Entis Sutisna

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Entis Sutisna ya iku minangka dhalang Wayang golèk saka kutha Bandung Jawa Barat. Entis Sutisna utawa Aki Acin saktenané minangka saksi urip wayang golèk. Dhéwéké iku pioner kang pegawèyané nggawèkaké klambi kanggo wayang golèk, saka usahané iku wayang golèk bisa katon urip ing saktengahé masarakat. Malah saiki umure sing wis ngancik meh seabad, Aki Acin terus mujudaké kaprigelané ana ing donya seni, ya iku donya wayang golèk.

Babad Urip[besut | besut sumber]

Kulawarga[besut | besut sumber]

Entis Sutisna utawa Aki Acin lair ana ing Pedalarang 23 Maret 1920. Dhéwéké ngrampungaké ana ing Sekolah Rakyat Warungawi,  Aki Acin iku dudu saka kaluwarga seniman, dhéwéké lair saka kaluwarga biyasa, wong tuwané kekaroné nyambut gawé dadi juru tani ing Pedalarang. Ananging tresnané marang pagelaran seni sunda nggawa dhéwéké mlebu ana ing donya seni. Dhéwéké minangka panonton kang setya marang pagelaran seni. Aki Acin kerep lunga adoh amung belani nonton pagelaran seni.

Pangalaman[besut | besut sumber]

Aki Acin wiwit taun 1942 wis mlebu ana ing donya seni, ananging rasa senengé marang donya seni wis nyebapaké dhéwéké mlebu ing kana. Dhéwéké minangka panonton kang setya marang pagelaran seni, dhéwéké lilo menawa delok pagelaran, kamangka adoh saka omahé. Tuladhané kayata pagelaran sunda kanthi lakon “Medal Sekarwangi”  ing Sumedang. Adohe 120 Kilomèter saka Padalarang. Wiwit amung dadi panonton dhéwéké olèh tawaran dadi lakon main wiwit umur 22 tahun. Lakon kang dipragakè dening Aki Acin manéka werna, wiwit dadi wong biyasa nganti dadi satriya ana ing pagelaran wis dilakokaké. Ananging dhéwéke ya ora nolak manawa dhéwéké dijaluk tulung supaya njahit utawa nyepakaké klambi kanggo pagelaran.

Sakliyané iu dhéwéké uga melu paguyuban “Ganjar Sabar” saka Majalengka, sasuwené ana ing Jawa Barat, dhéwéké uga pindah ana ing Jakarta lan gabung ana ing paguyuban Sandiwara Sunda Miss Tjitjih wiwit taun 1950. Bebarengan karo Miss Tjitjih, kaprigelané saya suwe saya apik. Paguyuban iki minangka paguyuban kang disenengi déning masarakat ing jaman kasebut.

Pegawèyané[besut | besut sumber]

Pangalaman urus kostum mangkono dadi sangu Aki Acin nggawe klambi kanggo wayang golèk, dhéwéké dadi mangerténi kepiyé carané ngukur klambi, milih werna nganti pilih motif kang jangkep. Ing taun 1975 dhéwéké mundur saka Miss Tjitjih banjur nggawé klambi wayang golèk. Karya-karya kang digawé Aki Acin agawé kondhang ana ing donya seni. Mula saka iku akèh pesenan klambi wayang golèk saka maneka dhalang. Usaha iki dadi pegawèyan anyar kanggo Aki Acin.

Rega kostum kang digawé aki acin direga miturut gedhe cilike awaké wayang. Kanggo wayang saukuran Prabu Arimba ,didol kanthi rega  Rp 300.000 per kain. Béda karo klambi wayang satria kayata Gatotkaca,kang duwéni ukuran luwih cilik, sing direga Rp 150.000 per kain. Sakliyanè iku akèh wong kang mara nggoné Aki Acin saperlu nyinaoni kepriye carane anggone gawe klambi wayang wong, Aki Acin malah saya seneng akeh wong sing sinau babagan wayang golèk. Ananging kabecikan kang dilakoni Aki Acin akèh sing ngluputaké, akèh dhalang sing padha pesen klambi wayang golèk, ananging lali anggoné bayar, Kamangka kasilé anggoné gawé klambi wayang golèk ora sepira, dhéwéké tau saka omahé ana ing Jawa barat numpak bis kanggo ngeteraké pesenan klambi wayang golèk. Usaha kaya mangkono iku dilakoni wis ana pirang-pirang wulan kepungkur sakurungé dhéwéké lara ana ing rumah sakit.Kamangka ing tengah-tengahé ekonomi, bathi kang dijupuk ora akèh.

Pribadi[besut | besut sumber]

Saiki Aki Acin urip ijèn ora duwè omah. Miturut Opik Sunandar Sunarya, dhalang paguyuban Mekar Arum 2 Giriharja Bandung Barat, sing kerep ngancani Aki Acin setaun keri iki. Opik kandha, menawa Aki Acin minangka saksi urip wayang golèk, dhéwéké iku pioner kang pegaweyané ngawekaké klambi kanggo wayang golèk, saka usahané iku, wayang golèk bisa katon urip ing masarakat. Malah ing umure saiki sing wis ngancik meh seabad, Aki Acin terus mujudaké kaprigelané ana ing donya seni, ya iku donya wayang golèk. Siji baka siji werna-werni klambi wayang golek isih digawé déning Aki Acin Mripaté tetep waspada masang bolah. Driji-drijiné isih kuwat rikat nalika jahit klambi,dhéwéké wis nglakoni wiwit 43 taun kepungkur, dhéwéké wis kulina nalika nyambut gawé sarwa satiti. Aki Acin Kandha, menawa wiwitané amarga gorehé dalang Cèp Safaat Partasuwanda lan dalang Asep Sunandar Sunarya kekaroné minangka dhalang periode 1970-an lan dhalang enom kanthi duweni samubarang idé. Cèp Safaatadalah inivator ing sandiwara Sunda lan  wayang golèk, déné Asèp Sunandar minangka kréator ing teknik pagelaran. Kékarone jaluk tulung marang Aki Acin supaya nggawékaké klambi kanggo wayang Golèk, supaya katon éndah, amarga sakurungé klambi wayang golèk amung kain kang diubetaké ana ing awaké wayang. Aki acin kandha menawa "kunciné  nyesuekaké karakter lan bentuk wayang lan duwéni gegayutan supaya kostum ora ngilangaké karakter wayang kui.

Rujukan[besut | besut sumber]

[1]

  1. Helmy, Cornelius (2018-09-29). "Entis Sutisna Menjadi Saksi Evolusi Jagat Wayang Golek".