Honai

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Honai ya iku omah khas Papua.[1]

Struktur yasan[besut | besut sumber]

Omah Honai kadadéan saka kayu kaliyan atap wujud kerucut kagawé saka jerami utawa ilalang. Honai sengaja diwangun sempit utawa cilik lan ora ana jendhelané duwèni tujuan kanggo nahan hawa adhem pagunungan Papua. Honai racaké diyasa dhuwuré 2,5 mètér lan pérangan tengah omah disiapaké kanggo gawé api unggun kanggo ngangetke awak. Didheleng sepintas kaya omah Iglo ing Kutub Lor, nanging ora kagawé saka es. Omah Honai kapèrang dadi telung tipe, ya iku kanggo lanang (sinebut Honai), wadon (sinebut Ebei), lan kandhang babi (sinebut Wamai). Alam Papua kang taksih asri lan seger dadekaké wargané kudu krèatif gawé samubarang kang bisa ngangetke awak. Salah sijiné ya iku gawé panggonan mirunggan kanggo gawé api unggun ing tengah omah.[1] Omah Honai racaké dienggoni 5 nganti 10 wong. Omah Honai ing siji yasan minangka panggonan istirahat (turu), yasan liyané kanggo panggon mangan bareng, lan yasan katelu kanggo kandhang ternak. Dhapuré padha nanging gunané dhéwé. Omah Honai kadadéan saka 2 tataran. Jogan lingga lan jogan siji dihubungke nganggo tangga saka pring. Para priya turu ing jogan lingga mubeng, lan para wadon turu ing jogan siji.[1] Honai ya iku omah kanggo ditinggali, nanging ing jeroné ora bakal tinemu piranti omah-omahan. Kaya ta, ing jero omah ora ana kasur kanggo turu, gentine ngango suket-suketan garing kanggo alas. Ing jero Honai utawa Ebei uga ora ana kursi utawa méja, wong kang duwé omah gunakaké lantai saka tanah kanggo alas lungguh. Ora mung iku, omah adat Papua ora duwé lampu listrik. Kanggo pepadhangan, dhèwèké gawé api saka gali tanah ing dhasar lantai dumadi tungku. Swasana omah krasa petheng yèn wayah wengi, amarga ora ana jendhéla. Ing saben komplek omah adat iki, bisa tinemu pira-pira Honai. Uniké, cacah Ebei kang nandhakaké cacahé istri, amarga lanang ing laladan iki gadhah bojo punjul siji, apamanèh kepala suku.[1]

referensi[besut | besut sumber]