Lungguh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Lungguh (Walanda: zitten) iku lemah utawa bumi kanggo gaji.[1] Ing kabudayan Kulon, konsep iki diarani apanage (saka tembung Prancis apanage). Nalika jaman penjajahan Walanda, sistem lungguh kulina diarani Mataramsch apanage-bezit amarga eksis ing Vorstenlanden (Praja Kejawen). Sanajan pernah misuwur ing abad 19, sistem lungguh saiki wis kabusak. Sistem lungguh iku salah sawijine pratanda birokrasi feodal.

Asal-usule[besut | besut sumber]

Asal-usule lungguh ing Jawa isih peteng, durung ana konvensi saka para sarjana. Nanging kabèh sarujuk yen konsep lungguh mangkat saka konsep Vorstendomein utawa kagungane ratu.[2] Kabeh bumi iku diduweni dening ratu, termasuk apa wae ing duwure. Dadine kabèh kang urip ing dhuwure bumi nagara ora duweni hak darbe (Walanda: eigendomsrecht).[3] Para sikep utawa narakarya utawa kuli kenceng utawa wong tanen (Walanda: landbouwer) mung bisa garap lemahe ratu ananging ora duwe hak adol lemah lan nyewakake. Mula kerep diarani wong anginan.[4] Hak ngolah iki biasa diarani sistem lemah komunal (Walanda: communaal land-bezit) amarga digarap bareng-bareng. Kabeh lemah sing diolah banjur dipajegi.

J.F.G. Brumund duwe panemu yen sistem iki warisan saka Mataram Kuno utawa Mataram Hindu. J.F.G. Brumund duwe panemu kaya ngono sawise bandingke Vorstenlanden karo tanah Pasundan. Tlatah Pasundan sing pengaruh Hindune ora kuat, sisteme dudu komunal ananging sistem hak darbe lemah. Sistem lemah komunal ana ing tlatah kang pengaruh Hindune kuat, kaya ta Jawa bagian tengah lan wetan.

T. S. Raffles duweni panemu beda. Miturut Raffles, sistem komunal asalae ora saka Mataram Hindu nanging saka Mataram Islam. Daerah-daerah kang pengaruh Islame ora kuat kaya ta daerah gunung, daerah sing kurang subur, lan Pulo Bali, malah ora duwe sistem lemah komunal nanging hak darbe lemah.[5]

Supaya rodhane praja bisa muter, ratu butuh narapraja kang ngurusi kabèh urusan kraton. Para narapraja iki banjur digaji nganggo lungguh utawa lemah gadhuhan. Kajaba narapraja, para sentana dalem utawa kulawarga ratu uga digaji lungguh kanggo panguripane. Para narapraja lan sentana iki biasa kasebut apanagehouder dening Walanda. Ana beda antarane lungguhe narapraja lan lungguhe sentana. Narapraja mung oleh lungguh nalika njabat, sedangkan sentana oleh lungguh nganti tekan turunan kapapat. Lungguhe narapraja sawayah-wayah uga bisa dijupuk dening ratu yen naraprajane iku kapocot.

Pangurusan Lungguh[besut | besut sumber]

Narapraja lan sentana biasane manggon ing kuthanegara, nanging bumi lungguh ana ing negaragung.[6] Amarga beda panggonane, para apanagehouder ora bisa langsung ngurus lungguhe dewe. Lungguh iki banjur diurus karo bekel. Miturut cara pandang Walanda, bekel iku dadi  rentmeester alias penyewa lungguh. Ananging uga ana apanegehouder kang bisa langsung ngurus lungguhe dewe, iki diarani bekel ngiras. Biasane bekel ngiras iku para narapraja cilik kang manggon ing nagaragung.

Bekel sing arep ambekelli lungguh kudu duwe piyagem. Piyagem iku surat prajanjen hak lan kuwajiban bekel. Bekel kudu bayar sewa utawa pajeg kepada apanagehouder nganggo sistem maron (Walanda: half, Indonesia: bagi hasil 50 %) utawa sistem majegan (nganggo duit). Sawise piyagem wis disarujuki, bekel bakal ngolah lungguhe.

Bekel ora ngolah lungguhe dewe ananging masrahake kepada narakarya. Umpama bekele nganggo sistem maron,  hasil lungguhe 2/5 ditampa dening narakarya, 2/5 ditampa dening apanagehouder (pajeg), lan 1/5 ditampa dening bekel. Setaun  pandum hasil pindo, yaiku pas grebeg Mulud lan Grebeg Syawal.[7]

Pangeran Mangkunegara IV, ratu pisanan kang mbusak sistem lungguh

Lungguh uga bisa disewakake pada tuwan-tuwan Eropa lan wong Cina kanggo gawe perkebunan (Walanda: onderneming utawa cultuur. Akeh apanagehouder kang nyewakake lungguh amarga bekti (Inggris: hommage) lan pajege luwih gede. Para tuwan Eropa iki diarani bekel putih. Ing hukum adat Angger Sedasa kang kababar 1818, lungguh kena disewakake maksimal 6 taun.[8] Ing 1823 lungguh mung bisa disewa maksimal 3 taun dening tuwan-tuwan Eropa.[9] Jangka suwene nyewakake lungguh tambah nganti 20 taun ing 1857.[10] Kabeh narakarya kang ana ing lungguh kena kerja wajib (Walanda: cultuurdienst) ing perkebunan saka nandur nganti ngangkut hasil perkebunan.

Pambusaking Lungguh[besut | besut sumber]

Sistem lungguh iki kerep dikritik dening sosialis kaya Pieter Brooshooft lan Van Kol amarga eksploitatif lan ora efisien. Pieter Brooshooft nyebut sistem lungguh iku marakake “penyakit kronis”.[3] Van Kol nyebut sistem lungguh iku administrasine ora jelas, marakake akeh kabelingan.[11] Paling pungkasan, A. Simon nyebut sistem lungguh dadi panyebab mlarate rakyat ing Vorstenlanden.

Amarga sistem lungguh dianggep wis ora jumbuh karo perkembangan jaman, sistem lungguh banjur dibusak. Pamarentah kolonial ngrasa Vorstenlanden butuh sistem sing legal-rasional. Mangkunegaran dadi praja pisanan kang busak lungguh. Lungguh ing Mangkunegaran kabusak ing 1860-an sithik mbaka sithik.[12] Dene ing Kasultanan lungguh kabusak ing 1917 lan Kasunanan ing 1918. Para narapraja lan sentana banjur digaji nganggo duit.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. [1] G.P. Rouffaer, “Vorstenlanden”, Adatrechts Bundel XXXIV, 1905, hlm. 239.
  2. Soepomo, De Reorganisatie van het Agrarisch Stelsel in het Geweest Soerakarta („s Gravenhage: L. Gerretsen, 1927), hlm. 1-7;   
  3. a b De Locomotief, 10 December 1888
  4. G.P. Rouffaer, op. cit., hlm.
  5. Simon, “Het agrariasche stelsel in de Javasche Vorstenlanden en de reorganisatie”, Koloniaal Tijdschrift, 7, 1918, hlm. 680-686.   
  6. G.P. Rouffaer, op. cit., hlm. 236
  7. J. F. G. Brumund, “Het Landbezit op Java”, Tijdschrift voor Nederlandsch Indie, 1859, I, hlm. 48   
  8. Angger Sedasa, prakara kaping 2
  9. Staatsblad van Nederlandsch Indie 1823 no. 17
  10. Staatsblad van Nederlandsch Indie 1857 no. 166
  11. Van Kol & J. J. Samuel, Reisbrieven van H. Van Kol: de reorganisatie der Vorstenlanden en Vorstenlandsche toestanden naar aanleiding van Reisbrieven des heeren Van Kol, door J. J. S, (Djocja: Jogjasche Landhuurders Vereniging, 1911), hlm. 13-14.
  12. Pringgodigdo, Geschiedenis der Ondernemingen van Mangkoenagarasche Rijk ('s Gravenhage: Martinus Nijhoff, 1950), hlm. 35-43