Démografi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Démografi nliti lan nyinau penduduk ing sawiji wilayah mligi cacah, struktur komposisi penduduk, lan perobahané[1]. Miturut Hauser lan Duncan, démografi dijarwakaké nyinau cacah, panyebaran, tèritorial lan struktur penduduk, sarta perobahan-perobahané lan sebab-sebab perobahan kuwi kang biasané timbul amarga natalitas (kalahiran), mortalitas (kapejahan), gerak tèritorial (migrasi), lan mobilitas sosial (perobahan status)[1]. Inti teges démografi ana dèné nyinau struktur lan prosès penduduk ing sawiji wewengkon. Struktur kuwi ngeliputi cacah jiwa, pasebaran, lan komposisi penduduk. Kabéh kuwi disebabké déning kalahiran, kapejahan, lan migrasi. Telung istilah mau karan prosés démografi. Èlmu dèmografi iki ora nyinaui penduduk minangka siji wong utawa individu, nanging minangka sawiji kumpulan[2]. Dadi ing kajiané iku kumpulan wong kang manggon ing sawiji wewengkon[2]. Kajian dèmografi kulina diampu déning ahli-ahli èlmu liyané mligi èlmu sosial kaya dèné antropologi sosial budaya, sosiologi, èkonomi, lan biologi. Sumber data démografi iki saka sènsus penduduk utawa sering karan cacah jiwa. Ing Indonesia, kajian èlmu iki karan Démografi Indonésia.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Mantra, Ida Bagoes (2011). Demografi Umum. Yogyakarta: Pustaka Pelajar. ISBN 979-9289-61-0. 
  2. a b Voss, Paul R. (Desember 2007). "Demography as a Spatial Social Science". Population Research and Policy Review. Vol. 26: 457–476.  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)