Menyang kontèn

Mudhik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
     
Calon panunggang montor mabur ing sawijining papan anggegana sing arep mudhik menyang jaban kutha

Mudhik iku kagiyatané wong-wong ing paran awujud mulih menyang kampung papan kalairané. Mudhik ing Indhonésia duwé sesambungan karo tradhisi taunan saben riyaya kaya nalika ngarepaké Lebaran. Ing kalodhangan mau, pulihé wong-wong saperlu kumpul karo sanak kadang lan sadulur sing kasebar ing kampung sangkan, lan uga saperlu sowan marang wong tuwa.

Mudhik in mancanegara

[besut | besut sumber]

Tradhisi mudhik uga ana ing mancanegara, senadyan wektuné gumantung tradhisi ing negara kuwi. Contoné ing nagara Tiongkok, wong-wong padha mudhik ing preinan Imlek.[1] Ing Malaysia, tradhisi mudhiké padha karo ing Indhonésia, yaiku ing sasi Pasa. Bedané wong-wong Malaysia kulina nganggo istilah balik kampung kanggo ngarani mudhik.[2]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]


  1. ↑ "Mudik Juga Ada di China Saat Imlek, Tahun Ini Pecahkan Rekor". KOMPAS.com. 2026-03-02.
  2. ↑ "Tradisi Mudik di Berbagai Belahan Dunia, Termasuk Korea". KOMPAS.com. 2022-04-28.