Gendhing Bima Kurdha

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Gendhing Bima Kurdha ya iku salah sawijining gendhing Jawa kang awujud soran. Sora kuwi mujudaké tembung 'sora' kang entuk panambang '-an'. Gendhing Bima Kurdha kuwi awujud ladrang, ing sagongan gendhing Bima Kurdha ana wolung thuthukan. Instrumèn kang ditabuh nalika nyuguhaké gendhing mau ya iku saperangkat gamelan jangkep kaya ta Demung, Saron, Kendhang, Peking, Slenthem, Kenong, Kethuk, Kempyang, Kempul, Bonang Barung, Bonang Penerus, Bonang Panembung, lan Gong Gedhe, Kabeh instrumèn mau wis ana pathokan cara nabuhé dhéwé-dhéwé ana kang mipil, ana uga kang ngetegi. Gendhing Bima Kurdha ing Ngayogyakarta asring dinggo ngiringi tari klasik gagrag Ngayogyakarta ya iku Tari Lawung Ageng. Menawa gendhing Bima Kurdha dianggo ngiringi tari biyasané gendhing mau kawuwuhan kandha lan kang dadi pamurba gendhing iku ora mung kendhang nanging uga manut thuthukaning keprak.

Gendhing Bima Kurdha uga bisa diarani gendhing kaprajuritan, amarga gendhing mau ditabuh kanthi irama sing nggambaraké gumregahé prajurit Ngyaogyakarta ing jaman semana. Gendhing Bima Kurdha wis ana wiwit jaman Sri Sultan Hamengkubuwana V utawa jaman Walanda isih marak nggawa pangaribawa ing Kraton Ngayogyakarta, mula gendhing kuwi banjur ana akulturasi karo bangsa Walanda ya iku kasisipi instrumèn musik kulon kaya ta snare drum lan trompet.[1]

Kang nabuh gendhing Bima Kurdha iku biyasané para wiyaga ing Kraton Ngayogyakarta. Wiyaga mau ora kena wiyaga kang sembarangan, tegesé wong kang nabuh gendhing Bima Kurdha kudu resik lan wening pikiré. Kuda kang wus gladhi kanthi tumemen lan bisa ngrasakake lakuning gendhing. Nanging mangkono ora duwéni teges menawa wong-wong biyasa ora kena nabuh gamelan. Kabeh bisa nabuh gamelan kanthi ajar dhisik, bisa melu sanggar-sanggar karawitan kang dipimpin saka wong njero keraton lan sapanunggalané. Sanggar karawitan kang kondhang mbabar utawa nggladhi gendhing-gendhing klasik tumrap wong kang lagi waé kepengin sinau ya iku sanggar Gambir Sawit kang mapan ing laladan Taman Siswa. Ing kono bisa disinau gendhing-gendhing klasik kaya Bima Kurdha mau.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "AKULTURASI DALAM GENDING KEPRAJURITAN KERATON YOGYAKARTA" (PDF). ISI Yogyakarta.