Beksan Merak
Tari Merak ya iku salah sawijining kagunan kang ana ing Jawa Kulon.[1] Tari merak iki salah sawijining tuladha tari kréasi anyar kang lair ing Pasundan. Tari iki diripta dening Tjeje Soemantri ing taun 1950-an. Tari merak iku gambaraké solahé manuk merak kang éndah lan sumringah.
Sejarah
[besut | besut sumber]Tari Merak wiwitané diripta déning koréografer sing asmané Tjeje Soemantri ing taun 1950-an. Tjeje banjur ngowahi komposisi tari ing taun 1955. Nalika iku, busana Tari Merak isih sarwa kuna lan gerakané isih durung gambaraké manuk merak. Sabanjuré, ana ing taun 1965 digawé koréografi anyar kang diarani Tari Merak Pusbitari. Koréografi anyar iki diripta déning koréografer kang asmane Dra. Irawati Durban Arjon. Koréografi mau diowahi maneh déning Irawati ing taun 1985. Tari Merak Pusbitari beda karo cikal bakalé Tari Merak kang diripta déning Tjeje Soemantri, tari iki gerakané luwih dinamis tinimbang Tari Merak sadurungé. Sabanjuré Tari Merak iki diwulangaké marang Romanita Santoso ing taun 1993. Tari Merak Pusbitasari iki sing nganti saiki isih akèh dipagelaraké.
Surasa Tari
[besut | besut sumber]Tari Merak iku gambarake solahe manuk merak kang duwèni kaéndahan wulu ing buntuté. Sejatine kang ginambar ana ing sajroning Tari Merak iku dudu merak wadon, ananging merak lanang.[2] Merak lanang iku duwèni wulu buntut kang éndah lan menawa diowahaké kanthi lénggak-lénggok bisa jalari merak wadon wigati marang merak lanang. Lénggak-lénggok iku mau kang sabanjuré diwujudaké dadi tari kang diarani Tari Merak kang gambaraké kaluwesan.
Penari
[besut | besut sumber]Tari Merak ditarikaké déning wong wadon. Umumé dipéntasaké kanthi bebarengan, antarané wong 5-7 penari. Ananging uga bisa ditarikaké dhéwékan.
Gerakan
[besut | besut sumber]Badhan
[besut | besut sumber]Badhané penari kudu ajeg utawa siyaga, pundhak ora olèh ditarik mengarep nanging rada ditarik memburi.[3] Nalika condong lan doyong uga kudu ajeg.
Pundhak
[besut | besut sumber]Pundhak penari diputer, gerak iki bisa dilakokaké mengarep utawa memburi kanthi alus, cepet, diangkat bebarengan utawa siji boko siji, lan pundhak kang diangkat siji boko siji kudu kanthi kuwat.
Tangan
[besut | besut sumber]- Nangreu, ya iku tangané jejeg kanthi driji madhep dhuwur.
- Képlék, ya iku nangreu nanging madhep ngisor.
- Rumbay, ya iku dlamakan tangan mudhun madhep manjero lan driji mangisor.
- Nyentrik, ya iku tangan nangreu lan jempol tangan kloron digathukaké.
- Capit soder, ya iku soder dicapit antarané driji telunjuk lan driji tengah.
- Baplang, ya iku tangan loro-lorone menthang jèjèr dhadha, tangan nangreu.
Sikil
[besut | besut sumber]Sikil penari gerakané ana rengkuh, ajeg, jinjit, lan nilitik
Kagunaan
[besut | besut sumber]Ana ing dhaérah Priangan, Tari Merak asring digunakaké kanggo hiburan ana ing adicara mantu. Tari Merak uga asring kanggo adicara resmi pamaréntah utawa suguhan kanggo tamu agung. Tari Merak iki dipentasaké sepisanan ana ing adicara Konferensi Asia Afrika taun 1995 lan taun 1958.[4]
Busana
[besut | besut sumber]Klambi werna-warni
[besut | besut sumber]Tari Merak duwèni busana kang éndah. Kaéndahan kuwi mau mujudake wulu buntut merak kang manéka warna. Busana kang digunakaké ya iku kemben, asringé warna ijo motif emas. Busana kang digunakaké duwèni corak kang mèmper wulu merak kanthi warna kang éndah, tuladhane abang, kuning, utawa ijo. Busana mau dijangkepi nganggo seléndhang werna-warni kang dijangkepi payèt-payèt kang nambah kaéndahané.
Mahkota
[besut | besut sumber]Busana Tari Merak uga dijangkepi nganggo mahkota kang mujudaké sirah merak. Mahkota kuwi mau uga diarani Siger. Wujudé kaya merak kang lagi angrem endhog. Mahkota kuwi digawé saka logam alumunium kang di brom kaya emas.
Swiwi/Sampur
[besut | besut sumber]Penari uga nganggo busana utawa sampur manéka warna saèmper swiwi merak kang dinggo ana mburi awaké penari. Sampur kang dianggo déning penari Tari Merak ya iku awujud seléndhang tipis kang dijangkepi motif lan payet werna-warni. Pucukané swiwi mau ditemplèkaké ana ing pucukan driji penari, saéngga nalika tangané penari mau menthang bisa katon kaya merak temenan.
Garuda Mungkur
[besut | besut sumber]Garuda mungkur ya iku salah sawijining hiasan jangkepané mahkota kang wujudé saèmper sirah manuk merak.
Sesuping
[besut | besut sumber]Sesuping ya iku hiasan kuping penari.[5]
Apok
[besut | besut sumber]Apok ya iku kain kang digunakaké ana ing ngisor gulu lan nutupi dhadha penari.
Sabuk
[besut | besut sumber]Sabuk ya iku kain kang digunakaké minangka sabuk utawa iket ana ing weteng, ancase kanggo ngencengaké busana.
Gelang
[besut | besut sumber]Gelang ya iku hiasan kang digunakaké ana ing tangan, wujudé bunder manéka warna.
Rok
[besut | besut sumber]Rok ya iku busana kang dianggo déning penari kanggo ngisoran, awujud kain kang duwèni motif lan warna kaya merak.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Litbang Kompas (2010-08-20). "Kompas". Kompas. Dibukak ing 2019-05-07.
- ↑ Divisi Humas Lises Unpad (2018). "Lises Unpad". Diarsip saka sing asli ing 2019-05-15. Dibukak ing 2019-05-07.
- ↑ Mulyani, Ai. "Kreativitas Irawati Durban dalam Tari Sunda Gaya Tjetje Somantri". Jurnal Ilmiah Seni Makalangan: 18.
- ↑ Tobing, Sorta; Siswadi, Anwar (2018-04-13). "Beritagar". Diarsip saka sing asli ing 2021-10-21. Dibukak ing 2019-05-15.
- ↑ "Sahabatnesia". 2019. Diarsip saka sing asli ing 2020-12-02. Dibukak ing 2019-05-15.