Dwi Handoko
Dwi Handoko lair wontén ing Blitar 15 April 1977. Handoko punika salah sawijining kepala desa ing Blitar ya iku Désa Sèrang. Handoko gadhah èstri ingkang namanipun Yuliantina lan putra kalih yaiku Èlang Ahmad Marhaénata Al-Akbar lan Lintang Dyah Naila Praméswari. Pangaji ingkang dipuntampi Handoko inggih punika Desa Inovatif 2015 dari Fakultas Ilmu Administrasi Universitas Brawijaya Malang lan Juara I Lomba Perencanaan Desa Wisata 2015 Pemerintahan Kabupaten Biltar.[1]
Lelampahan urip
[besut | besut sumber]Handoko punika lulus saking SMAN 1 Talun, Blitar. Taun 1996-1997, Handoko nyobi kuliah wonten Politeknik Malang. Ananging amargi dhèwèké rèmen kalihan musik ingkang dipunbèkta kalihan Nirvana, dhèwèké kalihan rencang-rencanngipun kathah nelasaken wekdal wonten musik. Saksampunipun kuliah Handoko nyebrang wontèn Kalimantan kagem nyambut damél wonten perusahaan kontraktor kanthi satunggal taun. Taun 2000, dhèwèké sampun bali wontèn Blitar lan dhaup kalihan Yuliantina saha saking punika dhèwèké gadhah kalih putra. Lajeng, Handoko punika ngripta usaha sèrat nanas alit-alit lan miwiti aktif wontén ing karang taruna saha wiwit ngripta usaha kontraktor ing Blitar. Taun 2014 Handoko punika dados kepala dèsa ing Dèsa Sèrang.
Bantèng saking Blitar Kidul
[besut | besut sumber]Senadyan kauripanipun kapenak, Handoko taksih boten trep kalihan kahananipun dèsa amargi ing desanipun punika boten wonten owah gingsingipun saking rumiyin. Wonten Dèsa Sèrang punika taksih kathah ingkang lulusan SD saha wonten ingkang kerja punika ingkang dados TKI ing Malaysia amargi ing Dèsa Sèrang punika botén sagéd dipundadosaken pangarep-arep kanthi padintenan.
Taun 2013, Handoko nyalonaken dados kepala desa lan kapilih dados kepala desa ing Dèsa Sèrang. Saksampuninpun dados kepala dèsa. Sanadyan taksih enggal dados kepala desa, Handkoko punika sampun ngeterakaken kathah inovasi, salah sawijining yaiku kerja sama déning Perhutani kagem ngelola wisata Pantai Sèrang, damel konservasi tukik utawi penyu lan ngembangaken ternak wèdhus saking anggaran dèsa.[2]
Dados kepala desa Handoko mirsani salah sawijining potensi ingkang wontèn ing dèsanipun inggih punika kaindahan Pantai Sèrang. Ananging, wontèn ing pantai ménika taksih dipunkelola déning pèmèrintah dèsa boten warganipun. Dados warga ménika boten angsal manpaatipun kajaba sampah saking turis ingkang dolan wonten pantai. Taun 2015, Handoko nyuwun déning Pemda Blitar supados warga ing Dèsa Serang punika bis atumut nglestarikaken wisata ing Pantai Serang ingkang gayut kalihan UU Dèsa Nomor 6 Taun 2014. Sakwise 3 taun, ing wulan Mei 2018 Dèsa Sèrang pikanthuk hak ngelelola Pantai Sèrang. Dados pantai punika dipunkèlola dèning tigang institusi, yakni Dèsa Sèrang, Pembakb Blitar lan Perhutanan. Sistemipun bagi asil.
Taun 2017 Handoko milai bangun usaha kanggo dèsa (BUMdes) supados ekonomi dèsa punika saged minggah. Usahanipun inggih punika ternak wedhus ingkang dananipun saking kas dèsa.Kas dèsanipun wonten 100 juta lan dipunginakaken dados tuku wèdhusi cahcahipun 100 ingkang wadon lan liyanipun kagèm biaya tumbas obat saha prakawis ternak sanesipun. Wèdhus punika dipuntitipaken déning warga supados dipunpelihara lan anakannipun punika dados kagunangan ingkang melihara wèdhus ménika wau. Yen wonten wèdhus ingkang mati, BUMDes punika nggantos. Wèdhus ingkang mati punika ingkang botèn anakanipun. Handoko
Taun 2018 Handoko ngrèsmikaken Jembatan Kali Klatak ingkang dados panghubung anatawisipun Dèsa Serang kalihan Dèsa Kalitengah.[3] Jembatan Kali Klatak menika dipunbangun taun 1972 ingkang pimpinanipun Bupati Sanusi Prawiro Dihardjo. Taun 2017, Pemkab Blitar renovasi jembatan menika kanthi dana Rp 2 Milyar langkun 100 juta. Kanthi Jembatan Kali Klatak menika, Handoko gadhah pangarèp, yèn rampungipun bangun Jembatan Kali Klatak bisa ningkataken jumlah pengunjung ingkang badhè wonten ing Pantai Serang, saengga èkonominipun masyarakat Serang menika sagéd meningkat.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Irawati, Dahlia (2018-07-13). "Dwi Handoko, "Banteng" dari Blitar Selatan". Kompas. Dibukak ing 2019-10-04.[pranala mati permanèn]
- ↑ "Seorang Kades, Tokoh Desa di Blitar yang Menginspirasi Warganya". suluhdesa.com. 2019-03-31. Diarsip saka sing asli ing 2019-10-11. Dibukak ing 2019-10-11.
- ↑ faishol, anas (2018-02-13). "RESMIKAN JEMBATAN KALI KLATAK BUPATI BLITAR BERHARAP KUNJUNGAN WISATA KE PANTAI SERANG MENINGKAT". website resmi kabupaten Blitar. Diarsip saka sing asli ing 2019-10-11. Dibukak ing 2019-10-11.