Kaisar Tang Xuanzong

Kaisar Tang Xuanzong (Cina: 唐玄宗) (lair 8 Sèptèmber 685 – pati 3 Mèi 762 ing umur 76 taun).[1] Kaisar Tang Xuanzong uga dikenal kanthi jeneng Kaisar Tang Ming (Cina: 唐明皇; pinyin: Táng Mínghuáng), lan uga nduwéni jeneng Li Longji (李隆基), utawa Wu Longji (武隆基).[1] Kaisar Tang Xuanzong urip wiwit taun 690 nganti 705.[1] Kaisar Tang Xuanzong iku kaisar dinasti Tang kang kaping pitu.[1] Kaisar Tang Xuanzong mimpin Dinasti Tang wiwit taun 712 nganti taun 756.[1] Kapemimpinane kang suwené 43 taun kalebu paling suwé ing Dinasti Tang.[1] Kaisar Tang Xuanzong kalebu kaisar kang sregep lan pinter, malah-malah dianggep dadi kaisar kang bisa nggawé jaya Dinasti Tang.[1] Nanging amarga banget percayané karo Li Linfu, Yang Guozhong lan An Lushan ing akir kauwasaane saéngga ana Pemberontakan Anshi.[1]
Papréntahan Kaisar Tang Xuanzong diarani Papréntahan Kaiyuan.[1] Sanajan nalika sepisanan nagara dadi sugih lan rakyat makmur nanging anané pambrontakan Anshi ndadèkaké Dinasti Tang bangkut lan ambruk.[1] Kaisar Tang Xuanzong uga tau menéhi jeneng kahormatan tumrap An Zhongzhang kanthi jeneng Baoyu kang tegesé kang nyekel watu kumala.[2] Jeneng iki diwénéhaké amarga An Zhongzhang nduwéni prestasi kang apik.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |