Menyang kontèn

Bedhaya Duradasih

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Bedhaya Duradasih (carakan: ꦧꦼꦝꦪꦢ꧀ꦱꦸꦫꦢꦱꦶꦃ) inggih punika yasanipun Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Anom Rajaputra Naréndra Mataram ingkang salajengipun jumeneng nata dados Sahandhap Dalem Sampéyan Dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana Sénapati ing Alaga Abdurrahman Sayidin Panatagama Khalifatullah Ingkang Jumeneng kaping Sakawan ing Nagari Surakarta Hadiningrat (PB IV)

Bedhaya Duradasih
Kang yasaPakubuwana IV
Taun1700 AJ
AsalSurakarta, Indonesia

Nama Bedhaya Duradasih kapethik saking tembung "dura" ingkang tegesipun Madura lan "asih" ingkang tegesipun raos tresna asih. Nanging wonten ugi ingkang napsiraken dados impen ingkang gadhah nyawa[1], impen ingkang saged diwujudaken dados kanyatan.

Beksan punika dados gegambaranig cariyos asmara antawisipun Adipati Anom kalawan Raden Ajeng Handayawati, putranipun Adipati Cakraningrat saking Madura. Raos tresnaning Adipati Anom wiwitipun boten katampi dening Raden Ajeng Handayawati amargi dèrèng yakin marang raos tresnaning Sang Adipati, ananging lumantar kateguhaning raos mula saged katampi dening sang putri. Beksan Bedhaya Duradasih punika dados wujud raos gandrung, tresna, kapang, memeng sang Adipati Anom marang ingkang kinasih. Saking cariyos asmara punika wau inggih karipta beksan Bedhaya Duradasih ingkang dados pawujudan rasa sukacitaning Sang Adipati Anom ingkang sampun katampi dening ingkang kinasih.[2][3]

Bedhaya punika sami kaliyan bedhaya sanes ing Kadaton Surakarta dipunsugataken mawi 9 pambeksa putri. Manawi wetah pasugatan bedhaya punika dumugi kirang langkung 60 menit, nanging manawi jugag namung 15 menit.

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. ↑ "Leksikon". Sastra Jawa (ing basa Jawa). Dibukak ing 2024-09-04.
  2. ↑ "Pusaka - Beksan Bedhaya Duradasih". www.kratonsurakarta.com. Diarsip saka sing asli ing 2025-02-14. Dibukak ing 2024-09-04.
  3. ↑ ISI Surakarta Official (2023-05-01), Hari Tari Dunia 2023 - Bedhaya Duradasih Keraton Kasunanan Surakarta, dibukak ing 2024-09-04