Berjanjen

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gambar Para Santri Berjanjen

Berjanjen ya iku salah sawijining kesenian kang gegayutan karo agama Islam. Kesenian iki minangka sarana dhakwah.[1] Saiki cacahé masarakat Jawa kang mèlu kesenian wis suda.[2] Sanajan suda, nanging isih tetep dilestarèkaké kususe umat Islam ing tlatah Yogyakarta. Maca berjanjen kagolong prilaku apik lan bisa èntuk ganjaran amarga isiné nyritakaké kateladhanan lan lakuning Muhammad. Berjanjen lumrahé ditindakaké nalika bayi umuré 7 dina, selapan lan nalika acara aqiqah kanthi nyembelih wedhus. Nalika mèngeti klairan bayi, isi sairé ya iku pangarep-arep supaya dadi anak kang migunani marang agama, nusa lan bangsa.[3] Kesenian berjanjen asipat dinamis amarga bisa selaras karo kaanan jaman nanging unsur kang kudu wutuh ya iku kitab berjanjèn. Kitab berjanjèn isiné ngenani budhi pakertèning kanjeng nabi kaya ta ajaran akhlak, ngibadah, lan amaliyah.[4]

cathetan Suku[besut | besut sumber]

  1. Munawaroh, Siti. ‘’ Tradisi Pembacaan Berjanji bagi Umat Islam’’. Vol. II. No. 3, Juni 2007. (Yogyakarta: Balai Pelestarian Sajarah dan Aji Tradisional), hal. 177
  2. Kuntowijaya, dkk. Téma Islam dalam Pertunjukan Rakyat Jawa; Kajian Aspek Sosial, Keagamaan, dan Kesenian. (Yogyakarta: Proyek Penelitian Kebudayaan Nusantara (Javanologi) Depdikbud, 1986/1987), hal. 12-13.
  3. Susilantini, Endah. Serat Dzikir maulud: Kajian Aspek Keagamaan dan Tradisi Masarakat. Naskah belum diterbitkan. (Yogyakarta: Balai kajian dan Aji Tradisional Yogyakarta, 2006), hal 6
  4. Susilantini, Endah. Serat Dzikir maulud: Kajian Aspek Keagamaan dan Tradisi Masarakat. Naskah belum diterbitkan. (Yogyakarta: Balai kajian dan Aji Tradisional Yogyakarta, 2006), hal 40