Lebak Cawéné

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Organisasi Lebak Cawene (Hanacaraka: ꦊꦧꦏ꧀ꦕꦮꦺꦤꦺꦩ꧀) yaiku organisasi sing ngadeg tanggal 17 Agustus 1981 ing Kampung Karangpapak, Desa Karangpapak, Kacamatan Cisalak, Kabupaten Sukabumi, Propinsi Jawa Kulon. Organisasi iki diadegaké dening Ki Sukilan. Jeneng Lebak Cawene kedaden saka tembung Lebak sing artine wadhah lan Cawene suci lan bener, dadi miturut tembung mau, Lebak Cawene ndhuwe arti wadhah sing suci lan bener. Ajarane organisasi iki yaiku tuntunan lan aturan karuhan buhun (sing biyen) sing kasebut aturan dhisik-asal + buhun lan aturan akhir = bakal ing jero aturan negara utawa alam kuwasan manungsa utawa pemerintah saiki[1]

Ancas[besut | besut sumber]

Organisasi iki ngadeg lan duweni ancas kaya ing ngisor iki :[1]

  1. minangka wadhah kelompok lan program kapracayaan marang Gusti Kang Maha Kuwasa, miturut UUD 1945 RI
  2. minangka wadhah nyawijiake sing bener saka umat manungsa liwat mufakat lan musyawarah sing bener uga
  3. kanggo ngunggahke manungsa sing luhur bebudene kanggo nglakoni sampurnaning urip lair batin, kasuburan, kamakmuran, sarta keadilan sosial sing rata lan melu nglakokake karohanian utawa spiritual sing padha karo kepribadene.
  4. nglakokake gotong royong karo pamarintah, agama-agama sing wis disahke dening negara lan organisas-organisasi masyarakat liyane utawa kapracayaan marang Gusti Kang Maha Kuwasa dening suku bangsa liyane.

Susunan Kapangurusan[besut | besut sumber]

ajaran saka organisasi iki sing kapisan babagan tuntunan lan aturan Karuhun Buhun ing bidang tatakrama nenanen utawa tetandur, ing antarane yaiku cara ngahuma utawa nandur pari ing sawah/lemah lan carane nyawah. nalika organisasi iki ngadeg, anggotane jumlahe 300 kulawarga sing nyebar ing daerah tingkat siji, loro, lan kecamatan.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Direktorat Jenderal Nilai Seni dan Film; Direktorat Kepercayan Terhadap Tuhan Yang Maha Esa (2010). Ensiklopedi Kepercayaan Terhadap Tuhan Yang Maha Esa. Jakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Republik Indonesia. kc. 294–251. ISBN 978-979-16071-1-7.