Désa Adat Panglipuran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Désa Adat Panglipuran yå iku salah sawijining obyèk wisåtå kang nduwéni têpå slirå kang dhuwur marang papan sakiwå têngêné, utåwå èkowisåtå kanthi basis rakyat. Déså Adat Panglipuran manggon ånå ing Kabupaten Bangli, kanthi jembar kurang luwih 112 hèktar lan winatês marang: Déså Adat Kubu ing sisih wètan, Désa Adat Gunakså ing sisih kidul, Tukad Sang-sang ing sisih kulon, lan Déså Adat Kayang ing sisih lor. Déså Adat Panglipuran manggon 700 mèter sandhuwuré segårå, manggon ånå ing jalur wisåtå Kintamani, adohé 5 kilomèter såkå Kutha Bangli, 45 kilomètêr såkå pusat Kutha Denpasar.

Wujud[besut | besut sumber]

Déså Adat Panglipuran nduwéni tampilan fisik kang mligi. Dalan utåmå arupå dalan cilik kang lurus lan kiwå tengené ånå ambal-ambalé. Ånå ing sisih lor dalan, ngadêg Pura Penataran kang éndah, wondéné ing sisih kidul ana kuburan lan tugu waira. Payon sekå pring, tèmbok lan angkul-angkul kang isih nganggo pola kunå kang jinèjèr ånå ing sêdawané dalan såkå lor tekan kidul kang nggambaraké råså sosial lan pola temata ing masarakat Panglipuran.[1]

Anané panemu såkå masarakat kanggo njågå papan sakiwå têngêné, mulå ora ånå uwuh ing déså iku. Kajåbå pancèn ånå larangan kanggo mbuwang uwuh sakarepé dhéwé, déså iki ugå nyawisaké papan kanggo mbuwang uwuh ing sabên sisih. Saking resiké papan iki, Déså Adat Panglipuran wis tau oleh pangaji kalpataru ing taun 2016 kepungkur.[2]

Sistêm karêsikan[besut | besut sumber]

Sabên wulan ibu-ibu kang manggon ånå ing Déså Adat Panglipuran ngolah sampah kanthi misahaké antarané uwuh organik lan uwuh anorganik. Uwuh organik diolah dadi pupuk, wondéné uwuh anorganik bakal ditabung ing bank uwuh kanthi diregani Rp200,00 sabê kilogram.

Resiking papan sakiwå têngené dijågå kanthi sistêm tanggungjawab sabên Pêngayah Arêp (anggota kråmå kang nduwéni tanggungjawab dhuwur dhéwé kanggo madêg lan ngrumat sabên åpå sing diduwéni déning déså adat), kanthi ngèmut-èmut pérangan sabên-sabên kang ditindakaké ya iku saora-orané sabên tanggal 1 lan 15 kudu ngethok sukêt, yen ora bakal kêna dhendhå manut awig-awig (undang-undang utåwå aturan kang ånå ing Déså Adat Panglipuran).

Awig-awig kasêbut minångkå landhêsan kanggo lakuné masarakat Panglipuran yaiku Tri Hitta Karana. Tri Hitta Karana ya iku:

  1. Prahyangan, ya iku gêgayutané manungså karo Gusti, antarané nemtokaké dina suci, papan suci, lan liya-liyané.
  2. Pawongan, ya iku gêgayutané manungså karo manungså, ya iku gegayutané masarakat Déså Panglipuran karo masarakat déså liyané, utåwå gegayutan karo wong kang bédå agåmå. Wujudé ya iku sistêm palakrama, organisasi, warisan, lan liya-liyané.
  3. Gêgayutané manungså karo lingkungan. Masarakat Désa Panglipuran diajari kanggo predhuli marang papan sakiwå têngêné lan tansah njågå supåyå têtêp asri.

Såkå andharan Tri Hitta iku, mênåwå ånå wong kang ora njågå papan supåyå tansah rêsik, atêgês nglanggar awig-awig kang ångkå têlu. Ukuman såkå tumindak kasêbut ya iku diwajibaké kanggo awèh sêsajèn arupå bakti pêcaruan panca sata (lima pitik) ing papat pura ya iku Pura Penataran, Pura Puseh, Pura Dalem, lan ana ing catus pata.

Ukuman adat arupå penghaturan banten pecaruan sakjané luwih nuju ukuman sosial sartå supåyå tuwuh råså isin kanthi pangarêp supåyå ora mbalèni manèh. Menåwå sanksi arupå dhuwit, masarakat bakal mikir kanthi ekonomis lan nganggêp ènthèng luput kang wis dilakoni amargå biså mbayar.

Ukuman arupå penghaturan sesajèn duwé paèdah sekala lan niskala. Sekala atêgês marang alam, lan niskala marang Ida Hyang Widi Wasa. Ukuman penghaturan banten pecaruan menåwå ånå kang mbuwang uwuh sakarepé dhéwé, digawé wiwit taun 2005, manut asiling rapat déså (paruman). Menåwå nglakoni luput kang pådhå ping akèh, mulå paukumané ora bakal owah, yå iku tetep ngaturaké banten ånå ing papat papan suci ing Désa Adat Panglipuran.[3]

Montor lan mobil ora olih mlêbu ing njêro Déså Adat Panglipuran, mulå ora ånå polusi ing déså iki. Montor lan mobil kang diduwèni masarakat déså didélèhaké ing garasi kang manggon ing mburi umah lan nduwèni jalur kang bedå.

Kanggo prakårå rokok ugå ånå aturané, yaiku kanggo wong kang kêpèngin ngrokok kudu lungå mênyang papan khusus kang disamêktakaké kanggo ngrokok.

Papan kang resik kaya déné Déså Adat Panglipuran mènèhi kêmarêman ånå ing atiné sabên wong. Mulå sing såpå wongé kêpèngin ngrasakaké marêmé ati jalaran alam kang asri, ora prêlu mikir ping loro utawané ping têlu, andang nuju mênyang Déså Adat Panglipuran minångkå déså paling rêsik sajagad.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Sudiarta, Made; Nurjana, I Wayan (2015). "Keunikan Desa Penglipuran Sebagai Pendorong Menjadi Desa Wisata Berbasis Kerakyatan". Soshum Jurnal Sosial Humaniora. Volume 4: 11. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung)
  2. Anak Agung, Andriyani (2017). "Pemberdayaan masyarakat Melalui Pembangunan Desa Wisata dan Implikasinya Terhadap Ketahanan Sosial BUdaya Wilayah (Studi di Desa Wisata Panglipuran Bali)". Volume 23(1): 1–16. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung); Cite journal requires |journal= (pitulung)
  3. Yusa, I Gede (2013). "Rekonstruksi Awig-awig Desa Pakraman di Bali Menuju Mayarakat Madani (Studi Konstusi Pada Desa Pakraman di Bali)". Konstitusi. Vol. II, No 1: 22. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung)