H.G. Wells
H. G. Wells | |
---|---|
Lair | Herbert George Wells 21 Sèptèmber 1866 Bromley, Kent, England |
Pati | 13 Agustus 1946 Regent's Park, London, Inggris | (umur 79)
Pakarya | Cithakan:Cslist |
Almamater | Royal College of Science (Imperial College London) |
Gènre | Cithakan:Cslist |
Subyèk | Cithakan:Cslist |
Karya gedhé | |
Taun akarya | 1895–1946 |
Bojo |
|
Anak | 4, including George Phillip "G. P." Wells and Anthony West |
Dulur |
|
Tandha tangan | |
President of PEN International | |
Linggih October 1933 – October 1936 | |
Kang sadurungé | John Galsworthy |
Kang sawisé | Jules Romains |
Herbert George Wells yaiku pelopor fiksi ilmiah kang lair ana ing Bromléy-Kènt, Inggris. Dhèwèke nyianoni babagan biologi ing Universitas London. Bukune kang sepisan yaiku Select Conversations with an Uncle (1895), banjur dietutaké buku liyané kanthi sesirah The Time Machine (1895), bukune kang paling dawa sing ngemu fiksi ilmiah. Buku kang nyritakaké ngenani lumakuné manungsa kang nemokaké mesin ing ngendi dhèwèké bisa sasenengé dhéwé migunakaké wektuné kanggo lumaku-lumaku. The Time Machine ora mung ngemu basa-basa anyar, nanging uga ana atusan malah nganti éwon basa tiron liyané.
Sasuwéné abad 20, wektu lelungané iku dianggo dadi ilham kang ana sajroné buku, pilem, lan adicara tipi. Amèh kabèh kahanan ing sajroné ilmu pisika saka wektu lelungané kang digunakaké sasuwéné abad 20 déning panulis piksi ilmiah iki uga dilebokaké ana ing taun 1895 [1]
Buku kondhang piksi ilmiah, The Invisible Man (1897) lan The War of The Worlds (1898) kang karipta saka ontran-ontran nasional kajupuk saka radio déning Orson Welles ana ing tahun 1938.
Sajrone buku The Shape of Things to Come (1933), Wells nyoba ngramal kedadéyan lan kahanan ana ing pungkasané abad 20 lan pawitan abad 21. Paningalé tumuju ana Perang Donya II, kang isih durung kedadèn, ing ngendi ing jeroné ana perkara-perkara kang nengsemaké, nanging sabanjure dhèwèké luwih milih ngentèkaké wektuné ing lelungan nggolèki pilosopi. Lumrah, apa kang dadi penggawéané ora adoh saka objèk kendaraan miturut pangingalé kaum sosialis lan militan.
Kapustakan
[besut | besut sumber]- ↑ Perkins, Christine N. (2005). Pustaka Pintar 100 Penulis yang Membentuk Sejarah Dunia. Jakarta: Progres. kc. 179–181. ISBN 9793359684.