Bloody Mary (folklor)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sawijining gambar ritual ramalan ing kertu Halloween saka wiwitan abad kaping 20 nggambaraké wong wadon mandengi pangilon ing kamar remeng saperlu ndeleng weweruhan rainé bojoné ing bésuk, déné ayang-ayangé sawijining dhukun guna-guna katon ing samburiné. Gambar iki ayaké dadi salah siji mula-bukané dongèng Bloody Mary.

Bloody Mary (cara Jawa: Mariyah Getihen) iku folklor bab lelembut, memedi, utawa dhemit sing dijaluki tulung kanggo meruhaké kadadéan tembé buri. Bloody Mary dicaritakaké yèn ngaton ana ing pangilon sawisé jenengé diceluk ping telu. Weweruhané Bloody Mary bisa katon sumanak, nanging uga bisa dursila, gumantung warna-warna caritané. Bloody Mary racaké ngaton kanthi diseksèni sakumpulan wong sing nglakoni panyeluké.

Panyeluk[besut | besut sumber]

Mungguh ing panyeluké ing kala kapungkur, para wadon enom kudu lumaku mundhur ing undhak-undhakan sinambi nyekel lilin lan pangilon tangan ing omah sing dipetengaké. Nalika para wadon mau ndeleng ana ing pangiloné, dhèwèké padha bisa weruh wujudé wong lanang sing bakal dadi bojoné ing tembé buri.[1] Nanging wong wadon mau uga bisa weruh cumplung utawa malah rainé Grim Reaper sing mratandhani yèn dhèwèké bakal mati sadurungé nglakoni omah-omah.[1][2]

Ing jaman saiki, Bloody Mary dinuga meruhi wong-wong sing nyeluk dhèwèké lumantar laku katoptromansi. Panyeluké dilakoni kanthi cara madhep pangilon lan nyebut jenengé ping bola-bali ing sawijining kamar sing remeng. Bloody Mary racaké banjur ngaton wujud mayit, dhukun guna-guna, utawa memedi. Weweruhané bisa katon sumanak utawa dursila, lan kala-kala uga katon gubras getih. Miturut sesurupan bab panyeluké mau, wong sing nyeluk bisa nandhang bilai kaya ta dibengoki, disumpahi, dicekik, dicolong sukmané, diombe getihé,[3] lan dijupuk mripaté déning Bloody Mary.[4] Dongèng modhèren jeneng Hanako-san ing Jepang uga gegayutan raket karo mitologi Bloody Mary.

Ing carita anyaran bab Bloody Mary lan bayiné, memedi iki sok dicocog-cocogaké karo Rani Mary I saka Inggris sing uga diparabi "Bloody Mary" amarga sang rani bola-bali kaluron[5] lan tau nindakaké owah-owahan bab agama sing ala.[6]

Wedharan bab fénoménahé[besut | besut sumber]

Mandengi pangilon ing kamar sing remeng ing dalem wektu sing suwé bisa njalari tontonen (halusinasi).[7] Rai sing katon ing pangilon bisa prasasat "ajur", rusak, ilang, utawa kuwalik, déné weweruhan liyané kaya ta kéwan utawa rai-rai anèh uga bisa prasasat ngaton. Giovanni Caputo nulis yèn fénoménah iki diarani "ilusi rai anèh" (strange-face illusion) lan dinuga minangka temahané "éfèk idhèntitas dhisosiatif", sing njalari sistem pangenal rai ing utek mandheg tanpa sebab sing terang dingertèni.[7] Wedharan sing mungkin liyané bab fénoménah iki kaya ta ilusi sing sapérangan gegayutan karo éfèk persèptual leliripan Troxler,[7][8] lan ayaké uga swahipnosis.

Ing budaya populèr[besut | besut sumber]

Dongèng Bloody Mary mono minangka inspirasiné sawenèh filem, gelaran télévisi, lan gim vidhio sing ana gèndhèng cènèngé karo jagating lelembut.[5]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. a b Ellis, Bill (2004). Lucifer Ascending: The Occult in Folklore and Popular Culture. University of Kentucky Press. ISBN 0-8131-2289-9.
  2. Hutton, Ronald (2001). Stations of the Sun: A History of the Ritual Year in Britain. Oxford University Press. ISBN 0-19-285448-8.
  3. Bloody Mary at Urban Legends
  4. "Bloody Mary Legend". halloween-website.com. Dibukak ing 2017-11-02.
  5. a b "Urban Legends Reference Pages: Bloody Mary". Snopes.
  6. Loades, pp. 207–208; Waller, p. 65; Whitelock, p. 198
  7. a b c Caputo, Giovanni B (2010). "Strange-face-in-the-mirror illusion". Perception Magazine. Pion. 39 (7): 1007–1008. doi:10.1068/p6466. PMID 20842976. Dibukak ing October 18, 2012.
  8. Inglis-Arkell, Esther. "An Optical Illusion that Explains the Origins of Imaginary Monsters". io9 (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2017-11-02.