Ijarah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Ijarah[besut | besut sumber]

Ijarah asalé saka basa Arab, kang tegesé upah, sewa,utawa jasa. Salah sawijiné wujud kagiyatan muamalah ing sajeroning njangkepi kabetahan urip manungsa, kaya ta sewa, kontrak, lan jasa perhotèlan. Pangertosan ijarah miturut ulam mahzab Syafi'i ya iku transaksi tartamtu tumrap salah sawijiné mupangat kang dituju, asipat mubah lan bisa dianggo kanthi upah tartamtu.

Dhasar Hukum Ijarah[besut | besut sumber]

Miturut ulama fiqih dhasar diantukéné ijarah iku ana ing Al-Quran lan Hadis. Al-Quran kang didadekaké dhasar hukum ijarah ya iku Q.S. Az-Zukhruf, 43:32, At-Talaq, 65:6 lan Q.S. Al-Qaşas, 28:26.

Jinising Ijarah[besut | besut sumber]

Dideleng saka segi objeké, ulama fiqih mantha akad ijarah dadi 2, ya iku:

  • Ijarah kang sipaté paedah utawa mupangat, kaya sewa: omah, toko, motor, mobil, lan klambi. Yèn mupangat iku kalebu mupangat kang dipikantuki syarat kanggo dianggo, mula ulama fiqih sarujuk yèn olèh kanggo sewa.
  • Ijarah kang sipate pagawéyan ya iku kanthi cara ngongkon wong kanggo nandangi pagawéyan. Miturut ulama fiqih ijarah ing babagan pagawéyan éntuk yèn pegawéyané mau cetha, tuladhané réwang omah, buruh yasan, tukang jait, lan tukang sepatu.