Menyang kontèn

nyk Ngayogyan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
nyk Ngayogyan
Kang nggawé manèhApri Nugroho
Dirancang adhedhasarJavaansch-Nederduitsch woordenboek (1847)

nyk Ngayogyan yaiku cakrik huruf miring aksara Jawa kang digawé manèh déning Apri Nugroho adhedhasar cakrik-cakrik huruf ing sajroning buku Javaansch-Nederduitsch woordenboek anggitané J.F.C. Gericke lan T. Roorda kang dibabar ing taun 1847.[1][2] Ing panganggoning jaman saiki, font iki resminé digunakaké ing tata naskah kedinasan Laladan Mirunggan Ngayogyakarta.[1][3] Jinis liya font iki yaiku nyk Ngayogyan Jejeg kang hurufé jejeg. Font vèrsi jejeg iki dirembakakaké déning Apri Nugroho lan Arif Budiarto.​ Kekaroné font iku yaiku asil kajian font aksara Jawa kang dilaksanakaké déning Kundha Kabudayan DIY lan Tim Konggrès Aksara Jawa kanggo panyeratan aksara Jawa ing jagad digital.[1][2]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b c "Gelar Kajian untuk Kembangkan Aksara Jawa". Radar Jogja. 8 Dhésèmber 2020. Dibukak ing 11 Sèptèmber 2021.
  2. a b Nugroho, Apri (1 Maret 2021). "Download Font nyk Ngayogyan Jejeg". Aksara di Nusantara. Diarsip saka sing asli ing 2023-04-29. Dibukak ing 11 Sèptèmber 2021.
  3. Peraturan Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta No. 70 Tahun 2019 tentang Tata Naskah Dinas, kc. 30–31, diarsip saka sing asli ing 2021-09-11, dibukak ing 2022-10-29 – lumantar Jaringan Dokumentasi dan Informasi Hukum Nasional

Pranala njaba

[besut | besut sumber]