Dudi Krisnadi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Dudi Krisnadi, yaiku petani herbal kang lair ing Pangandaran tanggal 15 Maret 1969. Dudi Krisnadi iku Sarjana Agronomi, Fakulltas Pertanian Universitas Siliwangi, Tasikmalaya.[1] Nduwéni garwa kang jenege Titik Marwiyah. Dudi Krisnadi nduweni kagiyatan kanggo mbiyantu masyarakat ing desa iku. Kagiyatan iku yaiku bareng-bareng budidayakakè tandhuran Moringa.

Pamikiran[besut | besut sumber]

Dudi ora penak amarga poyensi tiyang enom ing desane, mula kui Dudi nduwéni semangat. saka godhong kèlor, Dudi pra mung nambah asupan kanggo warga, ananging bisa mbiyantu amarga desane sing ora maju. Dudi ndèlok saka data statistik kang nyebatakè bakal ana bonus demografi ing taun 2035 kang bisa saka 70% warga ing Indonesia pas iku akèh-akèhe saka tiyang enom. mula iku, generasi kang isih enom kudu kuat, sèhat lan kudu bisa saingan karo bangsa liyane. pamikiran iku anyak taun 2005 pas Dudi dadi pemerhati lan pemberdaya warga desa pinggir hutan. pas iku, Dudi mèlu survei ing 6.000 desa-desa pinggir hutan ing Jawa lan Madura. Akèhe wargane urip prihatin, ora nduwéni lahan kang ombo, lan pilihan panganan kang sithik. Bebrayan iku nunut tani ing lahan nduwéne perhutani. Adoh saka sumber banyu kang ageng, dadosakè petani desa mung bisa nandur jagung, dele, lan sayur. Infrastruktur desa uga sithik, akses dalan sak enekè lan adoh saka puskesmas. Bebrayan iku akèh kang kurang gizi amarga ora nduwéni dhuwit. nanging masa depan iku bisa sae amarga eneke nutrisi uga panganan kang sèhat kang cedhak uga murah. Ananging bebrayan iku ora padha bisa entuk kuwi kabèh.

Kagiyatan[besut | besut sumber]

Kagiyatan kang dilakoake saiki yaiku : 1. Kang nduwéni Moringa Organik Indonesia, Blora 2. Pemerhati Bebrayan Desa Hutan 3. Kang ngedegakè Taruna Desa Hutan Indonesia 4. Kang ngedegakè Kampung Konservasi Kélor ing Ngawenombo, Blora Dudi wis tau dadi pengurus International Association Agricultura Student (IAAS) Region Asia Pasifik taun 1993-1994. Salah sawijine kagiyatan kang dilakokakè yaiku ngunggahké nutrisi saka tanduran lokal. Ana kasus keluwén ing Afrika, bebrayan ing kana bisa dislametakè saka nyebarakè produk kang bahan bakunè saka godhong kèlor (Moringa oleifera). Ana ing taun 2001, kampanye kèlor teka ing Nusa Tenggara Wetan (NTT). 15 taun suwene Dudi melu ngembangakè nandur puluhan éwu hektar tanduran kèlor. Kèlor dadi tanduran kang bisa paring pambiyantu warga ing NTT lan dhaerah liyane. “Yen ana wong sing kesurupan, biyasane bisa mari yen disabeti tanduran kèlor” jare Dudi. Dadi, ana ing lahan 3 hektar, Dudi lan pegawai liyane nyoba gawe kebon kèlor. Wiwitane, warga ora ngentukakè. Warga ing pinggire kebon nesu lan ngekon Dudi lunga saka kana. Tau, tanduran kèlor kang wis mekar iku dijabuti. Jebulè tanduran kèlor iku dianggep mistis lan dadi nggusah setan. Saiki, Dudi diewaki kanca-kancane luwar negeri, sue-sue warga Ngawenombo bisa nerima tanduran kèlor ing desane. Saiki, tanduran kèlor wis luwih saka 70 ewu wit. Yen umure wis 2 taun, kèlor wis bisa dipanen. Yen panen, Dudi ngajak luwih saka 50 warga lan kabèh opahe sing dinggo mbayar warga kui bisa nganti Rp.60 yuta. Dudi uga mbagekakè bibit kèlor ing kabèh warga, supaya warga bisa nandur kèlor ing omahe dhewe-dhewe lan bisa dipanen kanggo dinan.

Desa Konservasi kèlor uga mbukak kasempatan kanggo tiyang umum sing kepingin sinau babagan cara ngolah kèlor. Pesertane iku bisa mandiri uga bisa kelompokan. peserta saka luwar kota biyasane disediani omah kanggo nginep (homestay). Alon-alon, kèlor uga dadi daya tarik kanggo wisata ing ndesa.Ora mung saka Indonesia, ananging uga seko luwar Indonesia, tuladhane Israel, Haiti, lan Amerika Serikat. Wong sing padha teko biyasane uga bisa mangan olahan saka kèlor sing wajib dirasakake.

Kasile Kèlor[besut | besut sumber]

Ing Laboratorium Moringa, pengolahan kèlor terus dikembangakè. Ora mung godhong kang diolah ananging uga woh lan kembang anyak dimupangati kanggo bahan kosmétik kang wujude krim, sabun, parfum, lan pomade. Ibu-ibu ing kana uga diajari kanggo gae dodol, puding, cincau, es krim, lan serbuk kèlor. Sing pinter gae dodol kèlor entuk tambahan 500-sak yuta saben sasi. Bebrayan Ngawénombo saiki bungah amarga desane saiki nduwéni peran kanggo ngingkatakè gizi kanggo bebrayan. Kèlor uga bisa ngangkat peradaban ing desa tepian hutan jati iku.

Kèlor uga bisa dadi teh. Dudi uga ngolah kèlor dadi tepung kang alus, ukurane 500 mesh. cara kanggo ngasilakè tepung alus ngono iku nganggo cara ngisep godhong moringa pas proses isih dadi godhong garing.

Kanggo pasar lokal, Dudi mayokakè produk kèlor nganggo 71 toko sing wis kasebar ana ing Indonesia. Sesasi, Dudi bisa ngadol 2 ton tepung godhong kèlor sing regane Rp.250.000 sekilone, utawa Rp.500 yuta per sasi. Tepung godhong kèlor iku dadi bahan baku sing bisa dadi teh, panganan, kapsul herbal, lan produk kosmetik.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Herusansono, Winarto (2018-04-30). "Dudi Krisnadi dan Revolusi Kelor". kompas.