Kampung Bathik Semarang
Kampung Bathik Semarang yaiku salah sawijining Kampung Bathik manggon ing Kampung Gedong, Kelurahan Rejomulyo, Kecamatan Bubakan Semarang. Kahanan perkampungan bathik ing Kampung Bathik Semarang ora ganep ing Kampung Bathik Lawéyan. Ananging kita bisa oléh bab ing papan loro sing pada menika: Bathik, ajar membathik, lan sajarah bathik. Kampung iki tau nemahi kawijayan kala jamané.
Muncule Kampung Bathik Semarang amerga pengaruh kabutuhan bathik nalika zaman Penjajahan Walanda lan Jepang. Akeh motif bathik kang duweni pengaruh saka model Walanda sing wiwit ana nalika tahun 1840 nganthi 1940 an. Maune kain bathik sing digawe kanggo wong Walanda lan Indi Walanda. Nanging alon-alon, kain bathik semarangan misuwur ing masyarakat njobo, Bangsa Tionghoa.[1]
Kampung Bathik Semarang tau kobongan ing taun 1942 lan kobong maneh nalika perang Limang Dino Ing Semarang ing tahun 1945[2]. Amerga kampung bathik iki dadi panggonan markas para pemuda sing nglakoni perang.
Saben tahun, kanggo mengéti kedadean ing tahun 1945, para warga ngadakake tradisi Titiran. Tradisi iki kanggo ngeling-eling semangat lan kewanian e para warga Semarang sing berjuang nglawan penjajah.[3] Supaya mengko para generasi penerus ora bakal lali marang kedadean ing jaman biyen.

Wektu iki ana 4 pengrajin bathik ing Kampung Bathik Semarang. Saben-saben papan usaha ana sing nduwèni luwih saka 10 karyawan, ana uga sing 5 karyawan. Ing Semarang ana 20 pengrajin Bathik motif Semarangan, ambèk 600 motif Bathik khas Semarangan sing dirembakaaké.[4]
Bathik Semarangan minangka kasil saka refleksi lan pamikiran wong Semarang sing saben dinane urip bebarengan ambek lingkungan sakitare. Mula, motif-motif bathik semarangan akeh sing awujud kewan lan tetanduran. Para pembathik ora kaiket ambek pakem-pakem tertentu sing biasane ana ing proses gawe bathik.[2]
Ing tahun 2005-2006, Kampung Bathik Semarang dibangkitna maneh lan dikembangna supaya kajaga kalestariane. Wektu iku pengembangane nganggo cara nggladheni bathik marang kawula enom. Sahingga kalestariane bathik ing Kampung Bathik Semarang iki iso lestari lan diterusake marang generasi sakbanjure.[2]
Kegiyatan Sinau Bathik
[besut | besut sumber]Salah sijine kegiyatan sing iso dilakoni menyang kampung bathik iki yaiku sinau mbathik. Ing Kampung Bathik Semarang, para tetamu wisatawan iso sinau mbatik, khususe sinau carane nganggo canting. Canting yaiku alat sing kanggo ngisi lilin malem ing dhuwure pola kain. Nganggo canting ora gampang, mangkane kudu sinau supaya iso gunakake canting. Kanggo bocah sekolahan, iki kegiyatan sing iso kanggo nambah ngelmu lan pengalaman. Kegiyatan iki pancen marai seneng.

Pengunjunge Kampung Bathik Semarang katon akeh sing saka bocah sekolahan. Jalaran kuwi amerga sekolahan ing Kutha Semarang nduweni standar kurikulum seng nganakake sinau mbathik. Bocah sekolah diwenehi tugas ajar bathik nganggo canting. Senajan katon sederhana, nganggo canting kuwi iso nglatih kasabaran lan katelitian bocah sekolah.
Kasempatan iki bisa dirasakne bocah sekolahan, amerga bisa ngrasakake carane bathik sing tradisional. Saliyane kuwi, para bocah sekolah uga isa nduweni rasa apresiasi marang bathik. [5][6]
Toko Bathik
[besut | besut sumber]Kanggo wong sing seneng marang kain bathik, ing Kampung Bathik Semarang uga isa tuku kain bathik. Akeh toko bathik seng adol kain bathik, para tetamu isa milih kain bathik sing cocok. Bakule kain bathik nawarake maneka warna ragam kain bathik lan miturut rega sing cocok. Dadi para tetamu isa nemuake kain bathik sing cocok regane.[6]
Toko bathik ing Kampung Bathik Semarang diantarane yaiku, Batik Ngesti Pandowo, Cinta Batik, Batik kurnia, Batik Balqis, Batik 439, Batik Ayumi, Batik Puspitasari, Batik Rosyida, Batik Temawon, Batik Handayani, Batik Arjuna, Batik Jago, BPK Dodo Budiman, Batik FIGA, Batik Elly, Batik Lakmi, BAtik 410, lan liya-liyane.[7]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Apriliana, Fitri; Fakhrihul Na'am, Muh (2022). "Kontinuitas Batik Semarangan".
{{cite journal}}: Cite journal requires|journal=(pitulung); Check|url=value (pitulung) - 1 2 3 ID, Republika. "Romansa Kampung Batik Semarang | Republika ID". republika.id (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-12-16.
- ↑ Yusuf, Muchammad Dafi (2025-10-14). "Kisah Kampung Batik Semarang, Saksi Hidup 5 Hari Perlawanan Warga Lawan Jepang". Kompas.com. Dibukak ing 2025/12/20.
{{cite web}}: Check date values in:|access-date=(pitulung) - ↑ Wahyuningsih, Diyah (2014). Sejarah Batik Jawa Tengah. Badan Arsip dan Perpustakaan Provinsi Jawa Tengah.
- ↑ Qonitah, Labitta; Ekomadyo, Agus Suharjono (2022-10-31). "Creative Placemaking pada Kampung Batik Semarang Studi Kasus Kelurahan Rejomulyo". Arsitektura : Jurnal Ilmiah Arsitektur dan Lingkungan Binaan (ing basa Indonesia). 20 (2): 289–296. ISSN 2580-2976.
- 1 2 "Belajar Membatik Di Kampung Batik Semarang". Paket Wisata Murah (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-24.
- ↑ Semarang 2022, Diskominfo Kota. "Kampung Tematik - Kota Semarang". kampungtematik.semarangkota.go.id. Dibukak ing 2025-12-24.