Kurup Abogé

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kurup Abogé (Alip Rebo Wagé) ya iku kurup kang diwiwiti dina Rebo Wagé tanggal 1 Sura Taun Alip 1747 windu Kuntara, wuku Kulawu (20 Oktober 1819 M) lan rampung ing dina Senèn Pahing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya, utawa tanggal 23 Maret 1936 Masèhi.

Wiwitan dina saben sasi ing sajerone kurup aboge ya iku[1] :

Taun Tibane dina ing tanggal siji
Sura Sapar Mulud Bakdamulud Jumadilawal Jumadilakir Rejeb Ruwah Pasa Sawal Dulkaidah Besar
Alip Rebo Wagé Jemuwah Wagé Setu Pon Senèn Pon Selasa Pahing Kemis Pahing Jemuwah Legi Ngahad Legi Senèn Kliwon Rebo Kliwon Kemis Wagé Setu Wagé
Ehe Ngahad Pon Selasa Pon Rebo Pahing Jemuwah Pahing Setu Legi Senèn Legi Selasa Kliwon Kemis Kliwon Jemuwah Wagé Ngahad Wagé Senèn Pon Rebo Pon
Jimawal Jemuwah Pon Ngahad Pon Senèn Pahing Rebo Pahing Kemis Legi Setu Legi Ngahad Kliwon Selasa Kliwon Rebo Wagé Jemuwah Wagé Setu Pon Senèn Pon
Je Selasa Pahing Kemis Pahing Jemuwah Legi Ngahad Legi Senèn Kliwon Rebo Kliwon Kemis Wagé Setu Wagé Ngahad Pon Selasa Pon Rebo Pahing Jemuwah Pahing
Dal Setu Legi Senèn Legi Selasa Kliwon Kemis Kliwon Jemuwah Wagé Ngahad Wagé Senèn Pon Rebo Pon Kemis Pahing Setu Pahing Ngahad Legi Selasa Legi
Be Kemis Legi Setu Legi Ngahad Kliwon Selasa Kliwon Rebo Wagé Jemuwah Wagé Setu Pon Senèn Pon Selasa Pahing Kemis Pahing Jemuwah Legi Ngahad Legi
Wawu Senèn Kliwon Rebo Kliwon Jemuwah Wagé Setu Wagé Ngahad Pon Selasa Pon Rebo Pahing Jemuwah Pahing Setu Legi Senèn Legi Selasa Kliwon Kemis Kliwon
Jimakir Jemuwah Wagé Ngahad Wagé Senèn Pon Rebo Pon Kemis Pahing Setu Pahing Ngahad Legi Selasa Legi Rebo Kliwon Jemuwah Kliwon Setu Wagé Senèn Wagé

Sanajan kurup abogé wis rampung nalika taun jawa 1867/1936 M, nanging sawatara masyarakat Islam kang banjur diarani Islam Abogé ing tlatah Prabalingga[2], Banyumas, Purbalingga, Cilacap,[3][4] Jombang[5] lan Wanasaba[6] isih migunakaké pétungan kang dhedhasar abogé iki kanggo nentokaké tibané dina wiwitan saben sasi, kalebu wiwitan sasi Pasa (Ramelan) lan Sawal kanggo ngibadah pasa lan Salat Id. Amarga pétungan miturut kurup Asapon kang saiki lumaku luwih maju sedina tinimbang pétugan kurup Abogé, dadiné masyarakat Islam Abogé anggoné miwiti pasa lan salat Riyaya mesthi luwih kèri sedina saka kang racaké ditetepaké Kementerian Agama.[7]

Masyarakat Dukuh Gandhusari Désa Cibangkong, Banyumas kang isih migunakaké pétungan abogé iki migunakaké singir lelagon kanggo ngéling-éling penanggalan abgogé ya iku[8]  :

Huwal habii bulladzi turja safangatuhu
Likulli haulimminal ahwa lilmuktahimi
Maula ya sholli wa salim da i man abada
Ngalal habibika khoiri kholqi kullihimi


Abogé tahun Alip tanggalé Rebo Wagé
Héngadpon tahun Hé tanggalé Ahad Pon
Jangapon tahun Jim tanggalé Jemuah Pon
Jésaing tahun Jé tanggalé Slasa Pahing


Daltugi tahun Dal tanggalé Setu Legi
Bémisgi tahun Bé tanggalé Kemis Legi
Wanenwon tahun Wawu tanggalé Senèn Kliwon
Jumagéha tahun Jim akhir tanggalé Jemuah Wagé


Singir iku mau kanggo nentokaké dinané tanggal 1 Sura saben taun sajeroné sewindu, déné kanggo nentokaké dinané tanggal 1 saben sasiné, diétung saka dinané tanggal 1 Sura banjur dina lan pasarané kaimbuhi :

Ramjiji, parluji, nguwalpadma, ngukirnema
Diwaltupat, dikiropat, jablulu, banemlu
sanemro, waljiro, dahroji, jahpatji
Ikulah étungané tanggal sasi ingkang pasti

Cara ngétungé umpama kanggo nentokaké tanggal 1 Pasa 1438 H (2017 M) taun Jé ya iku Jésaing (1 Sura taun Dal dinané Selasa Pahing) lan Sanemro (Pasa enen loro, dinané mundur enem saka Selasa tiba Ngahad lan pasarané mundur loro saka Pahing tiba Pon.[9][10] Déné tibané tanggal siji Sawal nganggo rumus waljiro, ya iku dinané tetep Selasa (siji) lan pasarané mundur loro saka Pahing dadi Pon. Dadi, ing taun Jé, wiwitan pasa Ngahad Pon lan Riyaya dina Selasa Pon.[11]

Anané masyarakat kang durung ngowahi pétungan kurup saka abogé menyang asapon nuduhaké lunturé prebawa kraton minangka otoritas kabudayan kang mengku kuwasa netepaké penanggalan kanggo wargané.[12]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Joko Sulistyo. "Analisis Hukum Islam Tentang Prinsip Penanggalan Aboge Di Kelurahan Mudal Kecamatan Mojotengah Kabupaten Wonosobo" (PDF). walisongo.ac.id.[pranala mati permanèn]
  2. "Warga Hormati Islam Aboge yang baru Sholat Idul Adha". Media Indonesia (ing basa Indonesia). 2017-09-03. Dibukak ing 2018-02-06.
  3. Media, Kompas Cyber. "Ratusan Penganut Islam Aboge Rayakan Idul Fitri Selasa Ini - Kompas.com". KOMPAS.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2018-02-06.
  4. Media, Kompas Cyber. "Islam Aboge, Ajaran Warisan Raden Rasid Sayid Kuning - Kompas.com". KOMPAS.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2018-02-06.
  5. 1991-, Bashori, Muhammad Hadi,. Penanggalan Islam. Jakarta. ISBN 6020236757. OCLC 907930261.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: numeric names: authors list (link)
  6. Widisatuti, Rina (2017-06-27). "Penganut Islam Aboge Rayakan Idul Fitri dengan Ritual Selamatan". Tempo (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-02-06.
  7. Media, Kompas Cyber. "Para Pengikut Aboge Baru Mulai Puasa Hari Ini - Kompas.com". KOMPAS.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2018-02-20.
  8. "Awal Puasa Warga Aboge Hari Ahad Pon". banyumasnews.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2017-12-07.
  9. "Jawa Tengah - Merdeka.com | Mari menilik penanggalan Aboge, yang mulai puasa hari Minggu besok". https://jateng.merdeka.com/. Diarsip saka sing asli ing 2017-05-27. Dibukak ing 2018-02-06. {{cite news}}: External link in |work= (pitulung)
  10. "Penganut Islam Kejawen Tentukan Awal Ramadan Pakai Aboge, Begini Cara Mereka Menghitungnya - Tribunnews.com". Tribunnews.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-02-06.
  11. Andryanto, Dian (2017-06-27). "Baru Hari Ini, Penganut Islam Aboge Salat Idul Fitri". Tempo (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-02-06.
  12. Media, Kompas Cyber. "Kalender Jawa, Akulturasi Budaya Islam-Hindu - Kompas.com". KOMPAS.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2018-01-24.