraan untuk SMA Kelas XI, 2007, Erlangga, kaca 105. Perjanjian Internasional
  3. ^ Budiyanto, Pendidikan Kewarganegaraan untuk SMA Kelas XI, 2007, Erlangga, kaca 105. Perjanjian Internasional
  4. ^ a b (id)Internasional.htm(dipunundhuh tanggal 04 November 2012)