Chester F. Carlson

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Chester F. Carlson

Chester F. Carlson ya iku penemu mesin fotokopi.[1]Fotokopi ya iku mesin kanggo ngopi dokumen kanthi rikat.[1] Carlson lair ing Seattle, Amérika Sarékat tanggal 8 Fèbruari 1906.[1] Wong tuwané nyambut gawé dadi tukang cukur.[1] Amarga dhèwèké kagolong ékonomi ngisor, mula Carlson wis nyambut gawé nalika umuré ngancik 14 taun.[1] Kanthi ngupaya kang temenan, Carlson bisa éntuk gelar sarjana fisika kang suwéné mung rong taun.[1] Dhèwèké kuliyah ana ing Sekolah Tinggi California.[1] Sawisé rampung kuliyah, Carlson nyambut gawé kanthi gonta-ganti.[1] Pungkasan, nalika nyambut gawé minangka analis paten ing Mallory & Co, Carlson uga nyambi kuliyah ing wayah wengi ya iku ing fakultas hukum, Sekolah Tinggi New York.[1] Sawisé nyandhang gelar sarjana hukum, dhèwèké kapilih dadi Manager Departemen paten ing Mallory.[1] Nanging asile mung cukup kanggo kanggo awake dhèwèké.[1] Ing wiwitan kawinane, dhèwèké ngupaya supaya bisa nyukupi kebutuhane kulawargane.[1] Ing kono, Carlson kepéngin gawé sawijing panemon kang wigati tumrap donya lan kususe tumrap awake dhéwé.[1] Nanging dhèwèké durung bisa ngangen-angen apa kang bakal ditindakake.[1]

Nalika nyambut gawé, Carlson ngrasakake karepotan amarga karbon kanggo ngopi data ora cukup.[2] Nalika iku, dhèwèké mikir yèn piranti kanggo ngopi dokumen pacen wigati.[2] Dhèwèké banjur sinau ngenani fotografi, asil panaliten, lan asil percobaan.[2] Asile, dhèwèké bisa nemu cara kanggo ngopi dokumen kang diarani xerografi nanging akèh wong kang ora percaya ngenani manpaat piranti iku.[2] Taun 1939-1944, dhèwèké ditolak déning punjul 20 perusahaan, kaya ta IBM, GE, lan RCA.[2] Kedadeyan mau, gawé Carlson dadi aras-arasen.[2] Nanging nalika dhèwèké eling yèn panemone wigati, dhèwèké dadi semangat manèh.[2] Taun 1944, Bettelle Memorial Institute, sawijining lembaga riset nirlaba, kapéncut marang panemon mau.[2] Taun 1947, Battelle ngadakake kerjasama karo Haloid, sawijining perusahaan cilik kang ngasilaké kertas potokopi kng diarani Xerok.[2] Haloid diwènèhi hak gawé mesin-mesin potokopi kanthi prinsip xerografi.[2] Taun 1954 utawa selikur taun sawisé Carlson nemu xerografi, mesin potokopi kang canggih dijenengi 941.[2] Mesin iki duwé kaunggulan ya iku bisa ngopi data kanthi rikat lan cara gunakake mung menyet sawijining tombol.[2] Sawisé iku, fotokopine dadi misuwur.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 72]
  2. ^ a b c d e f g h i j k l [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 73]