Parembugan:16

Konten halaman tidak didukung dalam bahasa lain.
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

SAKUKUBAN NGAYOGYAKARTA[besut sumber]

Durung suwe iki pangripta duwe gagasan mungguh tlatah sakukuban Ngayogyakarta bakal ngalami owah-owahan. Ora tembung ngayawara utawa golek perkara sing ora nyata. Lire mangkene, kawiwitan seka tahun 1974 tekan 1976 pangripta duwe kesenengan kang rada aneh yaiku seneng dolan. Tujuan dolan mligi ana tlatah pesisiran kidul antarane sowangan kali Opak tekane kali Praga. Naliko semana pangripta nganggo ancer-ancer ana sowangan kali Opak, elingku rikala semana sowangan kali Opak iku persise cedhak karo papan pasujarahan Glinggang persise kidule. Saiki papan kanggo wisata mina utawa dadi papan nelayan iwak laut, lan uga dadi papan bujana ing pinggir laut kang kuwentar jenenge Depok, Parangtritis, Kretek, Bantul. Kenangapa papan iki pangripta nyebutake ancer-ancer. Merga menawa padha digatekake saikine sowangan kali Opak papane pindhah rada mangulon malah nganti meh mlebu laladan Samas, Sanden, Bantul kang tegese mundhake saya mangulon kanti wektu kang cepet banget udakara 32 tahun. Kamangka sowangan kali Praga dhewe uga rada owah lakune arah mengetan ancer-ancere saka tlatah papan wisata Trisik, Kulonpraga. Nanging sowangan kali Praga mono ora pati nyolok banget anggone pindhah arah mengetan. Ing kalodhangan becik iki pangripta kepengin ngajak para maos mligine WIKIwan lan WIKIwati, kepriye mungguh panemu panjenengan kabeh sesambungan karo seratan ing dhuwur. Cethane pangripta ngejak para maos kabeh duwe rasa kawigaten babagan owah-owahan kang disebabake dening alam. Apa kedadeyan kaya mangkono iku kalebu merga pegawaian manungsa dhewe utawa pancen tandha-tandha alam. Luwih terwaca maneh pangripta aturake aja-aja sasuwene sowangan kali Opak lan kali Praga padha dene owah sabanjure bakal ketemu dadi siji utawa GATHUK dadi siji terus apa kang bakal kedadeyan ana ing tlatah Ngayogyakarta sakukuban. Gambarane mangkene punjerane kali loro mau sumber tuk padha seka gunung Merapi banjur ketemu gathuk dadi siji sowangan ana segara kidul. Lha gambarane kaya ngene iki kang pangripta dadi osiking pikir. Menawa kedadeyan lumpur Sidoarjo cetha seka pegaweyane manungsa kang kurang ati-ati. Nanging kedadeyan ing tlatah Ngayogyakarta mengkone muga-muga ora bakal kedadeyan apa-apa, aja nganti merga salah sithik merga tangane manungsa alame dadi rusak. Pangripta nyuwun wiwit saiki ayo diugi amrih padha tansah amemayu hayuning bawana khususe ing tlatah Ngayogyakarta. NUWUN.