Kampung Bathik Lawéyan
Lawéyan ya iku salah siji séntral Bathik ing Sala. Akéh sejarah ing désa sing ciriné Bathik Sala.Sejarahé uga raket karo pangrembakan Keraton Majapahit lan sebarané ajaran Islam ing tlatah Jawa.
Nanging ing pira-pira catetan, prangembakan bathik akèh dilakoni ing masa keraton Mataram, banjur ing masa Keraton Sala lan Ngayogyakarta.
Dadi kesenian bathik iki ing Indonésia wong dikenal saka jaman keraton Majapahit lan ngrembaka tekan saiki. Seni bathik ini awit kondhang dadi anggoné wong Indonésia lan khususé suku Jawa ya iku sak uwisé pungkas abad ke-XVIII utawa wiwit abad ke-XIX. Bathik kang dikasilké yai ku sekabèhané bathik tulis tekan wiwit abad ke-XX lan bathik cap kondang sak uwisé perang donya kaping pisan kira-kira taun 1920.
Akèh daérah kang ngasilke bathik yaiku ing daérah santri lan dadi piranti tokoh perdagangan muslim kanggo ngelawan Walanda.
Seni bathik ya iku seni nggambar ing nduwur kain anggawé sandhangan lan dadi salah siji kabudayan raja jaman mbiyèn. Nanging ing jaman mbiyèn bathik dikerjakké namung ana batesé. Amarga iku akeh wong ing njaba keraton sing nggawé nang nggoné déwé-déwé.
Sué-sué seni bathik ditiru wong sing mapan ing cedake, gawé ngisi wektu senggang. Sak uwise, bathik kang wiwité amung dienggo kaluwarga keraton saiki dadi sandangan sing lumrah dienggo sapa-sapa.
Bahan-bahan kang dienggo gawé pawarna asalé saka wit-witan asli Indonésia, ya iku mengkudu, soga, nila, soda awu lan liya-liyané.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Anindito., Prasetyo, (2010). Batik : karya agung warisan budaya dunia (édhisi ka-Cet. 1). [Yogyakarta]: Pura Pustaka. ISBN 9789791706209. OCLC 688645162.
{{cite book}}
: CS1 maint: extra punctuation (link)