Menyang kontèn

Guwa Kebon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Guwa Kebon Guwa Kebon inggih punika salah setunggaling guwa ingkang mapan wonten ing Dhukuh Tujuh, Désa Krembangan, Kecamatan Panjatan, Kabupatèn Kulon Progo, Provinsi Daérah Istiméwa Yogyakarta, Indonésia.[1] Guwa Kebon menika gadhah manéka warni  potènsi alam ingkang saé, salah setunggalipun inggih punika toya dhawah ingkang nginggilipun ngancik 7 mèter. Guwa Kebon punika dados papan pariwisata ingkang dipunjangkepi kaliyan papan kanggé kémah. Gowa menika dipunwastani Gowa Kebon amargi manggèn wonten ing tengah-tengah kebon utawi pekaranganipun warga. Gowa Kebon menika kabentuk saking prosès alami endhapan toya kapur ingkang langkung dangu.[2]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Guwa Kebon punika kala rumiyin dipunginakaken déning Kyai Abdul Solèh kanggé ngajaraken piwulang dhateng muridipun. Ing wiwit mangsa penjajahan, Guwa Kebon ugi dipunginakaken kanggé ndhelik saking penjajah Walanda. Tlatah ing guwa punika naté dibikak déning Kyai Abdul Solèh ing taun 1510 kepengker. Kyai Abdul Solèh gadhah panggalih kanggé mbikak siti ing laladan kasebat supados masarakat ing sakiwa-tengenipun saged nidakaken kegiyatan tetanèn lan saged ngraosaken asilipun piyambak-piyambak. Guwa kebon menika manggèn ing ngandhapipun toya dhawah ingkang sakiwa-tengenipun wonten kebon utawi pekaranganipun warga, mila guwa kasebat lajeng dipunwastani Guwa Kebon.

Kaéndahan

[besut | besut sumber]

Gowa Kebon gadhah kaéndahan piyambak, inggih punika toya dhawah ingkang mboten langsung dhawah ingandhap, ananging kedah mili medal nginggilipun lathi guwa utawi lobang guwa ingkang katutup tirai watu. Tirai watu ing toya dhawah. Guwa Kebon kabentuk saking prosès endhapanipun toya kapur kantos wekdal ingkang langkung dangu. Lajeng wiyaripun guwa menika cekap wiyar udakawis 3 dumugi 5 meter. Ing langit-langit guwa wonten stalaktit ingkang lancip. Setunggal ing antawisipun stalaktit wonten ingkang sampun dados setunggal kaliyan stalakmit lan mbentuk kados tiyang penyangga. Toya dhawah ingkang inggilipun 7 mèter, toyanipun mili terus mboten pernah sat ing mangsa ketiga. Dhawahipun toya mbentuk tirai alam wonten ing ngajengipun bolongan guwa. Toya ingkang bening punika mili ing antawisipun watu-watu kapur. Lajeng ing sakiwa-tengenipun lepen ingkang wiyar wonten kathah wit klapa lan tetuwuhan ingkang ijo royo-royo.[3]

Toya Abadi

[besut | besut sumber]

Toya saking toya dhawah Gowa Kebon menika ilinipun mboten naté sat amargi toya dhawah menika mboten gumantung kaliyan ilining toya lèpèn ananging langsung saking toya sumber utawi tuk. Senadyan ngancik ing mangsa ketiga ananging toya menika mboten asat. Caket kaliyan Guwa Kebon wonten sumber toya anama Sendhang Kyai Pitu. Toya ing Sendhang Kyai Pitu gadhah kasiyat kanggé ngobati sesakitan.

Gowa Kebon ugi nyuguhaken panggénan ingkang nyaman kanggé plancong antawisipun panggénan kanggé parkir, mushola, WC, warung makan lan spot-spot foto ingkang didamel saking empring.

Margi tumuju ing Guwa Kebon menika sampun gampil amargi sampun dipun aspal lan rata. Jalur ingkang paling gampil saged medal Kutha Wates, saksampunipun dumugi Monumen Nyi Ageng Sérang, mendhet arah ngidul, lajeng wonten prasakawan Nagung menggok ngiwa dumugi Polsèk Panjatan. Pratigan Polsèk Panjatan ménggok ngiwa, ndhèrèkaken margi ing arah Balai Desa Krembangan, lajeng ménggok ngiwa malih, lajeng ndhèrèk nyuwun pirsa kaliyan warga sekitar amargi dèrèng wonten petunjuk arah tumuju Guwa Kebon. Menawi badhé medal jalur Brosot, pratigan Polsèk Panjatan ménggok nengen. Saking pratigan menika minangka jalur ingkang sami ingkang saged diléwati nalika mendhet jalur Kutha Wates. Saking margi aspal tumuju Guwa Kebon pelancong namung betahaken wekdal kirang saking gangsal menit kemawon. Pelancong saged medal dalan cor-coran ingkang wiyaripun 2,5 mèter kanggé tumuju ing parkiran. Saking pangénan parkir dumugi toya dhawah, pelancong kedah mlampah mandhap udakawis tebihipun 100-200 mèter. Wonten kalih margi ingkang saged dipunliwati kangge dugi ing toya dhawah inggih punika margi inginggil lan margi ingandhap. Margi ingandhap sampun dipunbangun undhak-undhakan lan margi cor-coran. Margi ingandhap ugi ngliwati aréa outbound kados ta margi inginggil.[4]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. H, Yanuar (2018-03-06). "Goa Kebon, Wisata Alam di Kulon Progo yang Belum Banyak Terjamah". liputan6.com. Dibukak ing 2019-11-05.
  2. "GOA KEBON, GOA NAN ELOK YANG TERSEMBUNYI" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2015-10-28. Diarsip saka sing asli ing 2019-11-05. Dibukak ing 2019-11-05.
  3. "Menikmati Keindahan Goa Kebon di Kulon Progo". Zonabikers.com. 2017-01-31. Diarsip saka sing asli ing 2019-11-05. Dibukak ing 2019-11-05.
  4. Rivaldi, Rero (2018-04-26). "Goa Kebon, Wisata Alam Jogja yang Belum Banyak Diketahui Orang". Traveling Yuk (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 2019-11-05. Dibukak ing 2019-11-05.