Krishna Mihardja
Krishna Mihardja (Sukrisna Krisna Mihardja) yaiku salah sijining pujangga Jawa kang lair ing Sidamulya, Sleman, 17 September 1957, saka pasangan Saeni Mihardja (Bapak, Polisi), lan Djuminten (Ibu).[1] Sukrisna Krisna Mihardja dhaup karo Siti Sudaryati ing September 1985. Saka dhaupé karo Siti Sudaryati, lair rong anak, ya iku Candra Satya lan Paramita Kumala. Pendhidhikan dhasaré ing Godean (1972), pendhidhikan madyané ing Kotamadya Yogyakarta (1975), lan gelar sarjana enomé saka IKIP (saiki Universitas Negeri Yogyakarta). Sabanjuré lulus IKIP, dhèwèké makarya ing salah sijining SLTP ing Yogyakarta kawit taun 1979. Sanadyan nyekel mata pelajaran bidang ilmu pasthi, ora teges dhèwèké ora bisa ngewènèhi kawigaten déning bidang ilmu liyané kaya ta bidang ilmu sosial budaya (mliginé sastra) kang satenané wis "nggoda" dhèwèké kawit sinau ing pawiyatan luhur. Bakat kapendhemé diwiwiti nalika taun 1970-an.
Angaku wis miwiti nulis sastra ing taun 1976 sabanjuré maca pirang-pirang cerkak lan guritan kang diamot ing medhia utawa kalawarta Basa Jawa. Kasenengané banjur diterusaké lan dadi kapinginan kanggo nulis sastra. Usahané ora sia-sia amarga tulisané diamot ing pirang-pirang kalawarta. Ing taun 1980-an, karyané Krishna diwiwiti ngebaki kaca pirang-pirang kalawarta Basa Jawa lan Basa Indonesia. Dhèwèké wis miwiti éntuk pangakon minangka dadi pujangga enom kang kreatif. Prosès Krishna Mihardja dadi pujangga luwih didayani déning falsafah urip Jawa; "Becik ketitik, ala ketara, aja nggege mangsa, lan ngono ya ngono nanging aja ngono".
Kanggo dadi pujangga Jawa kang apik dhéwé ing jamané, dhèwèké ora ewuh ngisi uteké karo werna-werna sumber wewacan, lan karya sastra kang ditulis déning Danarto, Putu Wijaya, Iwan Simatupang, lan pujangga-pujangga liyané. Werna-werna sumber wewacan nyebabaké ana unsur "absurditas" ing akèh-akèhé karyané. Sijining tulisan biasané bisa dirampungaké kathi cepet, sanadyan ana pirang-pirang karya kang rampung ing wektu sewulan. Malah ana pirang-pirang karyané kang ora rampung, lan ora diterusaké maneh, banjur nggawé karya liya. Kabeh karya kang ditulis umumé béda saka realitas kang ana ing Indonesia.
Karyané cerkak (crita cekak) tahu dipertal dadi Basa Indonesia, antarané "Sandhal Jinjit" (diamot ing Kompas Minggu) lan "Ki Dhalang" (diamot ing Horison). Kompas lan Horison iku, rong media kang dadi tolak ukur legitimasi sijining wong kanggo dadi penulis. Pamotan pertalan cerkak Krishna Mihardja ing loro media kasebut kanthi langsung njelasake kualitas karya Krishna Mihardja kang dadi kriteria kanggo diamot ing rong media kasebut. Kwalitas karyané uga kadeleng ing antologi cerkak kang judulé Ratu lan novel Sindhen kang dadi bahan kajian kanggo mahasiswa ing Universitas Leiden, Walanda.
Karya-karyané ing Basa Jawa wis terbit ing pirang-pirang antologi tunggal, lan antologi bebarengan, ya iku Palagan Kurusetra (stensilan, 1984), Antologi Geguritan dan Cerkak (Taman Budaya Yogyakarta, 1991), Rembulan Padhang ing Ngayogyakarta (FKY, 1992), Cakra Manggilingan (FKY, 1993), Niskala (FPBS IKIP Yogyakarta, 1993), Mutiara Sagenggem (FPBS IKIP Yogyakarta, 1993), Padhang Sumyar ing Adikarta (RAM, 1993), Pangilon (FKY, 1994), Pesta Emas Sastra Jawa (Pustaka Pelajar, 1995), Pemilu (SSJY, 1997), Pisungsung (Pustaka Pelajar, 1997), lan Rembuyung (Balai Bahasa Yogyakarta, 1997).
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Widati, Sri; Rahayu, Prapti; Prabowo, Dhanu Priyo (2015). Ensiklopedia Sastra Jawa. Yogyakarta: Balai Bahasa Yogyakarta. kc. 287–288. ISBN 978-979-185-235-7.