Omah Joglo Ngayogyakarta
Omah Joglo Ngayogyakarta menika griya adat kang saget ditemokaken ing Ngayogyakarta uga Jawa Tengah. Omah Joglo menika gadhah ciri kang mboten saget ditemokaken ing papan liya ing Indonesia. Bentuk, arsitektur, bahan, lan filosofi lan jinisipun gadhahi unik setunggal lan setunggalipun.
Sajarah
[besut | besut sumber]Sajarah bab Joglo menika tasih kirang jelas dumugi sak menika.[1] Nanging joglo menika dados tiron kagem damel candhi-candhi ing Jawi kados Prambanan lan Barabudhur. Joglo menika dados papan palenggahanipun tiyang sugih arta utawi ageng drajatipun. Mila ing jaman rumiyin joglo namung angsal digadhahi dening raja utawi priyayi. Nangung anggepan menika sampun luntur.
Nanging tembung Joglo menika dicuplik saking kalih tembung inggih menika Tajug Loro (Juglo) kang artosipun kalih giri.[2] Ing kabudayan Jawi giri menika gadhahi artos kang inggil lan suci. Tajug menika bentukipun kados kalih giri.
Nangin sebatan Juglo menika dados Joglo. Joglo menika saderengipun didamel masyarakat kang inggil. Nanging ing jaman menika dados gedung kantor utawi papréntahan.[2]
Bentuk
[besut | besut sumber]Gendhèng joglo menika bentukipun tajug kang kados giri. Gendhèng joglo menika gabungan saking kalih gendhèng kang bentukipun segitiga kalawan bentuk gendhèng kang bentukipun trapésiyum. Gendhengipun gadhah kamiringan kang benten setunggal lan setunggalipun. Pucuk gendhèng menika wonten ing tengah kang dikelilingi kaliyan gendheng liyanipun.[3]
Joglo menika bentukipun persagi kang migunakaken sekawan saka ing tengahipun. Saka menika dipun arani saka guru.[4] Saka kang cacahipun sekawan dados pralambang arah inggih menika ler, kilen, kidul, lan wètan. Saka guru menika nyangga blandar lan pengeret.[1] Ing jaman samenika, wonten papan tambahan ing griya joglo menika. Griya menika gampil ditemukaken ing Ngayogyakarta.
Joglo menika gampil sanget ditemahi ing Ngayogyakarta. Nanging wonten benten setunggal lan setunggalipun papan ing Ngayogyakarta piyambak. Kados dene griya joglo kang wonten ing Kuthagedhé.
Nalika wonten ing Kuthagedhé menika kathah sanget nemahi joglo menika. Joglo menika gadhah bentuk kang mboten wonten ing joglo sakliyanipun. Joglo Kuthagedhè menika nggadhahi bahu dhanyang. Bahu dhanyang menika gadhahi ukiran lan bentuk kang bénten tinimbang joglo sakliyanipun kang sampun wonten nalika Kuthagedhe menika dados kuthanegara Kraton Mataram ing abad kaping 16.[3] Bahu dhanyang kanthi ukiran kang éndah menika dados kang bentenaken joglo Kuthagedhe.
Nanging sabanjuripun Eropah mlebet ing Kuthagedhe, wonten joglo kuthagedhe kang gantos bahu dhanyang menika dados sangga saking wesi. Sangga wesi menika gadhah ukiran kang benten timbang bahu dhanyang. Nanging, mboten sedaya griya joglo menika migunakaken sangga wesi. Tasih kang wonten migunakaken bahu dhanyang.[3] Ing Kuthagedhe sakmenika joglo mboten namung gadhahipun priyayi, nanging ugi masyarakat alit smapun gadhahi joglo.
Joglo menika wonten tandha-tandhanipun kang béntenaken kaliyan griya liyanipun kados ing ngandhap punika.
- Bentukipun parsagi.
- Bentukipun imbang nalika dituwèni saking ngajeng.
- Mboten wonten molo ing nginggil griya.
Pèrangan
[besut | besut sumber]Joglo menika dibagi dados kalih perangan, inggih menika griya utama lan tambahan ing sisih kiwa tengen. Ing sisih utama menika wonten:
- Pendhapa. Menika wonten ing ngajeng. Kagem makempal lan nampi tamu. Pendhapa menika dados gambaran kang gadhah griya. Pendhapa menika dados pralambang sipat gagah.
- Pringgitan. Pringgitan menika kacuplik saking tembung ringgit. Pringgitan menika kagem pagelaran wayang. Setri lan bocah menika lenggah ing dalem.
- Dalem. Dalem menika dados ruang kaluwarga. Swasananipun wibawa lan tenterem.
- Senthong. Senthong menika tiga panggenan kang jèjèr. Senthong kiwa lan tengen dados papan tilem lan nyimpen arta, lan senthong tengah menika dados papan parahagyan marang Dewi Sri. Senthong menika peteng lan sakral.
- Bale Rata/kuncung. Bale rata menika kagem titian kreta utawi wahana kagem tamu tumuju pendhapa.
- Pagongan. Pagongan menika kagem empèr saderenge tamu mlebet ing pendhapa.
- Tratag. Tratag menika wonten ing antawisipun pendhapa lan pringgitan kagem kreta utawi wahana nalika kang gadhah dalem mudun saking wahana.[5]
Tambahan ing joglo menika wonten pinten pinten perangan inggih menika:
- Gandhok menika papan kang wonten ing sisih kiwa lan tengen dalem. Gandhok wetan menika kagem tilem bocah jaler lan gandhok kilen menika kagem tilem bocah setri. Ing antawispun dalém lan gandhok wonten taman kagem kaluwarga.
- Gandri. Gandri menika papan kagem dhaharan. Papanipun ing wingking senthong. Bentukipun kados emper kang isis lan tenterem.
- Pawon lan pakiwan. Pawon menika wonten ing wingking caket kaliyan sumur.
- Lumbung. Lumbung menika kagem nyimpen pantun lan kasil sawah liyanipun. Papanipun lumbung menika wonten ing kiwa utawi tengen pringgitan.
- Gedongan. Gedongan menika dados kandang titihan.
- Kandhang raja brana. Menika kagem kandhang kados lembu, menda, lan sakpanunggalanipun.
- Peranginan. menika papan leren menawi rondha utawi jaga ing dalu.
- Pranji. Paranji menika kandhang kagem kewan ingon-ingon.[6]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b "Rumah Joglo Yogyakarta". Warisan Budaya Takbenda. 2015-01-01. Dibukak ing 2023-02-28.
- ↑ a b Tifani (2022-08-27). "Asal Mula Penamaan Joglo, Rumah Adat dari Yogyakarta dan Jawa Tengah". Liputan6.com. Dibukak ing 2023-02-27.
- ↑ a b c Museum, By (2022-03-30). "Rumah Adat Joglo". Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta. Dibukak ing 2023-02-28.
- ↑ Museum, By (2022-03-30). "Rumah Adat Joglo". Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah istimewa Yogyakarta. Dibukak ing 2023-02-28.
- ↑ Iswanto, Danoe (2008). "Aplikasi Ragam Hias Jawa Tradisional pada Rumah Tinggal Baru" (PDF). Enclosure. 7(2): 90–91.
- ↑ Iswanto, Danoe (2008). "Aplikasi Ragam Hias Jawa Tradisional pada Rumah Tinggal Baru" (PDF). Enclosure. 7(2): 91.