Menyang kontèn

Mantèn Kaji

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Mantèn Kaji inggih punika istilah ingkang dipun ginakaken kanggé tata cara mantèn khas Semarangan, ingkang dipun wiwiti ing warsa 1930-an ing Semarang. Mantèn Kaji nggadhahi fungsi minangka pangrakèt sosial kaliyan budaya ing masarakat. Mantèn Kaji kabentuk minangka akulturasi budaya Arab, Jawi, Cina, Melayu kaliyan Éropa,[1] sesarengan kaliyan asal-usul kabentukipun Kitha Semarang. Dipun sebat Mantèn Kaji amargi busana ingkang dipun agem kaliyan pengantèn kakung sami kaliyan gamis utawi jubah ingkang asring dipun agem kaliyan tiyang ingkang nembé kondur saking nindakaken ibadah kaji.[2][3] Mantèn Kaji dados salah satunggaling budaya ingkang nyerminaken masarakat ingkang njunjung inggil toléransi kaliyan bènten suku, budaya, ras kaliyan agami, goyong-royong, sarta keharmonisan bermasarakat kaliyan benten etnis.[4]

Pengaruh Arab, Cina, kaliyan Éropa

[besut | besut sumber]

Pengaruh Arab ketingal cetha ing sorban, ugi kupluk alfiah ingkang dipun agem kaliyan penganten kakung kados-kados nembé kondur saking kaji. Sandhangan pangantèn kakung arupi jubah beludru ingkang lengenipun panjang. Tata rias pengantèn putri Semarangan inggih punika cengge (kapengaruh budaya Tionghoa) kanthi wedhakan ingkang kandel sanget. Sandhal pengantèn putri kaliyan sanggul Jawi dipun pengaruhi déning Kasultanan Surakarta kaliyan Ngayogyakarta, kanthi nglebetaken ornamèn mlathi "endhog remek"[5] kaliyan susuk kondhé ingkang nggambaraken budaya Jawi. Déné padé-padé dipun damel langkung prasaja ingkang nggambaraken "jiwa" masarakat Semarang minangka pedagang. Pengaruh Éropa saged dipun tingali saking pangagemipun makutha kagem pengantèn putri, déné pengantèn kakung saking pedhangipun. Pengaruh Cina ugi saged dipun tingali ing sandhangan pengantèn putri, inggih punika kebaya encim saking bahan beludru ingkang dipun hias nganggé moté utawi payèt.[1] Kagem andhapanipun, pengantèn kekalih ngagem kain werni abrit kaliyan emas.

Salah satunggaling proses ingkang khas wonten Mantèn Kaji inggih punika ingkang dipun wastani kaliyan "ngarak mantèn". Ngarak mantèn inggih punika prosesi ngiringi rombongan pengantèn kelling wilayah utawi panggènan mantenan.[1][6] Ing ngarak mantèn, percampuran budaya saged dipun tingali dening masarakat saking ageman para pengantèn kaliyan kesenian ingkang dipun tampilaken kadosta blantènan.[4]

Filosofi Jawi

[besut | besut sumber]

Bentenipun Mantèn Kaji kaliyan prosesi mantèn ingkang dipun pengaruhi budaya Tionghoa kaliyan Arab sanèsipun inggih punika wonten ing filosofi Jawi ingkang taksih dipun lestantunaken. Pengaruh Jawi saged dipun tingali saking simbul-simbul ingkang dipun ginakaken ing upacara kasebat kadosta endhog remek ingkang asalipun saking tembung endhog ingkang gadhah artos tigan, kaliyan remek ingkang gadhah artos bibrah. Dados endhog remek gadhah artos rangkeyaning sekar ingkang bentukipun bulat ingkang pundi saderengipun dipasang dipun lampahaken paremesan ing rangkeyaning sekar supados awujud oval sarupi tigan. Endhog remek gadhah makna pandonga bilih sasampunipun emah-emah dipun ajeng-ajeng supados kagesanganipun gadhah warni, bingah lan mlampah cocok ingkang dipun kajengi. Kejawi punika, ugi gadhah artos ngempalaken kalih makhluk ingkang bènten, bènten kakung kaliyan putri, benten karakter supados kuwawi gesang sareng tanpa wonten masalah punapa.[4] Sasanèsipun wonten kembang mayang, pasang godhong tebu ingkang ateges antebing kalbu, godhong kluwih minangka donga kagem rejeki linuwih, kaliyan godhong apa supados penganten boten ngalami bebaya. Nanging, menawi dipun bandhingaken kaliyan upacara adat Jawi, Mantèn Kaji langkung prasaja, boten mulya kados mantèn Jawi. Hiburan Gambang Semarang ugi dados ciri khas upacara Mantén Kaji.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b c "Ini Dia Rahasia Adat Manten Semarangan Hasil Akulturasi Lima Kebudayaan". Tribunjateng.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-04.
  2. Dwiari Ratnawati, Lien (2018). Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia. Jakarta: Direktoerat Jendral Kebudayaan, kementrian Pendidikan dan Kebudayaan RI.
  3. Nashriyah (2008). "Strategi pemasaran pariwisata Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Semarang (Tahun 2006 – 2007)" (ing basa Indonesia). {{cite journal}}: Cite journal requires |journal= (pitulung)[pranala mati permanèn]
  4. a b c Juliana, Juliana; Rais, Wakit Abdullah; Wibowo, Prasetyo Adi Wisnu (2021-09-15). "Kearifan Lokal Tradisi Ngarak Manten dalam Manten Kaji (Pengantin Semarangan)". Prosiding Seminar Nasional Sastra, Lingua, Dan Pembelajarannya (Salinga) (ing basa Inggris). 1 (1): 73–77. ISSN 2808-1706.
  5. Candria, Mytha (2022-06-17). "Pengantin Semarangan: Tradisi yang Mesti Di-Uri-Uri". Endogami: Jurnal Ilmiah Kajian Antropologi (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 5 (2): 37–45. doi:10.14710/endogami.5.2.37-46. ISSN 2599-1078.
  6. Administrator (2017-09-17). "Asyiknya Penganten Gaya Semarangan Ditandu Empat Orang - Cakrawala". Asyiknya Penganten Gaya Semarangan Ditandu Empat Orang - Cakrawala (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-04.