Beksan Rapa'i Gèlèng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Jogèd Rapa'i Geleng, salah sawijining kesenian saking Acèh

Jogèd Rapa'i Gèlèng inggih punika salah satunggaling piranti tabuh seni saking Acèh. Rapa'i kapérang dados manéka jinis permainan, "rapa'i geleng" salah satunggalipun. Rapa'i Geleng dipunkembangaken déning sawijining tiyang (anonim) ing Acèh Selatan. Permainan Rapa'i Geleng ugi dipundhérékaken obahan jogèd ingkang dados pralambang sikap keseragaman babagan kerjasama, kebersamaan, lan kekompakan wonten ing lingkungan masarakat. Jogèd punika ngekspresikaken dinamisasi masarakat wonten ing syair (lagu-lagu) ingkang dipunsekaraken, busana lan gerak dhasar saking unsur jogèd Meuseukat.[1]

Fungsi saking jogèd punika inggih punika syiar agama, nanemaken aji aji moral dhumateng masarakat, lan ugi ngandharaken babagan kados pundi gesang ing masarakat sosial. Rapa'i geleng pisanan dipunkembangaken nalika taun 1965 ing Acèh Selatan. Nalika iku jogèd Rapa'i Geleng dipunbektakaken nalika ngisi kekosongan wekdal nalika santri ingkang jenuh sabibaripun sinau. Lajeng, jogèd punika dipundadosaken sarana kanggé dakwah amargi gadhah daya tarik kanggé penonton mirsani.[2]

Jinis jogèd punika dipunmaksudaken kanggé tiyang kakung. Biasanipun ingkang mainaken jogèd punika wonten 12 tiyang kakung ingkang sampun kalatih. Syair ingkang dipunbektakaken inggih punika sosialisasi dhumateng masarakat babagan kados pundi gesang ing masarakat, agama lan solidaritas ingkang dipunjunjung inggil.[2] Jogèd Rapai Geleng wonten 3 babak, inggih punika: 1. Saleum (Salam) 2. Kisah (wonten kisah rasul, nabi, raja, lan ajaran agama) 3. Lani (panutup) Nama rapa'i dipunadopsi saking nama Syaikh Rifa'i inggih punika tiyang ingkang pisanan ngembangaken piranti musik pukul punika. Syair ingkang dipunbketakaken gumantung kaliyan syahi. Dumugi sapunika syair-syair punika kathah ingkang dipundamel énggal nanging tetep ing fungsinipun inggih punika berdakwah.[3] Tuladha: Rapai-i Geleng; Pesen Perlawanan ing Jogèd Acèh

Alhamdulilah pujoe keu Tuhan
Nyang peujeuet alam langet ngon donya
Teuma seulaweuet ateueh janjongan
Pang ulee alam rasul ambiya
Sedaya Puji dhumateng Tuhan
ingkang sampun nyiptakaken langit lan dunya
selawat saha salam dhumateng junjungan
penghulu alam Rasul Ambiya)
Nanggroe Acèh nyoe teumpat lon lahe
Bak ujong pasisir pulo Sumatra
Dilee baroe kon lam jaroe kaphe
Jinoe hana le aman seuntosa
Daerah Acèh punika papan lairku
Ing pucuk pasisir pulo Sumatera
Rumiyin wonten ing tanganipun kafir
Sapunika sampun aman lan sentosa[3]

Kostum ingkang dipunagem awerni cemeng kuning, pun campu kaliyan manik-manik abrit, sesarengan ngeprak panggung kanthi lenggah simpuh. Gerakanipun dipundherekaken tabuhan rapa'i ingkang berirama satunggal-satunggal, alon, dangu lajeng éwah dados rikat dipuniringi kanthi gerak badan ingkang taksih kanthi posisi lenggah simpuh, meliuk mangirinng lan mengnengen. Gerakan rikat saya dangu saya rikat.[2]

Dhasaripun, ritme gerak ing jogèd rapai geleng namung wonten sekawan tataran; alon, rikat, rikat sanget, lan mendel. Sekawan tataran gerak mau minangka miniatur karakteristik masarakat ingkang mapan ing posisi paling ujung pulo Sumatera, berisikan pesen-pesen pola perlawanan tumrap sadaya wujud penyerangan ing eksistensi pagesangan Agama, pulitik, sosial lan budayanipun.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  • Akmal M.Roem, Mandis-M Andi, Sabri Kasturi-Arie, Anton Sabang, Mandis.
  1. Rapa'i Geleng
  2. a b c [1]
  3. a b c [2]