Nasrudin Rezeki

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Nasrudin Rezeki (lair ing Kabupaten Cirebon, 22 November 1990) iku petani jamur merang saka Desa Paliman Barat, Kecamatan Gempol, Kabupaten Cirebon, Jawa Barat.[1] Dheweke dadi perintis usaha jamur merang ing desane sing sukses. Dheweke ngajaki tanggi tanggane warga desa kanggo ndadeake Kabupaten Cirebon minangka pusat produksi jamur merang.

Urip pribadi[besut | besut sumber]

Nasrudin sawijining pemuda Kecamatan Gempol Kabupaten Cirebon kang dadi pelopor anane Desa Jamur. Nasrudin duweni bojo sing jenenge, Sari Gustina, uga duweni anak sing jenenge, Bilal Ramadhan. Nasrudin lulusan saka SMAN 1 Cirebon. Amarga upayane melopori Desa Jamur, Nasrudin pikantuk penghargaan Lokal Hero Cirebon saka PT Indocement. Sadurunge Nasrudin nyambut gawe ing perusahaan banyu putih (banyu ngombe) minangka karyawan honorer ing Bandung. Amarga dheweke rumangsa yen karir e durung isa berkembang, dheweke luwih milih mulih ing kampung, Cirebon. Nasrudin ngrabi Sari Gustina neng umur 25 taun. Saka pesta pernikahan sing digelar Nasrudin, dheweke entuk duwit amplop sing totale sekitar Rp 13 juta saka tamu undangan. 'duwit kondangan' iki sing bakale miwiti kisah Nasrudin. Sawise rabi, Nasrudin mikir banter kanggo panguripan sing luwih apik. Dheweke golek-golek peluang usaha. Dheweke ketemu kanca sing ngajak budal menyang pelatihan budidaya jamur merang sing digelar karo CSR perusahaan produsen semen. Nasrudin tertarik karo pangajakan iku. Dheweke nindakake pelatihan nganti rampung.

Sarampunge iku, dheweke dibimbing karo mentore, dheweke mulai nganggo hasil pelatihane. Dheweke nganggo 'duit kondangan' sing totale Rp 13 juta gawe bangun sak kumbung budidaya jamur merang ing sanding omahe. Wiwit saulan, upayane Nasrudin budidaya jamur mulai kasil. Nepaki musim panen, Nasrudin kasil manen telung kuintal. Padahal, pas wektu iku kanggo ngasilake angka impas modal, mung perlu manen 80 kuintal. Jarene mentore hasil sing kaya mangkene kui hasil panen sing luar biasa apamaneh dheweke isih pemula. Panen perdana iki menehi hasil Rp 7,5 juta. Sawise dipotong kanggo tuku bahan baku karo tenaga kerja, Narudin entuk hasil resik Rp 5 juta. Nasrudin saiki tambah semangat lan tambah tekun budidayaake jamur merang. Dheweke ngajaki kanca-kanca lan warga sekitar omahe kanggo ngedekake kelompok petani jamur lan mbangun kumbung bareng. Wiwitane, mung ana siji uwong sing gelem. Nanging sawise nem wulan, total anggotane mundak dadi 13 uwong lan sawise rong tahun mundak dadi 27 uwong. Nganti saiki Nasrudin isih terus ngajaki kanca-kanca lang tangga-tanggane nandur jamur.

Peran[besut | besut sumber]

Nasrudin iku pelopor desa jamur ing desane. Wiwitane Nasrudin bangun usaha budidaya jamur merang saka duwit kondangan resepsi pawiwahane. Dheweke ngajaki warga saka desa-desa kanggo ndadekake Kabupaten Cirebon dadi pusat prodhuksi jamur merang.

Kecamatan Gempol saiki ana 60-an kumbung jamur merang sing dikelola dening 27 warga. Latar mburi warga kui mau werna-werna, mulai petani sing nggarap sawah, peternak, sopir, sampek pensiunan karyawan sing kepingin nambah penghasilan keluwarga nganggo cara budidaya jamur. Kecamatan Gempol, Cirebon pancen cocok digawé budidaya jamur. Sawah ing padesan iku isih amba banget, saengga saben musim panen para tani jamur gampang ngentukake damen. Sakliyane musim panen, dheweke gawe limbah kapas saka pabrik tekstil dinggo media tanam. Sakliyane maneh, kalembaban udara sing dhuwur ing kawasan Gempol ndadeake jamur tuwuh subur.

Kanggo mikat minat warga sekitar budidayaake jamur merang, Nasrudin nawarake sistem plasma. Dheweke nglatih warga, nyilihi modal kang bentuk bibit lan media tanam, ngewangi ndidiki kumbung, lan dampingi warga nganti panen. Nasrudin yakin yen budidaya jamur isa dadi dalan sing becik gawe nambah penghasilan keluwarga utawa metu saka kemlaratan. Mergane regane jamur merang iki lumayan duwur, yaiku Rp 26.000 - Rp 28.000 per kilogram nek tingkat tani. Miturut peritungane Nasrudin, saben kumbung jamur isa menehi pangolihan resik petani Rp 1,5 juta per wulan. Rata-rata petani duweni telu kumbung jamur. Dadi, tambahan pangolihan dheweke isa nganti sekitar Rp 4,5 yuta per wulan. Jarene Nasrudin, pangolihan sakmono iku termasuk gede, amarga UMR Kabupaten Cirebon wae mung Rp 1,87 yuta per wulan.

Nasrudin kepingin ning sawijining dina Gempol bakal dadi sentra produksi jamur kaya déné Karawang supaya bisa ngrambah pasar sing luwih amba, luwih-luwih kaya Bandung lan Jakarta. Amarga iku, dheweke ora waleh-waleh dampingi warga desa sing kepingin budidayaake jamur. Saben wulan, dheweke nganakake pengajian kang ditekani petani jamur. Kegiatan pengajian ngene iku uga dimanfaatke kanggo mbahas macem-macem masalah budidaya nganti pemasaran jamur merang. Nasrudin nduweni angan-angan kang gedhe banget, dheweke kepingin mbangun koperasi, uga dheweke kepingin sukses bareng warga kampunge, supaya bisa budhal kaji bareng sak pesawat.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Rebin, Biyanto (2018-10-25). "Nasrudin Rezeki di Istana Jamur".