Pasinaonan Unggah-Ungguh Basa
Undha-usuk basa utawa uga bisa diarani unggah-ungguh basa, yaiku ragam basa utawa maneka warna basa sing duweni rubedan saka basa siji lan basa liyane. Biasane rubedan iku ditemtokake saka rubedan sikap sopan santun saka wong kasebut marang wong sing dijak ngomong uga saka bab apa kang diomongake. Ing basa Jawa, ngomong marang wong tuwa beda karo ngomong marang bocah cilik utawa seumuran. Lha tembung-tembung sing diucapake mau sing diarani unggah-ungguh. [1] Unggah-ungguh basa uga diarani pranataning basa manut lungguhing tata krama. Sawetara iku, tata krama yaiku samubarang kang ana sambung rapete karo wong kang lagi ngomong supaya runtut. Dadi dudutane, unggah-ungguh basa yaiku tata krama utawa kpriye carane manungsa cecaturan marang wong liya.
Jenise Undha-Usuk Basa
[besut | besut sumber]Mirid unggah-ungguhe basa Jawa iku kena dibedak-bedakne kayata: (1) ngoko, (2) madya, (3) krama, (4) krama inggil, (5) kedhaton, (6) krama-desa, lan (7) kasar. [2] Yen dideleng, basa-basa iku mau katon akeh lan luwih rinci. Umpamae basa kedhaton sing umume mung digunakake dening wong-wong sing omahe sisih kiwo tengene keratin, basa kasar sing umume digunakake nalika ana wong tukaran, basa Krama-Desa sing umume khusus digunakake dening wong-wong ing desa tartamtu lan ancase gawe basa kasebut merga kanggo salah sawijining wangun wong desa sing kurang mahami kepriye basa aluse wong kutha, lan sapanunggalane. Nanging merga wis jarang banget kabeh digunakake mulane didadekake ringkes. Jaman saiki sing umume disinaoni lan isih sering digunakake dening masyarakat Jawa yaiku basa Ngoko lan basa Krama. Umume, basa Ngoko dibagi dadi loro, yaiku basa Ngoko Lugu lan basa Ngoko Alus utawa Ngoko Andhap. Dene basa Krama uga dibagi dadi loro, yaiku basa Krama Lugu utawa Krama Madya lan basa Krama Alus utawa Krama Inggil. Ing ngisor iki bakal dibahas ngenani jlentrehan unggah-ungguh basa.
Basa Ngoko Lugu
[besut | besut sumber]Basa Ngoko Lugu yaiku basa kang kabeh tetembungane gunakake ngoko kabeh. Basane wantah (lugu) utawa apa anane (ora kacampuran krama blas). [3] Ater-ater lan panambange ya ora dikramakake. Biasane digunakak merga anane faktor umur, kacidekan, nasab (hubungan), lan ora ana rasa pakewuh utawa rasa sungkan wong siji menyang sijine. Pigunane kanggo:
- Omong-omongan karo wong liya kang luwih enom
- Omong-omongan karo wong liya kang umure sepelantaran utawa padha nanging wis akrab
- Medharake samubarang ing sangarepe wong akeh kang tangkebe wis akrab
- Kanggo sasambungan ang sipate umum
- Omong-omongan dhewe utawa nggrundel
Dene tuladhane basa Ngoko Lugu yaiku:
- Bapak lagi turu ing kamar ngarep.
- Aku tuku sego goreng cacahe ana enem.
- Din, kowe mau apa wis mangan?
Basa Ngoko Alus utawa Ngoko Andhap
[besut | besut sumber]Basa Ngoko Alus utawa Ngoko Andhap yaiku basa kang pamore tembung-tembung Ngoko kacampuran karo tembung-tembung Krama Alus utawa Inggil. [4]Basa Ngoko kanggo dhiri pribadhi, dene basa Krama kanggo wong liya. Ater-ater lan panambang sing gandeng ning tembung kriya ora dikramakake (panggah ngoko). Biasane Jejer, Wasesa, lan tembung panduwenan wong liya dikramakake, dene ‘kowe’ diganti panjenengan lan ‘aku’ tetep aku. Pigunane kanggo:
- Omong-omongan karo wong kang statuse padha nanging kanthi rasa ngurmati
- Omong-omongan karo wong kang statuse luwih dhuwur, nanging wis rumaket banget
- Omong-omongan karo wong kang statuse luwih dhuwur nanging wis rumaket banget
- Kanggo ngrasani wong liya sing pangkate luwih dhuwur
Dene tuladhane basa Ngoko Alus utawa Ngoko Andhap yaiku:
- Sep, Bapakmu sesok kondur jam pira?
- Iku lho, Bu Nina, lak dhahar kecapan, jan ora sopan!
- Mbakyu, panjenengan mengko nitih apa?
Basa Krama Lugu utawa Krama Madya
[besut | besut sumber]Yen ngomongake basa Krama, berarti kabeh tembung-tembunge dikramakake, kari apa panjaluke, basa krama lugu utawa krama alus. Basa Krama Lugu utawa Madya iku ing tataran tembung jaman modern manggon ing tengah sawise basa Ngoko lan sadurunge basa Krama Inggil. [5] Ing kene ater-ater lan panambang dikramakake. Jejer, Wasesa, Lesan, lan Katrangan dikramakake, dene ‘kowe’ diganti sampeyan, lan ‘aku’ diganti kula. Nanging sing perlu dimangerteni, yen tembunge ora ana basa Krama Lugu bisa gunakake basa Ngoko Lugu wae, ora usah malah diganti basa Krama Alus. Pigunane kanggo:
- Omong-omongan karo wong kang statuse luwih utawa padha lan wis kulina awor, padha dene ajen ingajenan nanging ora urmat banget
- Omong-omongan karo wong kang statuse luwih ngisor nanging isih pengen ngurmati
- Sesorah kang asipat umum, ora mawa unggah-ungguh marang wong utawa golongan tartamtu
- Kanggo ngripta/ulis basa tinulis kang uga asipat umum
Dene tuladhane basa Krama Lugu utawa Krama Madya yaiku:
- Ngapunten, niki sekulipun sampun dipuntedha kalih Bapak.
- Yu Lastri, sampean napa sampun nate nedha sekul pecel Mbak Tinuk?
- Ibu wau masak ulam kalih tigan.
Wewatone Basa Krama Lugu utawa Madya
- Tembung ngoko sing ana kramane dikramakake
- Ater-ater di- dikramakake dipun
- Ater-ater ko- dikramakake sampeyan
- Ater-ater dak- dikramakake kula
- Panambang –e dikramakake -ipun
- Panambang –en dikramakake sampeyan
- Panambang –ana dikramakake sampeyan –i
- Panambang –na dikramakake sampeyan-aken
- Panambang –mu dikramakake –sampeyan
- Panambang –ku dikramakake -kula
Basa Krama Alus utawa Krama Inggil
[besut | besut sumber]Basa Krama Alus utawa Krama Inggil iki meh padha karo basa krama lugu, mung pamilihan tembunge beda karo basa krama lugu lan luwih alus. Basa Krama Alus/Inggil iki basane awujud tembung-tembung krama sing paling alus. [6] Ater-ater lan panambang uga dikramakake sarta gunakake tembung Krama Alus marang wong sing diajak ngomong. Ing kene Jejer, Wasesa, Lesan, lan Katrangan uga dikramakake. Dene ‘kowe’ diganti panjenengan lan ‘aku’ diganti kula, dalem, adalem. Sing perlu dimangerteni, ing basa Krama Alus iki diri pribadi ora usah dikramakake nganggo basa Krama Alus, nanging dimudhukake menyang basa Krama Lugu, mergane mengko yen dikramakake malah duweni kesan gumedhe utawa sombong. Tembung-tembunge yen ora ana ing tataran basa Krama Alus gawe tembung ing tataran basa Krama Lugu, yen menawa panggah ora ana, oleh gunakake tetembungan ing basa Ngoko Lugu. Pigunane kanggo:
- Omong-omongan karo wong sing statuse padha nanging durung kulina utawa durung akrab (lagek kenal utawa pethukan)
- Omong-omongan karo wong sing statuse luwih dhuwur
- Omong-omongan karo wong liya sing gunakake basa Krama Alus
- Sesorah sing swasanane perlu unggah-ungguh lengkap, kayata panghargyan penganten
- Ngripta basa sing ditulis perlu gunakake unggah-ungguh basa
Dene tuladhane Basa Krama Alus utawa Krana Inggil yaiku:
- Pak Gara nembe rawuh dhateng sekolah nitih motor.
- Sekawan tigan godhog puniku badhe dipundhahar kaliyan Pak Samsul.
- Monggo sowan dhateng griya kula.
Wewatone Basa Krama Alus utawa Krama Inggil
- Tembung sing ana krama inggile diganti krama inggil dene sing ora ana krama inggile diganti krama lugu
- Tembung sing gegayutan karo dhiri pribadi, kewan, wit-witan, lan sapanunggale nggunakake tembung krama lugu yen ora ana nggunakake basa ngoko
- Ater-ater di- dikramakne dipun-
- Ater-ater ko- dikramakne panjenengan-
- Ater-ater dak- dikramakne adalem-
- Panambang –e dikramakake -ipun
- Panambang –en dikramakake panjenengan
- Panambang –ana dikramakake panjenengan –i
- Panambang –na dikramakake panjenengan-aken
- Panambang –mu dikramakake –panjenengan
- Panambang –ku dikramakake -adalem
Kepriye Bedakake Ngoko Lugu lan Ngoko Alus??
[besut | besut sumber]Nalika arep bedakake basa Ngoko Lugu lan Ngoko Alus kudu mangerteni lan mahami kepriye konteks e.[7] Pancen, keloro basa iku meh padha, nanging isih ana bedane, yaiku sing siji kecampuran basa Krama Alus. Kepriye konteks e? Konteks e yaiku “Sapa Ngomong karo Sapa lan diomongake Apa.” Dadi pancen kudu dideleng dhisik kahanane lan topike. Gunakake Basa Ngoko Lugu yen omong-omongan marang kanca lan sing diomongake wong diri pribadi. Tuladhane ana salah sawijining bocah crita ngenani pengalamane menyang kanca kenthele. Dene gunakake Basa Ngoko Alus yen omong-omongan marang kanca, nanging sing diomongake wong liya sing kudu diajeni utawa dikurmati. Tuladhane, ana murid sing lagi ngomongake kepriye watak gurune. Gunakake basa Ngoko Alus merga tembung-tembung Ngoko sing diganti Krama iku mau ditujukake menyang guru (wong liya) dudu awakdhewe.
Paripustaka
[besut | besut sumber]- ↑ Setiyanto, Edi (2006). Pasangan Tutur dalam Wacana Dialog Bahasa Jawa. Yogyakarta.
- ↑ Anonim, Anonim (1946). Kasoesastraan Djawi. Djakarta.
- ↑ Nurul dan Umi, Hidayah dan Nariyotin (2015). Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas XII. Jakarta.
- ↑ Nurul dan Umi, Hidayah dan Nariyotin (2015). Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas XII. Jakarta.
- ↑ Nurul dan Umi, Hidayah dan Nariyotin (2015). Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas XII. Jakarta.
- ↑ Nurul dan Umi, Hidayah dan Nariyotin (2015). Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas XII. Jakarta.
- ↑ Sinau Unggah-ungguh Basa Jawa (ing basa Inggris), dibukak ing 2021-04-30