Menyang kontèn

Hèksadèsimal

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Heksadesimal)

Hèksadèsimal utawa sistem wilangan basis 16 iku sawijining sistem wilangan sing migunakaké 16 simbul. Béda karo sistem wilangan dèsimal, simbul sing dipigunakaké sajeroning sistem iki ya iku angka 0 nganti 9, ditambah 6 simbul sing migunakaké aksara A nganti F. Aji dèsimal sing setara karo saben simbul mau kacetha ing tabel iki:

0hex=0dec=0oct0000
1hex=1dec=1oct0001
2hex=2dec=2oct0010
3hex=3dec=3oct0011
4hex=4dec=4oct0100
5hex=5dec=5oct0101
6hex=6dec=6oct0110
7hex=7dec=7oct0111
8hex=8dec=10oct1000
9hex=9dec=11oct1001
Ahex=10dec=12oct1010
Bhex=11dec=13oct1011
Chex=12dec=14oct1100
Dhex=13dec=15oct1101
Ehex=14dec=16oct1110
Fhex=15dec=17oct1111

Konvèrsi

[besut | besut sumber]

Konvèrsi saka hèksadèsimal menyang dèsimal

[besut | besut sumber]

Cara ngonvèrsi menyang wilangan dèsimal, bisa migunakaké formula iki:

Saka wilangan hèksadèsimal H sing wujud untai digit , yèn dikonvèrsi dadi wilangan dèsimal D, mula:

Tuladha, wilangan hèksa 10E sing bakal dikonversi menyang wilangan dèsimal:

  • Digit-digit 10E bisa dipisahaké lan ngganti wilangan A nganti F (yèn ana) dadi wilangan dèsimal padanané. Sajeroning conto iki, 10E diowahi dadi barisan: 1,0,14 (E = 14 sajeroning basis 10)
  • Nangkaraké (ngepingaké) saben digit marang aji panggonané.

Kanthi mangkono, wilangan 10E hèksadèsimal padha karo wilangan dèsimal 270.

Konversi saka dèsimal menyang hèksadèsimal

[besut | besut sumber]

Déné cara ngonvèrsi sistem dèsimal menyang hèksadèsimal (kita gunakaké conto sadurungé, ya iku angka dèsimal 270):

 270 dipara 16 asilé:  16   sisa 14  (= E)
  16 dipara 16 asilé:   1   sisa  0  (= 0)
   1 dipara 16 asilé:   0   sisa  1  (= 1)

Saka pètungan ing dhuwur, aji sisa sing ana (yèn ditulis saka ngisor mendhuwur) bakal ngasilaké : 10E sing dadi asil konvèrsi saka wilangan dèsimal menyang hèksadèsimal iku.