Menyang kontèn

Masjid Agung Kutha Kadhiri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Masjid Agung Kutha Kediri uga bisa karan Masjid Jami’ Kutha Kediri. Umure kira-kira wus 245 taun, kaitung ing taun 2016 iki. Panggonan masjid iki ana ing sandhing prapatan gedhé Kutha Kediri. Tepak ana ing sabrange alun-alun lan pusat blanja, Dhoho Plaza. Ambane mester kang paling ngisor 1.388,8m2, mester siji 1.335,1m2, lan mester loro 396,8 m2. Masjid Agung Kutha Kediri iki duwé amba tanah sekabehe 4.780,6 m2. Sangka njaba yasan masjid ketara megah amarga wujud yasan kang undhak-undhak dhuwur, banjur sisih kidul ana menara dhuwure 49 mèter kang dibangun taun 1976 M, lan ngarep yasan dihiasi banyu mancur kang uga gedhé. Lumebu njero yasan, krasa gaya Roma ingkang digawé konsèp yasan masjid iki, kena dideleng sangka mozaik mester kang dibangun sangka marmer rupa klawu, rerenggan payon lan cungkup masjid, lan saka kang akèhé ana 106. Wangunan iki uga dihiasi ukiran kaligrafi kayu kang ana ing lawang lan jendhela. Masjid iki dipirantèni lawang utama kang kabehe ana 15 lan lawang bantu kabehe 12, parkiran, jedhing, WC, lan kran wudhu. Ana 80 kran kanggo jamaah lanang lan 15 kran kanggo jamaah wédok. Wangunan tambahan ingkang anyar ya iku Perpustakaan Islam kang manggon ing sisih kidule masjid kang dibuka wiwit jam 09.00 WIB nganti tiba wektu salat dzuhur. Saliyané dadi panggonan sholat, masjid iki uga digawé kanggo kagiyatan agama Islam liyané, kaya pembagian daging qurban kanggo masarakat njaba lan njero Kutha Kediri lan donga bareng kanggo nyambut tanggal 1 Muharrom. Lumrahé masarakat Kutha Kediri nganggo klambi putih-putih sakwuse salat ashar banjur ana ing Masjid Agung kanggo dunga bareng. Amarga akèh jamaah kang teka, dalan kang ngarah marang masjid ditutup wiwit bada ashar tumekan Isya’. Saéngga dalan kang bisa diliwati among telu.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Masjid Agung kira-kira adedeg taun 1771 M. Amarga miturut prasasti kayu jati kapisan, katulis ing makutha kang dipasang ing dhuwur joglo masjid kuna kaukir taun 1771 M. Banjur miturut prasasti kayu jati kapindho kang ditulis ing mimbang masjid muni, “Kolo adegipun mimbar Masjid Ageng ing Kediri Sabtu pahing, wulan haji kaping 5, taun alif 1261 min hijrotin nabiyyi min Makkata ilal Madinah.” Prasasti iki njelentrehne mimbar (panggon khotib khotbah) digawé lan digunakne sakwuse fisik masjid dedeg ing taun 1261 H utawa 1841 M. Nganti saiki mimbar iku uga isih ana, kondisine isih apik, lan digawé kanggo khotib nalika khothbah. Miturut prasasti kapindho iki dianakake pamugaran kapisan. Prasasti katelu kang digawé sangka marmer muni, “Masjid Ageng Kediri kamulyaaken amarengi dinten Rebo wage ping 6 wulan sapar ijrah 1347 utawi ping 25 juli 1928 saking kerso dalem kanjeng Raden Adipati Hariyo Danudiningrat bupati kaping wolu ing Kediri sarembag kaliyan poro muslimin kanthi panyuwun dateng gusti Alloh, mugi-mugi tiyang Kediri sami pinaringan iman sempurno, tebih dateng tindak duroko anetepi pangandikanipun gusti Alloh, kadyo ingkang kadhawuhaken ing salebeting alam arwah.” Miturut prasasti marmer iki ing taun 1347 H utawa 1928 M dianakake pamugaran Masjid Agung Kutha Kediri kang kapindho. Bupati Kediri kaping wolu, Raden Adipati Hariyo Danudiningrat maujud kepanitiaan kang diketuai Kanjeng Pengulu, Raden H. Ali Musthofa. Amerga duwé pertimbangan syariah kang mendasar saéngga pamugaran iki ngelibatkne ulama gedhé, ya iku KH. Hasyim Asy’ari dan almaghfurlah KH. Wahab Chasbullah sangka Jombang. Pamugaran iki ndadekne serambi masjid kang tambah amba ing sisih etane lan tutup serambi digawé wujud kubah. Kolam kang ana ing kiwa lan tengene masjid dipendhem lan didedegne yasan Kantor Rapat Agama. Ana ing taun iku dalan lumebu marang masjid ana telu, ya iku kiwa, tengah, lan tengen. Masjid Agung Kutha Kediri dipugar kaping telune ana ing taun 1987 M. Kubah kang awalé sangka kayu digani dadi wujud bunder lan dibangun nganggo bahan semen cor. Tempat wudhu, jedhing, lan lawang lumebu masjid uga didandani.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Uga delengen

[besut | besut sumber]