Merti Bumi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gambar Para Pamong Dusun Nyiduk Banyu ing Sendhang

Merti Bumi ya iku salah sawijining tradisi kang ana ing dhusun Tunggularum Wanakerta, kacamatan Turi Kabupatèn Sléman.[1] Sadurungé, ing dhusun Tunggularum Lama tansah éntuk bebaya arupa wlahar Merapi, saèngga masarakat utawa penduduk duwé usulan ngalih ya iku saka dhusun Tunggularum Lama menyang dhusun Tunggularum Baru.[1] Sawisé masarakat dhusun Tunggularum Lama ngalih ing dhusun Tunggularum Baru, masarakat padha ayem amarga ora ana bebaya saka wlahar Merapi.[1] Sadurungé, ing dhusun Tunggularum Lama tansah éntuk bebaya arupa wlahar Merapi, saéngga masarakat utawa sing ndunungi duwèni usulan ngalih ya iku saka dhusun Tunggularum Lama menyang dhusun Tunggularum Baru.[1] Sawisé masarakat dhusun Tunggularum Lama ngalih ing dhusun Tunggularum Baru, masarakat padha ayem amarga ora ana bebaya saka wlahar Merapi.[1] Sanajan wis ngalih, nanging masarakaté ora bisa ninggal tlatah Tunggularum Lama amarga lemahé subur.[1] Lemahé subur amarga kena wlahar panas saka gunung Merapi.[1] Ancas tradisi Merti Bumi ya iku minangka rasa sukur marang Gusti Kang Akarya Jagat tumrap rejeki, kasarasan, lan katentreman kang wis ditampa déning masarakat Tunggularum Baru.[2]

Urut-urutaning Acara[besut | besut sumber]

Tradhisi iki diwiwiti kanthi nyidhuk banyu saka sendhang Pancuran déning masarakat kang ateges sesucèn dhiri lair lan batin.[1] Sesucèn ditindakaké sadina sadurungé kirab pusaka Kyai Tunggul Wulung lan Tumpeng Kembar Gunungan Salak.[1] Banyu ing sendhang mau dipercaya bisa marèake kabèh lelara.[1] Gunungan arupa gunungan salak uga sinebut Gunungan Salak Gung Rinengga kang digawé saka woh salak kang aboté ngancik 500 kg.[1] Masarakat gunakaké woh salak amarga asil panèn kang akèh ya iku woh salak.[1] Tradhisi Merti Bumi kawiwitan kanthi acara nyidhuk banyu suci déning para pamong désa.[1] Banjur dianakaké kirab pusaka Kyai Tunggul Wulung lan tuterusaké déning acara kirab Tumpeng Lanang Wadon lan Gunungan Ulu Metu kang diwiwiti saka balé désa menyang Plataran Tunggularum.[1] Sawisé tekan, Gunungan Salak Gung Rinenggo dideleh ing kono.[1] Saliyané iku uga ana tariané.

Pepali nalika Nindakaké Adicara Merti Bumi[besut | besut sumber]

  1. Ora olih omongan kang ala nalika nindakaké adicara Merti Bumi.[3]
  2. Kudu nganggo sandhangan kang sopan.[3]
  3. Nalika mlaku kudu ati-ati amarga dalané lunyu lan ciuk.[3]
  4. Panitiané kudu ngango sandhangan kejawèn.[3]
  5. Sandhangan kang dienggo ora olih kang wernané gadhung mlati amarga madani sandhangane Kanjeng Ratu Kidul.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o Isyanti. Tradisi Merti Bumi suatu Refleksi Masarakat Agraris. Vol. II. No. 3, Juni 2007. (Yogyakarta: Balai Pelestarian Sajarah dan Aji Tradisional), hal. 131
  2. ^ Has.’’ Merti Bumi diguyur Hujan’’ dalam kedaulatan Rakyat.27 Fèbruari 2007, hal. 24
  3. ^ a b c d e Isyanti. Tradisi Merti Bumi suatu Refleksi Masarakat Agraris. Vol. II. No. 3, Juni 2007. (Yogyakarta: Balai Pelestarian Sajarah dan Aji Tradisional), hal. 133