Drustajumena
Raden Drustajumena utawa Drestadyumna (Trusthajumena) yaiku putrané Prabu Drupada lan rayiné Dèwi Drupadi. Raden Drustajumena mijil saka geni sesaji.
Laire Drustajumena
[besut | besut sumber]Kacarita Prabu Drupada geseng penggalihe, awit rumangsa dienggo pengewan-ewan dening Pandhita Drona, kanthi miranti para muride, yaiku para Kurawa lan Pandhawa kanggo mbedhah Pancala. Sruning runtik kaworan wirang, temah kagugah derenging karsa kepengin kagungan putra kakung kang sudibya prawireng yuda, dadi pambengkasing satru sekti.
Prabu Drupada banjur nyaraya Resi Yaja lan Upayaja supaya mujudi karsane. Resi loro mau nuli ngadani sesaji Agni. Resi sakarone maca mantram-mantram sakti karo ngesok mertega suci ing geni sesaji. Sanalika geni sesaji banjur murub mubyar, kukuse kumelun. Ora let suwe saka telenge geni sesaji mijil kenya ngagem busana kaprajuritan, nggendhong endhong isi jemparing, tangane kiwa nyekel gendhewa.
Prabu Drupada katon cuwa penggalihe, awit anak pujan iku wujud wanita. Saya mantheng panuwune marang Kang Maha Kuwasa. Ora antara suwe ana bocah lanang metu saka geni sesaji karo njerit sora. Bocah mau mawa jamang lan kere waja, nggendhong endhong isi jemparing. Tangane kiwa nyekel langkap (gendhewa), tangane tengen nyekel pedhang ligan.
Kenya mau kaparingan tetenger Dewi Wara Srikandhi, dene bocah lanang mau kaparingan kekasih Raden Trusthajumena (Drustajumena).
Nalika diwasa
[besut | besut sumber]Perang Bharatayuda
[besut | besut sumber]Diwasane, Srikandhi lan Drustajumena dadi prajurit kang pinunjul. Nalika pecah Perang Bharatayuda, kekarone mbantu pihak Pandhawa.
Kanthi dipangarsani Prabu Kresna, Pandhawa lan para gegedhuging wadyabala padha rembugan, milih senapati pitu sing siji-sijine bakal tinanggenah nindhihi wadyabala 1 aksohini. Wadyabala Pandhawa 7 aksohini iku siji-sijine aksohini ditindhihi dening senapati: 1) Raden Wrekudara, 2) Raden Janaka, 3) Dewi Wara Srikandhi, 4) Raden Drustajumena, 5) Raden Setyaki, 6) Raden Gathutkaca, 7) Raden Abimanyu. Ing antarane senapati 7 iku ana kang minangka Mahasenapati. Golonging rembug kang minangka Mahasenapatine wadyabala Pandhawa 7 aksohini yaiku Raden Drustajumena.
Drona Gugur
[besut | besut sumber]Ing dina kaping 10, Srikandhi bisa nyedani Mahasenapatine Kurawa, yaiku Mahatma Resi Wara Bisma. Dene ing dina kaping 15, Raden Drustajumena bisa nigas janggane Mahasenapatine Kurawa Pandhita Drona. Wektu iku Pandhita Drona pinuju kapidhara (ora eling, semaput) ing jrambahing kreta, amarga mireng kabar yen Aswatama mati. Raden Janaka, Raden Wrekudara, lan Prabu Puntadewa nalika didangu apa bener Aswatama mati, padha matur bener, senadyan Prabu Puntadewa anggone ngucapake "Hesti" lirih nanging "Tama" rada sora, ngestokake dhawuh piwelinge Prabu Kresna.
Mustakane Pandhita Drona kinarya onclang (diumbul-umbulake), nuli mustaka iku disawatake menyang ngarsane Prabu Duryudana.
Seda
[besut | besut sumber]Ing salebare Perang Bharatayuda, ing lakon Aswatama Nglandhak (Laire Parikesit), Raden Drustajumena genti dipateni dening Bambang Aswatama, putrane Pandhita Drona. Janggane Drustajumena ditigas nganggo Cundhamanik.
Kapethik Saking
[besut | besut sumber]Mulyantara.2019.Majalah Jaka Lodhang. Yogyakarta: Jaka Lodhang Press.