Menyang kontèn

Kuwé kranjang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Roti Kranjang

Kue Kranjang sing biyasa karan kue ranjang (uga biyasa kasebat déning masarakat Cina: Nian Gao (年糕), utawa ing dhialèk Hokkian Tii Kwee (甜棵)), ya iku panganan sing éntuk jeneng saka wadhah cithakané kang awujud kranjang.[1] Kue Kranjang iki digawé saka glepung ketan lan gula, sarta duwé tèkstur sing kiyal lan lèngkèt.[1] Kue Kranjang iki salah sawijining kue khas utawa wajib pas pahargyan taun anyar Imlèk.[1] Kue Kranjang iki wiwitané digawé lan digunakaké dadi sajèn nalika upacara sembahyang para leluhur, enem dina sadurungé taun anyar Imlèk (Jie Sie Siang Ang), lan puncaké pas malem sadurungé taun anyar Imlèk.[1] Ya iku dadi sajèn, kue iki racaké ora dipangan nganti Cap Go Meh (malem angka 15 sawisé Imlèk).[2]

Ing sekawit dipercaya manawa panggawéné Kue Kranjang iki dikarepaké dadi suguhan sing nyenengaké Déwa Tungku supaya bisa nggawa lapuran kang nyenengaké marang Raja Swarga (玉皇大帝,Yu Huang Da Di).[2] Ora mung iku, bentukké sing bunder duwé teges supaya kulawarga sing mahargya Imlèk iku bisa nyawiji, guyup rukun, lan duwé tekad kuwat kanggo ngadhepi taun ngarep.[2]

Asal-usul jenengé

[besut | besut sumber]

Kue Kranjang duwé jeneng asli Nien Kao utawa Ni-Kwee sing duwé teges kue taunan amarga namung digawé setaun sapisan pas ameh ngrayakke taun anyar Imlèk.[2] Ning Jawa Wétan mau Kue Kranjang amarga dicethak ning njero kranjang bolong cilik, yèn ning Jawa Kulon dijenengi Kue Cina kanggo nunjukke asal kue ya iku Cina, ing pirang-pirang enek wong ngrujuk saka gawenne, ya iku wong-wong Tionghoa.[2] Nek ning dhialèk Hokkian, Tii Kwee duwé teges kue legi, sing ora anggawe angèl wong-wong nebak yèn rasané legi.[3]

Teges ning sewalikke Kue Kranjang

[besut | besut sumber]

Ning Cina eneng pakulinan yèn pas taun anyar Imlèk sadurungé mangan Kue Kranjang, sadurungé mangan sega amarga duwé pangarepan supaya kerep olèh barokah ing saben taun.[4]

Nien Kao utawa Nian Gao, tembung "Nian" duwé teges dhéwé ya iku taun lan "Gao" duwé teges kue lan uga supaya krungu tembung dhuwur, amarga iku Kue Kranjang asring disusun dhuwur.[2] Saya dhuwur saya cilik kue sing ditumpuk mau, sing duwé teges supaya nambah rejekine utawa makmure.[2] Ning jaman dhisik akèh lan dhuwur Kue Kranjang iku nandakke makmure kulawarga duwé omah.[2] Biasane Kue Kranjang ditumpuk mendhuwur nganggo kue mangkok sing duwé warna ning ndhuwure.[2] Iki ya iku dadi simbol panguripan apik sing saya mendhuwur lan mekar kaya kue mangkok.[2]

Cara ngladèkaké

[besut | besut sumber]

Kue sing digawé saka beras ketan lan gula iki bisa disimpen suwé, malah bisa dipépé dadi atos kaya watu lan awèt.[2] Sadurungé dadi atos kue iki bisa diladèkaké langsung, malah sadurungé atos bisa diolah dhisik tuladhané digorèng nganggo glepung lan endhog pithik lan diladèkaké nalika isih anget.[2] Bisa uga diladèkaké dadi bubur carané dikukus (di-tjwee) sawisé ditambahaké bumbu-bumbu sing dipingini.[2]

Prosès Nggawe Kue Kranjang

[besut | besut sumber]

Prosès Nggawe Kue Kranjang, ya iku:[2]

  1. Sepisanan tumbuk beras ketanne nganti bisa diayakki
  2. Gula pasir digawé sirup dhisik
  3. Sawisé iku tepung lan sirup gula mau dicampur lan diudak lan diendepke 10 dina
  4. Nek prosese wis rampung, adonan mau ditambahi manèh nganggo sirup supaya bisa cuer
  5. Sawisé iku, prosese ya iku Kue Kranjang dicethak
  6. Sadurungé disiapke kranjang-kranjang bulet sing duwé garis tengah 8 – 10 cm lan dilemekki nganggo godhong pisang sing wis digarang sadurungé
  7. Sawisé iku kranjang-kranjang diisi adonan mau
  8. Kranjang-kranjang mau diisi adonan lan ditata sarta diuapi 9 jam
  9. Sawisé iku ya iku dibunthel pas nduwure, bunthelane bisa saka godhong pisang utawa plastik
  10. Disimpen sing apik lan bungkusane ora olèh suwek, Kue Kranjang bisa kuwat nganti 6 sasi nganti 1 taun, lan kualitase uga ora suda.

Kapustakan

[besut | besut sumber]
  1. a b c d [1] (diakses tanggal 8 Mèi 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n [2] Archived 2011-02-11 at the Wayback Machine. (diakses tanggal 8 Mèi 2011)
  3. [3] (diakses tanggal 8 Mèi 2011)
  4. [4] (diakses tanggal 8 Mèi 2011)