Kalepatan dwija

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kalepatan ingkang Asring Dipuntindakaken déning Dwija

Pamarentah asring nindakaken manéka upaya kanggé ningkataken kualitas dwija, antawisipun lumantar pelatihan, seminar, lan lokakarya, bahkan lumantar pawiyatan formal, kanthi nyekolahaken dwija ing tingkat ingkang langkung inggil. Sanadyan ing lelampahanipun taksih tebih saking punapa ingkang dipunkarepaken. Ing praktek pawiyatan padinan, taksih kathah dwija ingkang nindakaken kalepatan - kalepatan ing salebeting nglampahi ayahan lan ginanipun. Dwija kedah saged mangertosi kaanan - kaanan ingkang saged dadosaken dhirinipun dwija damel kalepatan, lan ingkang langkung wigati inggih punika ngendalikaken dhiri sarta ngadohi saking kalepatan - kalepatan. Sakedhikipun wonten pitu kalepatan ingkang asring dipuntindakaken dwija ing prosès pasinaonan.

1. Mundhut Jalan Pintas

Supados botèn ngantos mundhut jalan pintas ing pasinaonan, dwija kedahipun mirsani pasinaonan minangka sawijining sistem, ingkang manawi salah satunggaling komponèn ingkang terganggu, mila badhé ngganggu sadaya sistem wau.

2. Ngentosi Peserta Didik Tindak - Tanduk négatif

Dwija kedah mirsani tindak - tanduk peserta didik ingkang négatif, lan mengeliminasi tindak - tanduk mau supados boten kadadosan malih.

3. Ngginakaken Destructive Discipline

Sapunika kathah tindak - tanduk négatif ingkang ditindakaken déning peserta didik, ingkang tarkadhang nglangkungi watesipun kewajaran amargi sampun menjurus ing tindak ngalawan hukum, nglanggar tata tertib, nglanggar moral agami, kriminal, lan sampun bekta akibat ingkang sanget ngrugikaken bebrayan ageng. Ing pasinaonan, dwija badhé ngadhepi kaanan - kaanan ingkang nuntut para dwija kedah nindakaken disiplin. Ingkang asring dipunraosaken peserta didik inggih punika manawi dwija asring maringi ayahan, nanging boten naté maringi umpan balik tumrap ayahan ingkang sampun dipunkerjakaken. Tindakan mau kalebet upaya pasinaonan lan penegakan disiplin ingkang destruktif (destructive discipline), ingkang sanget ngrugikaken peserta didik.

4. Mengabaikan Bèntenipun Peserta Didik

Kita mangertosi bilih saben peserta didik gadhah perbedaan individual ingkang sanget dhasar ingkang kedah dipun-gantos wonten ing pasinaon. Dwija kedahipun saged mengidentifikasi perbedaan individual ingkang dados karakteristik umum ingkang dados ciri kelasipun, saking ciri-ciri individual ingkang dados karakteristik umum punika kedahipun dwija miwiti pasinaon.

5. Ngraos Langkung Pinter

Kalepatan punika dipunwiwiti saking kaanan bilih limrahipun peserta didik ing sekolah yuswanipun langkung enem saking dwijanipun, saéngga dwija ngraos bilih peserta didik kasebat langkung bodho. Pangraosan punika sanget menyesatkan, amargi wonten ing kaanan kados sapunika peserta didik saged sinau lumantar internet lan manéka medhia massa. Babagan punika kathah kadados ing kitha.

6. Boten Adil Keadilan ing pasinaonan inggih punika kewajiban dwija ing pasinaonan, lan hak peserta didik kanggé nggayuh. Pambiji inggih punika upaya kanggé maringi penghargaan dhateng peserta didik jumbuh kaliyan usaha ingkang dipuntindakaken. Mila saking punika, wonten ing prosès pambiji kedah ditindakaken kanthi adil, lan leres-leres cermin saking tindak-tanduk peserta didik.

7. Memaksa Hak Peserta Didik

Memaksa hak peserta didik inggih punika kalepatan ingkang asring ditindakaken déning dwija, minangka akibat saking pakulinan dwija bisnis ing pasinaonan, saéngga menghalalkan sadaya cara kanggé nggayuh keuntungan.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Mulyasa, E. 2001. "Menjadi Guru Profesional". Bandung: Remaja Rosdakarya