Menyang kontèn

Bathik pasisiran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Bathik Pasisiran (carakan:ꦧꦛꦶꦏ꧀ꦥꦱꦶꦱꦶꦫꦤ꧀) utawa uga diarani bathik panté yaiku salah sijining jinis bathik kang wujud lan ngrembaka ana ing laladan pasisir utamané ing Pante Lor Pulo Jawa kaya ta Pekalongan, Cirebon, Indramayu, Lasem lan uga ing Pulo Medura. Motip, corak, lan werna kang ana ing bathik pasisiran iki asumber saka kahanan ngalam tlatah pasisir lan béda karo jinis bathik sing wujud lan ana ing laladan pedhalaman kaya déné bathik kratonan ing Vorstenlanden: Surakarta lan Ngayogyakarta.[1]

Bathik Buketan Pekalongan

Titikan Bathik Pasisiran

[besut | besut sumber]

Bathik pasisran nduwèni reragam corak, motip, lan werna kang luwih akèh tinimbang bathik kratonan. Reragam kang akeh iki jalaran kalungguhan bathik pasisiran luwih luwes tinimbang bathik kang ana ing sajeroning keraton. Yen bathik kratonan iku ana kang diarani bathik larangan (motip bathik kang amung oleh dinggo tumrap ratu, sentana, lan priyayi keraton), kosok baliné ing pasisir sapa baé bisa nganggo lan nduwèni kabèh motip kang wujud ing bathik pasisiran senadyan kadhang kala ana motip kang asumber saka motip kratonan. Masarakat kang nganggo bathik pasisiran iku masarakat kang luwih égalitèr tinimbang masarakat pedhalaman kang isih ana ing sajeroning undha usuk (hirarki) pranatan féodhal; isih ana kawula cilik, priyayi, lan ratu.[2]

Ing bababan warna kang dinggo ing bathik pasisiran uga luwih crah lan ramé tinimbang bathik kratonan; werna abang, biru, kuning, ijo, ireng, wungu, putih, soklat kabèh bisa katemu ana ing bathik pasisiran. Kosok baliné bathik kratonan condhong nganggo werna soklat lan putih kadhang kala ana biru, ijo, lan werna liya nanging amung sethithik.[3] Kombinasi werna ing bathik pasisiran nuduhaké rasa gebyar, ramé, lan anget déné ing bathik kratonan nuduhaké rasa agung, mrebawani, lan rasmi.[2]

Banjur, ing babagan motip utawa corak, bathik pasisiran mesthi asumber saka kahanan ngalam pasiisir kaya segara, panté, méga, gunung, tetuwuhan ing pasisir: klapa, latuh, suket, lan liya-liyané. Bathik pasisir uga akèh narima unsur saka budaya manca kaya Cina, Arab, Medura, Melayu, kadhang kala Eropah.[4] Mula ing jaman dhisik bathik pasisir iki ora amung katuju kanggo wong Jawa nanging uga kerep dinggo wong Cina, Melayu, Medura, lan Eropa ing bumi Nèderlan Indiya.[4]

Bathik kang akèh ana unsur Cina salah sawijiné yaiku bathik Lasem.[5]. Bathik Lasem akèh narima saka budaya Cina jalaran akèhé para bangsa Cina kang manggon, nlakoni interaksi, lan anggawé prodhuksi bathik ing Lasem.[6] Bathik Lasem nduwèni titikan nganggo werna abang lombok lan akèh nganggo gegambar budaya Cina, iki ndadekaké corak bathik Lasem béda tinimbang bathik pasisiran liyané.[7]

Banjur, bathik Semarangan akèh nganggo warna abang, biru, jingga, lan ungu. Motif bathik Semarangan akèg nganggo unsur alam kaya kewan: iiwak, kupu, merak, lan naga.[8] Naging bathik Semarangan uga kerep nganggo werna abang, ireng, lkan soklat senadyan tetep béda karo tetep béda karo barhik kratonan.[9] Kadhang kala ana bathik Semarangan kang nggambaraké Dewi Hsi Wang Mu, manuk phoenix, lan wit persik; motip iki ateges kabagyan, kaèndahan, lan kamulyan. Corak bathik Semarangan uga akeh narima unsur budaya Cina.[10]

Motif bathik pekalongan kathah dipengaruhi saka maneka bangsa kayatan Cina, Walanda, India, Melayu lan Jepang kang wis saka jaman biyen wis mewarnai dinamika motif lan tata warna seni bathik. Piro piro motif kayatan jlamprang dilhami saka négéri India lan Arab, bathik Encim lan Klengénan dipengaruhi peranakan Cina, bathik Walanda, bathik Isuk Soré lan bathik Hokokai.[11]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Media, Kompas Cyber (2022-04-27). "Batik Pesisir: Sejarah, Ciri-ciri, dan Motif". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-02.
  2. 1 2 "Mengenal Perbedaan Batik Pedalaman dan Pesisir". Tempo (ing basa Indonesia). 15 Oktober 2022 | 18.08 WIB. Dibukak ing 2025-12-02. {{cite web}}: Check date values in: |date= (pitulung)
  3. Ambar, Putri (2024-12-14). "4 Perbedaan Batik Klasik dan Batik Pesisir, Jangan Keliru!". IDN Times (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-02.
  4. 1 2 antaranews.com (2025-02-16). "Menilik batik Pesisiran Pantai Utara Jawa dan Kebaya Peranakan". Antara News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-02.
  5. "Batik Lasem Akulturasi Budaya Jawa dan Tiongkok – Pemerintah Kabupaten Rembang" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-02.
  6. "Batik Lasem, Akulturasi Budaya Tiongkok-Jawa" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-12-02.
  7. "[Javanologi Explore] Batik Jawa: Batik Lasem | PUI JAVANOLOGI" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-02.
  8. Wardani, Agustin Tri. "Mengenal Batik Khas Semarang: Sejarah hingga Motifnya". detikjateng (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-02.[pranala mati permanèn]
  9. Wardani, Agustin Tri. "Mengenal Batik Khas Semarang: Sejarah hingga Motifnya". detikjateng (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-02.[pranala mati permanèn]
  10. author (2025-03-09). "Romansa Kampung Batik Semarang". Republika.id. Dibukak ing 2025-12-02. {{cite web}}: |last= has generic name (pitulung)
  11. Wahyuningsih, Diyah (2014). Sejarah Batik Jawa Tengah. Badan Arsip dan Perputakaan Provinsi Jawa Tengah.