Masjid Setana Gedhong

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Masjid Setana Gedhong inggih punika masjid historis wonten ing kitha Kediri.

Sajarah[besut | besut sumber]

Masjid iki dikenal amarga panggone ana ing sautara situs pasarean guru sangka Sri Maha Raja Mapanji Jayabhaya ya iku Syaikh Syamsuddin Al-Wasil. Ana jero inkripsi kuna ing pasarean Setana Gedhong, hasil survei epigraf Islam kang dilakoni Louis-Charles Damais nganggo judhul Lepigraphie Musulmane Dans le Sud-est Asiatique nyebutna pasarean kang epitafe diakhiri nganggo katrangan al-syafii madzhaban al-arabi nisban wa huwa taj al-qudha nanging ora ana tanggal pesthi kang nerangne inkripsi iku. Epilog Kakawin Hariwangsa kang ditulis Mpu Panuluh nyeritakne Mapanji Jayabhaya digambarake nganggo Wishnu kang wus mulih marang surga, nanging balik ing bumi wujud Jayabhaya ing jaman Kali kanggo nyelametake Jawa. Titisan Wishnu kang wujud Mapanji Jayabhaya iki dikancani Agastya, kang wujud Pandhita Kepala Brahmin Penasehat Raja kang karan uga Bhiksu Pandhita Adhikara ya iku Syaikh Syamsuddin Al-Wasil. Ana ing jaman iku tokoh-tokoh Islam biyasa karan bhiksu lan pandhita. Padha karo makam Fatimah binti Maimun kang karan susuk (panggonan suci) ing jero prasasti Leran.

Arsitektur[besut | besut sumber]

Palataran masjid iki kapérang dadi telong pérangan kang mundhak memburi mundhak suci. Pérangan iki amarga hasil akulturasi umat kang duwé arti sikil, ereng-ereng, lan pucuk gunung. Amarga umat Hindhu Jawa jaman biyèn gawé yasan miturut wujud Gunung Himalaya kang dianggep suci ing India. Palataran kapisan ya iku masjid induk, kapindho ya iku pendapa, lan ketelu ya iku makam Syaikh Syamsuddin Al-Wasil. Hiasan masjid duwé loro pigunan, ya iku teknis lan dekoratif. Pigunan teknis kaitane karo pigunan praktis racaké yasan. Pigunan dekoratif ana ing témbok masjid kanggo nambah apik yasan lan nyampekne pesen-pesen agama. Misale ukir-ukiran terate, godhong-godhongan, lan liya-liyané.

Pranala njaba[besut | besut sumber]